Joko Bodho | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Joko Bodho Reviewed by maztrie on 2:47 AM Rating: 4,5

Joko Bodho

Saben dina Joko Bodho gaweane angon kebo. Marga wong tuwane sing klebu wong sugih kuwi wis jengkel marang Joko Bodho.
Ora liya angger didhawuhi sekolah bapake ora tau mangkat. Jare penak angon kebo. Kajaba bisa numpak kebo, dheweke bisa turu ana ngisor wit sing edhum, nalika kebo-kebo mau padha mangan suket ing pangonan. Nanging beda karo kancane jeneng Joko Wasis. Joko Wasis nadyan anake wong kesrakat seneng sekolah. Nadyan paribasane kanggo tuku buku lan seragam sekolah diutang-utangke.
“Kowe ora isin karo kancamu jeneng Joko Wasis kae. Dheweke anake wong mlarat, nanging gelem sekolah. Ngertiya, yen kowe bodho kowe bakal rugi, getun keduwung mbesuke,” mengkono ature bapake Joko Bodho ora bosen-bosen tetep ngandhani.
“Yen aku pilih bodho ning sugih, Pak,” wangsulane Joko Bodho karo plonga-plongo. Bapake mangkel banget krungu wangsulane anake kaya mengkono.
“Ngendi ana, wong bodho sugih, Le?!”
“Kae, juragan genjik, Pak Bodro. Ora ngerti maca lan tulis sugihe jamak. Omahe tingkat, mobile papat, sawahe ora mekakat dhuwite sak ngarat-arat,” wangsulane Joko Bodho malah ndunung-ndunungke.
Krungu wangulane anake kang kaya mengkono mau, bapake mung gedheg-gedheg. Ing mangka ora mung bapake, ibune barang sasat jelih-jelih ngandhani supaya Joko Bodho gelem sekolah, nanging tetep wae panggah. Malah bapak lan ibune tau duwe gagasan ngundhang guru privat kareben mulang Joko Bodho ijen neng omahe, nanging Joko Bodho panggah mberet ora gelem, malah ngancam arep ninggalke omah yen dipeksa karo bapak lan ibune.
Ing sawijining dina, ing dina Minggu, Joko Wasis melu angon karo Joko Bodho ing lapang pangonan. Karo nunggang kebo, Joko Wasis sinau maca. Malah dheweke etung-etung nganti tekan sewu. Malah ora mung etung-etung nganti tekan sewu, Joko Wasis wis ngerti piye carane mara angka.
“Kowe ngerti satus dipara papat?” pitakone Joko Wasis. Joko Bodho mung gedhak-gedhek.
“Kowe pingin ngerti carane?” Joko Wasis nambahi pitakone marang Joko Bodho. Joko Wasis enggal mudhun saka dhuwur kebo terus marahi kancane kuwi ana ing buku. Nadyan wis diterangake kanthi gamblang, tetep wae durung mudheng. Malah Joko Wasis menehi conto sing paling gampang.
“Sak iki conto sing gampang. Kebo 10 dipara utawa didum wong loro kebagian pira?” kandhane Joko Wasis njelaske karo nuduhake etungake driji supaya gampang. Joko Bodho tetep wae rumangsa kangelan. Joko Wasis angel anggone ngajari supaya gampang ngerti.
“Sakiki kowe bisa etung-etung ora?”
“Yen mung etung-etung aku bisa, siji tekan selawe. Nah, saiki tak etunge cacahe kebo sing tak angon iki ya. Siji, loro, telu...,” Joko Bodho lancar ngetung cacah kebo sing diangon pancen jumlahe selawe.
Ora krasa wektu surup wis tumapak. Joko Bodho wiwit nggiring kebone menyang kandhang. Bocah loro kekancan angon mau enggal mulih. Joko Wasis isih ngetutake melu ngandhangake kebo marang kandhange. Bareng kabeh wis mlebu ing kandhang, Joko Bodho lungguh ana salah sijine kebo sing dadi klangenane. Joko Bodho nuli ngetung jumlahe kebo wis ganep selawe apa durung. Angger tekan patlikur etungane Joko Bodho mandheg, ateges kebone ilang siji. Sanajan dibolan-baleni, tetep wae jumlahe kebo ing kandhang tetep wae patlikur.
“Bok coba tak etunge,” Joko Wasis nyelani banjur nuli ngetung kebo ing kandhang. Bener, jumlahe selawe.
“Genah wis genep selawe ngono,” omonge Joko Wasis. Joko Bodho mbaleni ngetung, ning anehe tetep wae jumlahe patlikur. Joko Bodho nganti judheg.
“Kowe ngerti salahmu?” pitakone Joko Wasis karo ngguyu klecam-klecem. Sing ditakoni mung gedheg.
“Ngertia, kebo sing mbok tunggangi rak ora bok etung, dadi jumlahe tetep wae patlikur. Coba, saiki etungen saka kebo sing mbok tunggangi, mesthi jumlahe selawe,” kandhane Joko Wasis. Joko Bodho miwiti ngetung saka kebo sing ditunggangi. Pranyata bener, Joko Bodho plong lan ora bakal didukani wong tuwane marga kebone ora sida ilang.
“Iya ya, jebul kowe pinter aku bodho,” kandhane Joko Bodho isin.
“Mulane, kowe gelem sekolah karo aku, ben ora bodho. Lan kowe ben ora diarani Joko Bodho. Gelem ya, sekolah, ben ora bodho?” pambujuke Joko Wasis. Joko Bodho manthuk rada isin.
Source