Nglestarekaken Basa Jawi Kebat Kliwat | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Nglestarekaken Basa Jawi Kebat Kliwat Reviewed by maztrie on 5:11 AM Rating: 4,5

Nglestarekaken Basa Jawi Kebat Kliwat

NGANTOS ing wekdal punika sampun wonten dati II (pemkab/pemkot) cacah 5 ingkang nate ngadane upacara bendera kanthi ngginakaken Basa Jawi (BJ) krama. Rikala 21 Februari 2006, ing alun-alun kitha Magelang, Pemkot Magelang ngawontenaken upacara pengetan Hari Bahasa Ibu Internasional kanthi ngginakaken Basa Jawi krama. Taksih ing Jateng, pengetan Hardiknas 2007 ing Kabupaten Karanganyar, ugi dipunadani kanthi Basa Jawi.

Pengetan Hardiknas kanthi ngginakaken Basa Jawi Kalawau sampun pikantuk idin saking Mendiknas. Dene ing DIY, ing taun 2007 punika dati II ingkang nggelar pengetan 'hari jadi' kanthi ngginakaken Basa Jawi inggih punika Kabupaten Sleman, Kabupaten Bantul lan Kodya Yogyakarta.

Kangge nyengkuyung kegiyatan nglestarekaken Basa Jawi, Pemkab Karanganyar ugi damel kawicaksanan resmi saben dinten Rebo sedaya pegawe ing lingkungan pemkab kedah ngginakaken Basa Jawi. Dinten Rebo ing kabupaten wau dipundadosaken "dinten Basa Jawi". Bab punika memper kaliyan kawicaksananipun Pemkab Bantul, ingkang majibaken sedaya aparating pemerintah ing saindening kukuban Bantul ngginakaken Basa Jawi saben dinten tertemtu jroning ngladosi masyarakat. Kanthi kawicaksanan ingkang sami, Pemprov Jateng ugi nate majibaken sedaya aparatipun ngginakaken Basa Jawi ing dinten tertemtu. Sawatawis sekolah menengah ing Jateng ugi wonten ingkang majibaken sedaya siswa, guru Ian karyawanipun ngginaken Basa Jawi ing dinten tertemtu.

Wontenipun sawatawis dati II ing Jateng-DIY ingkang nggelar upacara bendera resmi kanthi ngginakaken Basa Jawi, punapa dene wontenipun pemkab/pemprov ingkang ndadosaken dinten tertemtu minangka dinten Basa Jawi mujudake satunggaling fenomena ingkang narik kawigatosan. Kanthi kanyatan wau, ketingal menawi ing wekdal punika, ing madyaning masyarakat Jateng-DIY tuwuh semangat enggal ironing nglestarekaken Basa Jawi. Pemerintah dhaerah ketingal gumregut saestu ironing nguri-uri Basa Jawi. Punapa malih yen nguningani TVRI Yogya, TVRI Semarang lan sedaya televisi lokal di Jateng-DIY -ugi ing Jatim- sami gadhah acara pawartos Basa Jawi. Sawenehing acara ing televisi-televisi lokal, kadosta acara campursan, ugi nggmakaken Basa Jawi. Dene RRI lan radhio-radhio swasta niaga ing Jateng-DIY ngantos sapunia ugi taksih gadhah acara ingkang ngginakaken Basa Jawi.

Semanten ugi koran-koran ing Jateng-DIY, sami nerbitaken rubrik lan lembaran Basa Jawi. Suara Merdeka gadhah "Sang Pamomong" ing Edisi Minggu, Kedaulatan Kakyat gadhah "Mekar Sari" ingkang kamot ing dinten Minggu lan mujudake reinkarnasinipun Majalah Mekar Sari ingkang sampun boten terbit malih. Dene Solo Pos mbikak lembaran (4 kaca) "Jagad Jawa" saben dinten Kemis.

Taksih Formalistik

Kanthi wontenipun fenomena-fenomena kasebut, kita saged damel dudutan yen ing Jateng-DIY kegiyatan mekaraken Basa Jawi ketingal majeng lan wonten tronthong-tronthongipun. Punapa pamanggih punika leres saestu? Mangke rumiyin!

Bab wontenipun media massa cetak punapa elektronika ingkang mbikak rubrik Basa Jawi lan damel acara-acara Basa Jawi, punika klebet bab ingkang limrah amargi publikipun (pemaos, pamirsa Ian pamiarsanipun) masyarakat Jateng-DIY. Nanging ngengingi pemkab/pemkot ingkang ngawontenaken upacara bendera mawi Basa Jawi, mujudaken bab ingkang perlu dipunkritik. Semanten ugi bab dinten Basa Jawi.

