Kalah lan menang aja ngamuk! | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Kalah lan menang aja ngamuk! Reviewed by maztrie on 1:49 AM Rating: 4,5

Kalah lan menang aja ngamuk!

Yen menang aja umuk, yen kalah aja ngamuk. Ukara kuwi kapetung pitutur sing nganti saiki lumrah keprungu ing madyaning bebrayan agung Jawa.
Kepara wiwit bocah bisa mlaku lan caturan wus krungu pitutur mangkono kuwi saka wong tuwane.
Tumrap para bocah, pitutur yen menang aja umuk lan yen kalah aja ngamuk kuwi umume ditrapake nalika dolanan karo kanca-kancane. Akeh dolanan tradhisional ing madyaning bebrayan agung Jawa sing nggladhi bocah supaya duwe sikep lan sipat sportif, yen kalah ya kudu ngaku kalah lan yen menang ya aja siya-siya marang sing kalah. Yen menang aja umuk lan yen kalah aja ngamuk.
Nanging pitutur sing isih kerep keprungu kuwi, ing jagad politik jaman saiki, sing katelah demokrasi, malah dikiwakake. Kamangka jagad politik sing diwadhahi ing demokrasi tansah anjog ing menang lan kalah nalika rebutan kuwasa utawa rebutan kalungguhan panguwasa.
Kepara, miturut budayawan Jawa kang uga Pangarsa Komite Museum Radyapustaka, Winarso Kalinggo, jaman saiki ing jagad politik lan kuwasa, sapa sing kalah lan sapa sing menang akeh-akehe padha-padha anggone ngamuk. Kalah ya ngamuk amarga ora trima lan ora legawa, dene sing menang ya ngamuk, yakuwi nggunakake kuwasa sing dicekel kanthi sawiyah-wiyah.
Panguwasa sing kudune ngugemi bebener lan nengenake kawula utawa rakyat malah mung wates nglumpukake bandha donya. Kuwasa sing dicekel mung wates digunakake kanggo ngudi kamulyane dhewe, kamulyane kulawargane lan kamulyane kanca-kancane.
Wusana, panguwasa sing ing alam demokrasi dipilih dening rakyat kuwi malah ”ngamuk” saklawase nyekel kuwasa. Yakuwi ngamuk njupuk kaskayane negara sing asale ya saka rakyat kanggo nuruti lan nyukupi butuhe dhewe.
Wusana ora nggumunake yen akeh politisi lan panguwasa sing dirangket dening Komisi Pemberantasan Koruspi (KPK), polisi apadene kejaksaan amarga kadenangan anggone ngamuk njupuki kaskayane negara sing kudune katumrapake rakyat.
Lan yen mindeng lakune Pemilu legislatif 2009 sing nembe wae kelakon, pitutur yen kalah aja ngamuk lan yen menang aja umuk, pancen kudu diugemi temen-temen. Ing wanci para Caleg nunggu asil petungan swara sing kasil diimpun ing Pemilu, saperangan wus ana sing bisa mesthekake bakal kapilih dadi wakil rakyat utawa ora.
Johan lan Gunawan, warga tlatah Kecamatan Cangkringan, Sleman, Yogyakarta, sawetara dina kapungkur nelakake, ana sawijining Caleg saka Parpol anyar sing nesu-nesu amarga ing desa asal leluhure mung kasil ngimpun swara cacah lima. Dheweke kalah kalawan Caleg liya sing ora ana gandheng ceneng teturun karo warga kono. Kamangka Caleg saka Parpol anyar iki ya wus ngedum dhuwit barang marang saperangan warga desa kono.
”Caleg kuwi nesu-nesu lan malah ngucap ora bakal ngidak maneh desa asal wong tuwane kuwi. Jalarane ya amarga ora kasil ngimpun swara sing murwat ing desa kuwi. Caleg kuwi uga nyebut-nyebut pangurbanane sing wus nate nglilani saperangan lemah warisan saka wong tuwane sing dikepras kanggo dalan ,” piterange kanoman loro kuwi.
Ing tlatah liya, ana Caleg sing njaluk bali karpet sing nate diwenehake marang sawijining jemaah pengajian. Jalarane, Caleg mau rumangsa gela nalika ora kabeh warga jemaah pengajian kuwi milih dheweke ing Pemilu legislatif 2009. Tumindake Caleg loro kuwi, miturut Winarso, nuduhake yen ora lila lan ora legawa nampa kanyatan dheweke kalah ing Pemilu legislatif.
Pasar lan kapitalis
Miturut Prof Dr Irwan Abdullah MA, sejarawan saka Universitas Gadjah Mada Yogyakarta, nalika hamicara ing sawijining wicarana ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, sawetara dina kapungkur, ing taun 2000-an iki jagad politik lan laku milih panguwasa ing Indonesia wus kaperbawan pasar lan kapitalis.
Kahanan iki nuwuhake kanyatan yen para politisi (Caleg) utawa calon panguwasa tansah kawengku ing sesambungan sing asipat padha bathine karo para pengusaha sugih, para konglomerat. Wusana lakuning demokrasi tansah diwernani money politics sing sansaya ngrembaka.
Saliyane kuwi, money politics uga sansaya ndadra nalika Pemilu nggunakake cakrik milih langsung para calon wakil rakyat, dudu kanthi sarana perwakilan. Swara rakyat sing duwe hak pilih mung wates didunungake minangka angka panyengkuyung sing bisa dituku. Wusana akeh Caleg sing milih andum dhuwit tinimbang na-wakake program sing nyata mehak marang kapentingan rakyat.
Lan nalika etung-etungan asil Pemilu wus bisa diwaca sapa Caleg sing kapilih sapa sing ora, baline ing perkara pira prabeya sing wus diwetokake nalika ngupaya ngimpun panyengkuyung arupa cacahing swara ing Pemilu. Caleg sing ora kapilih, amarga swara sing kasil kaimpun ora nyukupi, akeh sing gela. Yen pribadine ora apik, bisa wae dheweke ora trima marang kanyatan yen dheweke wus kalah.
Wusana ngamuk, antarane kanthi ngundamana warga sing wus didumi dhuwit, utawa malah njaluk bali samubarang sing wus diwenehake nalika ngglembuk warga supaya gelem nyengkuyung dheweke ing Pemilu. Dene sing kapilih, tetep wae metung pira ajine dhuwit lan bandha sing wus diblanjakake kanggo ngimpun swara.
Nalika wus nglungguhi jejere wakil rakyat, jejere panguwasa, sing dipikir hamung kepriye murih enggal bisa mbalekake kabeh dhuwit lan bandha sing wus diblan- jakake kuwi mau. Dadine ya tetep ngamuk, yakuwi ngamuk nglumpukake dhuwit lumantar kursi panguwasa sing dilungguhi.
Amarga ngamuk minangka jejere panguwasa, rakyat uga sing kapitunan. Hamula, saksapaa wae Caleg sing kalah lan menang kudune aja padha ngamuk. Sing kalah kudu legawa, dene sing menang ya kudu ngugemi paugeran jejering wakil rakyat, jejering panguwasa.
Source