Nggugu pituture wedhus | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Nggugu pituture wedhus Reviewed by maztrie on 2:37 PM Rating: 4,5

Nggugu pituture wedhus

Saka piwulange Nagaraja, Prabu Anglingdarma raja ing Malawapati ngerti caturane kabeh kewan. Mung wae ora kena dingerteni dening liyan. Yen nganti ana sing ngerti, sang Prabu bakal langsung seda.
Nalika bengi sang Prabu andon asmara kalawan garwa Kusuma Mayawati. Ing ndhuwur tilamsari ana cecak wadon sing celathu.
”Adhuh, kepingin temen aku digatekke bojoku kaya anggone Prabu Anglingdarma nggatekake garwane kanthi kebak rasa sih. Uh, mendah senenge. Lha aku iki kok mung dikewer wae dening bojoku.”
Nalika Prabu Anglingdarma mireng pangudarasane cecak wadon mau nuli ngguyu. Cubriya penggalihe sang prameswari nuli matur.
”Dhuh Sinuwun. Kok radi sumelang manah kula. Ingkang panjenengan gegujeng kala wau menapa?”
”Ora ana apa-apa kok yayi, pun kakang ngguyu lumrah.”
”Ah mboten! Sinuwun mesthi nggegujeng kula! Inggih menapa inggih? Kula tetep nyuwun paduka ngendika ingkang sayektosipun,” Prameswari Mayawati tetep ora trima.
”Aja yayi! Ingsun bakal mati yen prasaja sakbenere!”
”Mboten! Mboten pantes narendra nggorohi garwanipun. Menawi Paduka mboten kersa prasaja, langkung prayogi kula pejah obong ing pancaka hagni patunon,” Sang Ayu ngeyel.
”Iya ta yayi, yen pancen sira nekad ing karepmu, prayoga sira pati obong bebarengan aku. Kita sakloron ayo mati bareng, tinimbang aku kok suwun waleh. Bengi iki uga Patih Bathik Madrim sakandhahane bakal dakdhawuhi yasa pancaka hagni patunon kang dadi sarana matine kita sakloron.”
Ngestokake dhawuhing nata, Patih Bathik Madrim sakandhahane bengi iku uga nganti parak esuk yasa pancaka hagni patunon. Esuke bareng pancaka wis dadi lan siap digunakake, Sang Prabu nuli paring sedhekah marang para brahmana pandhita resi, sumrambah para kawula golongan satria, waisyia, sudra lan paria. Bandha donya saksraton dikuras kanggo paring sedhekah marang para kawula kabeh nganti warata.
Kanggo tumuju marang patumangan utawa pancaka hagni patunon kang murub mubyar mangalad-alad, Prabu Anglingdarma gegandhengan asta kalawan garwa kinasih, bebarengan munggah panggung pancaka. Ing sajrone sang Prabu sekaliyan ana panggung, ana wedhus sajodho metu saka grumbul sacedhake papan patumangan. Sing wadon aran Pipitan, dene sing lanang aran Benggali. Whedus sajodho mau nyedhak nyang patumangan.
”Pakne Thole, aku mbok kokjalukake janur kuning cedhak patumangan kae, arep dakpangan, kareben seger anggonku nyidham. Wis ta gage, jalukna Pakne, ndang!”
”Kowe kuwi priye ta Mbokne Thole?” wangsulane Benggali marang sing wadon.
”Apa kowe ora ngerti angel banget yen arep njupuk mrana? Galo kae ing wetan ana sing padha jaga, akeh banget prajurit sakupenge geni pangobongan. Kabeh padha sikep gegaman. Ana towok, keris, pedhang lan tumbak. Wis ah, ora mangan janur kuning ya ora ritek, ora apa-apa.”
”Lho, yen ngono kowe ora dhemen marang aku ta Pakne? Wah kojur tenan awakku,” tembunge Pipitan.
”Iya ta Bapake Thole. Luwih becik aku mati tinimbang ora tekan sing dadi kekarepan lan pepenginanku. Mung kepingin mangan janur kuning wae kok ora klakon, uh.”
”Butuh mati, ya matia kono. Yen kowe mati aku ora susah. Bojo aku bisa golek maneh, jagad ora mung sagodhong kelor. Ora sudi aku kok kon kaya Prabu Anglingdarma sing gumampang nuruti panyuwunane garwane. Kaya ngono iku rak dudu wong lanang prewira? Jer wong lanang utama, kudu nengenake rasa tanggung jawab. Raja kudu tanggung jawab marang karaharjane kawulane! Ya katentreman, ya karaharjane. Dadi ora mung mikir kersane garwa sing aleman, ngadi-adi, uh! Aku iki lho, sing sipat kewan wae ora gelem dijak mati nglalu mung merga bab sing sepele. Ora! Tinimbang aku mati ditumbak prajurit, becik aku urip, nadyan ora nuruti karepmu.”
Prabu Anglingdarma mireng celathune wedhus lanang si Benggali marang sing wadon, banjur eling marang jejere narendra sing wajib ngayomi para kawula. Banjur ngendika sajrone penggalih.
”Eee, bener banget kandhane wedhus lanang kuwi. Ingsun iki banget asor, yen ngono. Hhmm, karo wedhus wae jebul aku iki kalah ngerti, kalah wicaksana. Lan mula bener panemune, sing ora bener kuwi tembung lan kekarepane wedhus wadon si Pipitan!” Prabu Anglingdarma banjur krasa lan rumangsa.
”Sing sipat kewan wae ora gage-gage nuruti karepe sing wadon, mangka ingsun iki manungsa tur raja binathara. Yen ingsun kalah karo wong wadon, nadyan iku garwa, njur sapa sing arep ngajeni aku? Ah, ora! Sing kepingin mati ya wis ben mati. Negaraku, prajaku, kawulaku isih mbutuhake kawicaksanane narendra. Jer narendra mono mula dadi gegunungane, panutane lan sesembahane para kawula kabeh.”
Sabubare menggalih lan ngudarasa kaya mengkono, Prabu Anglingdarma banjur mandhap saka panggungan pancaka hagni patunon, nggugu marang celathune we- dhus si Benggali sing mujudake pitutur wigati tumrape sang Prabu Anglingdarma, ora sida melu pati obong.
Dene bandha donya sing wis kebacut kaparingake kanggo sedhekah, iya tetep kaparingake, minangka wilujengan sarirane sang Prabu Anglingdarma lan tetep jumeneng ing keprabone. Dene Dewi Mayawati sida ambyur menyang geni patunon sing murub mangalad-alad. Mengkono uga si wedhus wadon, Pipitan, uga ambyur menyang geni patunon persis kang katindakake Prameswari Mayawati.
Source