Sastra Jawa tanpa basa Jawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Sastra Jawa tanpa basa Jawa Reviewed by maztrie on 1:38 AM Rating: 4,5

Sastra Jawa tanpa basa Jawa

Pitakonan babagan nasib sastra Jawa tansah nuwuhake pradondi lan pitakonan sing luwih akeh maneh. Sastra Jawa modhern pancen kerep dadi pitakonan amarga nyimpen sujarah sastra Jawa kawuri lan uga ngandhut impen lan pangarep-arep tumrap nasib sastra Jawa kang luwih apik ing dina-dina kang bakal teka.
Pradondi kang tuwuh malah ndadekake pirembugan babagan sastra Jawa minangka sarana owah gingsire kabudayan Jawa.
Suwardi Endraswara ing andharan tinulis Visi dan Misi Sastra Jawa Sebagai Ruh Pembentukan Manusia Indonesia Baru yang Berbudi Pekerti Luhur, (2001), ngandharake yen sastra Jawa kuwi tuwuh lan ngrembaka tumuju wawasan kang tundhone murakabi kanggo mangun moral bangsa sing luwih beradab lan kawengku ing budi pakerti luhur. Sastra Jawa kuwi mengku werdi kanggo ngowahi tata laku tumuju Indonesia sing tansah linambaran kabudayan.
Suwardi uga rumangsa mantep yen tapsiran-tapsiran sing kakandhut ing sastra Jawa kuwawa dadi sarana wulang kanggo ngowahi laku lan tumindak. Rasa mantep iki bisa ditakokake maneh adhedhasar kanyatan yen nasib jagad sastra Jawa isih dikiwakake. Nasib mangkene iki mbokmenawa kaperbawan cara mindeng yen sastra Jawa kuwi kudu nggunakake basa Jawa. Cara mindeng mangkene iki asipat konservatif lan eksklusif.
Owah gingsire jaman ora bisa diadhepi kanti sikep kaku lan kolot. Owah gingsire kabudayan Jawa ing jaman modhern ngandhut daya kang asipat momot kamot lan jumbuh owah-owahan jaman. Owah gingsire kabudayan Jawa kudu dadi pancatan ndunungake sastra Jawa ing pangerten kang luwih luwes. Sastra Jawa ora kudu nggunakake basa Jawa. Negesi sastra Jawa mangkene iki mbokmenawa bakal nuwuhake panyaruwe lan pradondi. Para panggilut sastra Jawa sing sregep nulis karya sastra nganggo basa Jawa bisa wae nulak lan rumangsa kelaran atine jalaran panemu kaya ngono mau.