Kanyatan-kanyatan ingkang magepokan kaliyan kegiyatan-kegiyatan nguri-uri Basa Jawi kalawau leresipun namung awujud fatamorgana. Kawontenan ingkang pinanggih ing madyaning brayat Jawi leresipun dereng kathah kemajenganipun. Ikhtiyar damel majengipun Basa Jawi kenging dipunwastani taksih "jalan di tempat" alias tetep kados wingi uni. Boten wonten kemajengan ingkang "mendasar" utawi - nyambut basa ilmiah-penelitian- "signifikan".

Malah ada-adanipun saweneh pemkab/pemkot nggelar upacara resmi kanthi Basa Jawi klebet kebat kliwat alias kebablasen. Ngginakaken Basa Jawi wonten sawijining upacara resmi ing lingkungan pemerintahan jelas kirang pas. Yen upacara wau mujudaken upacara mengeti Hari Bahasa Ibu Internasional, taksih saged dipun tampi. Punapa malih yen upacara mau mujudake upacara adat Jawi. Nanging yen upacaranipun mujudake upacara pengetan ulang taun pemkab/pemkot, jelas kirang pas. Semanten ugi kewajiban ngginakaken Basa Jawi ing lingkungan instansi pemerintah ing dinten tertemtu jroning nindakaken pelayanan umum, Ian kewajiban ngginakaken Basa Jawi ing lingkungan sekolah ing dinten tertemtu, ugi klebet kebablasen.

Kenging punapa fenomena kalawau klebet kebat kliwat? Sepisan, forum ingkang dipunginakaken mujudaken forum resmi ing lingkungan (instansi) pemerintah dan sekolah. Kaping kalih, kegiyatan wau boten mawas karakteristikipun person, utawi boten ngemuti yen pegawe utawi warganing masyarakat ingkang paring Ian nyuwun pelayanan punika boten sedaya tiyang Jawi. Ing wekdal punika, ing Jateng, DIY, lan Jatim, ing lingkungan instansi pemerintah lan sekolah, ugi ing madyaning masyarakat, boten namung tiyang Jawi mawon ingkang wonten ing ngriku. Sedherek-sedherek saking etnis sanes ugi saya kathah ingkang manggen ing papan ngrembakanipun Basa Jawi, langkung-langkung ing tlatah kitha. Ikhtiyar ngginakaken Basa Jawi, punapa malih Basa Jawi krama, jelas ngribeti tumrapipun sedherek-sedherek saking etnik sanes.

Kegiyatan-kegiyatan nglestarekaken Basa Jawi kados kasebut ing nginggil saged dipunwastani namung asipat formalistik. Namung formalipun mawon mekaten, nanging kawontenan ingkang wonten ing madyaning masyarakat, boten kados makaten. Minangka conto, ing dhaerah-dhaerah ingkang ngginakaken Basa Jawi nalika nggelar upacara bendera mengeti tanggap warsanipun sarta nggadhahi "dinten Basa Jawi", cak-cakanipun pamulangan Basa Jawi ing sekolah-sekolah taksih dereng tumata kados dhaerah sanes. Dhaerah-dhaerah wau ugi mboten nyawisaken dana ingkang murwat lumantar APBD kangge mekaraken basa lan budaya Jawi. Conto ingkang sepele mawon, aparating pemeriniah lan tokoh-tokoh masyarakat ing laladan wau taksih awis-awis ingkang langganan ariwarti Basa Jawi.

Overdosis

Minangka basa komunikasi padintenan ingkang boten resmi. Saenipun, kawontenan kalawau dipunjaraken kemawon. Langkung sae yen Basa Jawi mekar kanthi alamiah. Jroing ngginakaken basa, sampun ngantos wonten aturan-aturan ingkang ketat-ketat lan kinanthenan instruksi menapa. Kanthi makaten Basa Jawi bakal mekar kanthi empan papan. Kadosta ing upacra resmi pemerintahan, boten saged dipunnyang malih, ingkang dipunginakaken kedah basa resmi lan basa nasional, inggih punika Basa Indonesia (BI). Semanten ugi kanggge kabetahan pelayanan umum, Basa Indonesia tetep kedah dipunutamekaken, senadyan saged ugi dipunngge Basa Jawi yen ingkang dipunlayani sagedipun namung wicantenan mawi Basa Jawi. Kegiyatan ngginakaken Basa Jawi ing pelayanan umum taksih saged dipunselarasaken kaliyan sikon. Wontenipun fenomena ingkang kebat kliwat jroning nguri-uri Basa Jawi, ndadosaken ikhtiyar wau dados overdosis.

Source; PakDhe Dar