Ing Jawa oposisi ateges mbalela | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ing Jawa oposisi ateges mbalela Reviewed by maztrie on 6:01 PM Rating: 4,5

Ing Jawa oposisi ateges mbalela

Iki crita ing jejer Wayang Kampung Sebelah nalika dibabar ing Balai Seodjatmoko Solo dening dhalang Ki Jlitheng Suparman, dina Minggu (18/10). Petruk nagih janjine para raja sing jare arep ngupaya murih kabeh kawula urip raharja.
Nalika kasil nemoni Prabu Kresna, Prabu Yudhistira lan raja-raja liyane, Petruk nampa janji maneh lamun para raja kuwi nembe rembugan lan ngracik rekadaya murih rakyat bisa raharja uripe.
Petruk dijaluk supaya sabar ngenteni rampunge rembugan. Wusana, janji ya mung janji, ora ana sing kasembadan. Petruk sing kuciwa tetep nyimpen pangarep-arep bakal kasembadane janjine para panguwasa kuwi. Nganti ngliwati jaman sing tansah owah, Petruk ora leren anggone nagih janji.
Nalika tekan ing jaman modheren, Petruk arep nagih janji bakal raharjane rakyat marang presiden. Nanging ditulak jalaran presiden akeh gaweyan lan Petruk mono mung kalangan pidak pedarakan sing ora patut nemoni presiden. Nalika arep nemoni gubernur antuk pawangsulan mangkono uga. Lan nalika arep nemoni bupati/walikota jare kudu ngaturake proposal telung sasi sadurunge.
Wusana Petruk trima nemoni lurah ing desa. Sawise ngethuprus njlentrehake karepe, yakuwi nagih janjine panguwasa sing jare arep ndadekake raharjane kabeh rakyat, lurah sing disowani Petruk mung mangsuli yen kabeh pangudarasa lan panggresulane Petruk bakal di-tampung. Bar kuwi, tancep kayon.
Jejer ing lakon Petruk Nagih Janji kuwi, miturut budayawan GP Sindhunata SJ utawa Rama Sindhu, nggambarake kahanan jagad politik ing negara iki. Jagad politik sing jare wus ngecakake demokrasi kuwi kanyata isih ngiwakake hak-hake rakyat. Panguwasa isih tetep rumangsa dadi sing nemtokake sakabehe, kayadene raja lan ratu jaman biyen. Dene rakyat kudu manut marang karepe panguwasa.
Nalika rakyat nagih janjine panguwasa, ya mung wates dirungokake, di-tampung, bar kuwi rakyat ya tetep mung kudu cekelan pangarep-arep sing kerep-kerepe tangeh lamun kawujud. Yen ta ana rakyat sing wani ngelikake panguwasa sing sikepe mangkono kuwi, dadi oposisi, bakal dicap mbalela. Sakorane bakal disingkirake saka pasrawungan bebrayan agung ing wewengkon politik lan kawicaksanan negara.
Rumah Merdeka
Budayawan kang uga seniman Suprapto Suryodarmo mbiji lamun demokrasi sing dicakake ing negara iki pancen durung wutuh. Titikane sing aran sikep oposisi isih kabiji minangka pinggiran, ala, ora mikolehi, ora mbatheni, kepara dianggep nglalu.
Hamula ing wewengkon politik negara iki sikep oposisi kuwi ya mung wates ing pocapan. Mbokmenawa iki jalaran para panguwasa kuwi isih kaperbawan dening panguwasa jaman biyen, mligine panguwasa sing lair saka kabudayan Jawa. Yen naliti sujarah panguwasa Jawa pancen ora ana sing aran oposisi kuwi. Yen ta ana sing wani dadi oposisi mesthi bakal dicap ngraman, mbalela, lan wusana ditumpes, piterange Suprapto, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Minggu (25/10) ing Balai Soedjatmoko Solo.
Apa pancen ing budaya Jawa ora ana oposisi? Miturut Suprapto jan-jane ana lamun gelem ndhudhah sujarah kabudayan Jawa sing ora mung apunjer karaton. Wong-wong Jawa sing urip ing tlatah pradesan wiwit jaman biyen wus ngugemi sikep demokratis lan aweh kalodhangan mirunggan tumrap oposisi. Rembug desa dadi wadhah tumrap sikep oposisi.
Apa kang dumadi ing sawijining rembug desa dadi gegambaran menawa beda panemu, beda pambiji, beda sikep, tansah diregani lan wusana dirampungi kanthi cara rembugan. Iki ceples kalawan werdine demokrasi sing tansah ngupaya ngrampungi saben perkara lelandhesan tatanan kukum lan aturan sing ana.
”Dene yen jagad politik wiwit jaman Orde Lama, Orde Baru nganti saiki iki jan-jane kaperbawan budaya panguwasa sing apunjer karaton. Hamula papan dununge presiden kuwi arane Istana Merdeka. Yen ta gelem ndhudhah budaya demokrasi lan oposisi ing pradesan, papan dununge presiden kuwi luwih trep diarani Rumah Merdeka, dudu Istana Merdeka,”tandhese Suprapto. [solopos]