Sastra Jawa mutakhir ing pangerten kritis pancen asipat momot kamot marang pilihan basa saka para panganggite. Sastra Jawa sing nggunakake basa Indonesia dadi lumrah yen wong mbiji kanthi cara mindeng sing kritis. Pangerten mangkene mbokmenawa uga nuwuhake pradondi liya yen diga-thukake karo babagan sastra Indonesia. Sastra Jawa mutakhir sing nggunakake basa Indonesia wus akeh lan uga bisa nggambarake kaskayane kabudayan Jawa.
Sasuwene iki jagad sastra Jawa tansah keblusuk ing nostalgia jaman biyen sing ngarah marang sastra Jawa kuna. Kanyatan iki ndadekake jagad sastra Jawa kelangan sanggit. Saweneh dhudhahan babagan sastra Jawa malah kerep njupuk conto saka jagad sastra Jawa kuna kanthi panganggep minangka pucuk pratandha kuncaraning sastra Jawa. Wusana sastra Jawa dadi mandheg lan yen ta ana owah-owahan lakune rendhet banget.
Kamangka, sastra Jawa mutakhir nuduhake bukti kasil merbawani owah gingsire kabudayan Jawa. Sastra Jawa mutakhir sing dikarepake ing andharan iki yakuwi sastra Jawa sing nggunakake basa Indonesia. Sastra Jawa ing pangerten isine, dudu mung wates basane.
Novel-novel sing werdine ”sastra Jawa” antarane Canting anggitane Arswendo Atmowiloto, Para Priyayi anggitane Umar Kayam, Pasar anggitane Kuntowijoyo, Pengakuan Pariyem anggitane Linus Suryadi AG, Roro Mendut anggitane YB Mangunwijaya lan isih ana liyane. Kabeh novel iki pancen nggunakake basa Indonesia lan saweneh tetembungan basa Jawa, nanging tetep duwe hak nyandhang gelar ”sastra Jawa”.
Novel-novel kuwi nyritakake maneka warna babagan Jawa. Para panganggite wong Jawa sing duwe jagad pikir, jagad batin lan jagad imajinasi linandhesan kabudayan Jawa. Para panganggite ndhudhah Jawa lumantar novel kanthi cara lan daya sing mligi lelandhesan owah gingsire kabudayan Jawa. Novel-novel kuwi nuduhake rasa tanggap marang owah-owahan jaman lan nggambarake Jawa sing asipat luwes lan momot kamot.
Ing novel Pasar, Kuntowijoyo kanthi terwaca ndhudhah babagan pangerten sastra ing bebrayan agung Jawa kuwi yektine dadi ciri tumrap para pejabat, intelektual lan tetunggule bebrayan. Nanging babagan kuwi mau saya suwe mung wates dadi pangeling-eling amarga akeh warga sing ninggalake ilmu sastra lan luwih milih nggilut ilmu-ilmu liya sing asipat praktis lan pragmatis kanggo nggayuh drajat lan pangkat. Novel Pasar sengaja nyritakake laku marisake tapsiran kabudayan Jawa ing satengahing campur lan cawuhe bebrayan tradhisional lan modhern.
Linus Suryadi AG lumantar Pengakuan Pariyem kanthi gamblang pengin nuduhake yen jejere wanita ing bebrayan agung Jawa isih gumantung marang tatanan patriarkhi. Pengakuan Pariyem uga ndhudhah perangan uripe wong Jawa sing manut marang tatanan sing kadhangkala kleru anggone mangerteni lan nindakake. Tapsiran unen-unen narima ing pandum sasuwene iki kerep dimangerteni minangka sikep pasif. Kamangka unen-unen kuwi malah ngandhut pangerten sing ngejak kabeh wong supaya tansah duwe sikep optimistis lan taberi anggone setiyar.
Pradondi antarane sing tradhisional lan modhern dicritakake dening Arswendo Atmowiloto ing novel Canting. Novel iki nggambarake panguripan sawijining kulawarga Jawa sing ngalami maneka pradondi gegayutan tapsiran urip modhern lan tapsiran urip asumber kabudayan Jawa. Pradondi kuwi tuwuh wiwit saka etika nganti babagan ekonomi. Owah gingsire kabudayan Jawa digambarake kanthi luwes lan apik. Canting nggunakake basa Indonesia nanging cetha ngumbar ruh ”sastra Jawa”.
Para Priyayi karyane Umar Kayam kanthi cara sing mligi nyritakake panguripane para priyayi kanthi maneka warna tatacara lan laku ing urip lan panguripane. Priyayi dadi punjering crita ing perangan budaya lan sujarahe. Umar Kayam kanthi luwes ndhudhah donyane priyayi tanpa tedheng aling-aling ing babagan sing ”padhang” lan sing ”peteng”. Para Priyayi bisa dadi bukti babagan optimisme sastra Jawa sing nggunakake basa Indonesia.
Novel-novel sing ndhudhah lan nggambarake kaskaya lan perkara kabudayan Jawa kuwi pancen bisa dadi gegambaran tuwuh lan ngrembakane sastra Jawa ing pangerten sing luwes. Saksapaa wae duwe hak ora trima marang pangerten sastra Jawa sing kaya mangkene iki. Kacihna novel-novel kuwi mau cetha ngandhut semangat kanggo ndayakake lan ngrembakakake ”sastra Jawa” tanpa kudu kajiret ing pangerten kudu nggunakake basa Jawa.

* Bandung Mawardi, panaliti ing Kabut Institut lan Redaktur Buletin Sastra Pawon