Basa Jawa kuwi nyawane sastra Jawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Basa Jawa kuwi nyawane sastra Jawa Reviewed by maztrie on 1:25 AM Rating: 4,5

Basa Jawa kuwi nyawane sastra Jawa

Akeh wong sing duwe pamikiran lan dudutan manawa sastra Jawa bakal mati. Sastrawan kondhang Arswendo Atmowiloto uga nate duwe panemu sing kaya mangkono.
Ananging, nalika ”akeh” sastrawan Jawa sing ”ora narimakake” marang pranyatane kasebut, Arswendo ing satengahe acara Kongres Sastra Jawa (KSJ) I kang mapan ing Taman Budaya Surakarta tahun 2001 kepungkur banjur aweh pawangsulan pancene sastra Jawa bakal mati nanging roh budaya Jawa tetep urip.
Dudutan iku mbokmenawa luwih trep tinimbang karo apa sing diwedharake sedulur Bandung Mawardi (Jagad Jawa, 5 Maret 2009) ing sawijining artikel kanthi irah-irahan Sastra Jawa tanpa basa Jawa. Ing artikel mau, sedulur Bandung kandha lamun sastra Jawa ora kudu nggunakane basa Jawa. Lho! Sastra Jawa tanpa basa Jawa? Lha upama ana sing nulis Cerkak utawa karya sastra liyane kang isine mujudake kabudayan Jawa nanging yen ditulis dening sastrawan Jerman kanthi basa Jerman (muga-muga uga ana basa Jerman sing njawani), semono uga basa Inggris, basa Jepang, lan sadhengah basa manca liyane, apa banjur karya sastra mau kalebu sastra Jawa?
Yen kelakon tenan, apa ateges basa Jawa bisa diarani ngrembaka kuncara angawang jagad? Apa ora malah suwalike, yaiku sastra Jawa wis mati amarga ora ana sing nulis kabudayan Jawa nganggo basa Jawa, awit sastra lan budaya Jawa mung trima dadi ”obyek”?
Pitakonan maneh, menawa ana lomba nulis buku utawa novel Jawa apa kira-kira Pengakuan Pariyem anggitane Linus Suryadi AG, Canthing anggitane Arswendo Atmowiloto, Para Priyayi anggitane Umar Kayam lan saweneh buku/novel sing disebutake dening Bandung mau uga ditampa dening panitya lomba?
Menawa oleh ngrembug bab sastra Indonesia, kuwi sing kaya ngapa? Sastra klebu perangane budaya. Kamangka budaya Indonesia iku dumadi saka maewu-ewu budaya sing sumebar ing bumi Nusantara kang mapan lan urip ing saben suku bangsa-suku bangsane. Uripe sastra Indonesia ora liya ya saka panyengkuyunge budaya dhaerah (klebu budaya Jawa) kang banjur katulis mawa basa Indonesia.
Contone akeh, upamane Salah Asuhan anggitane Abdul Muis kang ngusung adat Minangkabau, Siti Nurbaya anggitane Marah Rusli kanthi latar crita saka Padang lan Batavia (Betawi), Atheis karyane Achdiat Kerta Mihardja kang nyoroti masyarakat Sunda kanthi Islame, lan sapanunggalane.
Bandung sajake uga krasa lamun (bakal) ana sing kelaran atine jalaran saka panemune mau. Salah sijine pawongan sing ora narimakake pranyatan mau ora liya ya aku dhewe sing mung mujudake sawijining guru SD sing ateges uga mulang basa Jawa.
Yen mung kepengin supaya sastra Jawa entuk sebutan sastra Jawa mutakhir lan kudu ditulis mawa basa Indonesia, apa ora ateges awake dhewe bakal mateni sastra Jawa kuwi dhewe? Miturutku, basa Jawa kuwi nyawane sastra Jawa. Lamun ora ngugemi panemu mangkene, ing tembene sastra lan basa Jawa trima dadi ”obyek”.
Tandha-tandha bab iki sakjane wis suwe ketara. Kayata, saya ilange basa Jawa ing saben dinane. Klebu ing satengahe kulawarga lan sesrawungan. Uga anane kuwajiban basa panglantar ing sekolahan sing kudu migunake basa Indonesia. Lan sing luwih nggawe ati miris, ing atase sarasehan, seminar, kongres lan sapiturute kang intine ngrembug bab sastra lan basa Jawa tansah ndadekake basa Jawa mau dadi ”obyek”. Katitik basa sing dipigunake ing acara mau tansah basa Indonesia.
Kejaba iku, ana pamikiran kang dianggep bener lan trep nanging sejatine kepara marakake saya ”kerdile” sastra lan basa (budaya) Jawa iku dhewe, yaiku tansah angleluri (nguri-uri) warisane leluhur. Marga mung trima nguri-uri, kita kabeh tansah ngegungake tinggalane para winasis ing jaman kuna mau. Ora ana sing wani gawe gebrakan anyar awit wedi dianggep ora njawani.
Wigah-wigih
Ing karya sastra Jawa jaman kuna, akeh piwulang kang kaserat sinandhi. Sakjane manungsa Jawa kuna kuwi wis duwe pikiran maju. Mung wae basane alus. Kanggo conto upamane bab ”bedhah plastike” Gathotkaca lan Arimbi lan uga HP ”Cupu Manik Astagina” sing kanggo rebutan Anjani, Sugriwa, lan Subali. Lha ing jaman sarwa modern iki, sastra (budaya) Jawa kudune uga melu ambyur ing jagading kabudayan modheren.
Sastra lan basa Jawa aja wigah-wigih migunakake tembung lan pangerten sing asale saka manca. Yen para leluhur wani nganggo tembung sepur, porok, lampu, petromak, sokle, geneya ing jagading pamulangan ora migunake tembung conto lan titik-titik kanggo ngganti tembung tuladha lan ceceg-ceceg?
Nyatane bocah-bocah (para murid) isih bingung migunake tembung loro mau (tuladha lan ceceg-ceceg). Lan suwalike, tembung conto lan titik-titik luwih dimangerteni lan nyatane uga asring digunake ing pasrawungan. Semono uga tembung HP, Internet, resensi, maksud, lan sapanunggalane uga wis kerep keprungu ing pesrawungan saben dina.
Suparto Brata kang ngutip panemune Prof Dr Setya Yuwono Sudikan, guru besar Unesa, mratelakake, taun 2008 panutur basa Jawa kuwi kira-kira 90 yuta uwong. Lha, iki ateges basa lan sastra Jawa durung lan kepara ora pantes yen mung trima dadi ”obyeke” sastra lan basa liya (klebu basa Indonesia).
Kajaba iku, rohe budaya ya aja mung trima gegambaran, pamikiran, lan tumindak sing tansah ndesa, wong pinggiran, uthun, lugu, bodho, kalahan, sapa sira-sapa ingsung, kawula-gusti, lan sapiturute. Sastra (budaya) Jawa kudu ngrembug lan ambyur jroning globalisasi ing peranganing urip apa wae. Iki sing dakmaksud ngrembakakake sastra lan basa (budaya) Jawa ing jaman mutakhir iki.
Saka andharan ndhuwur mau, bisa didudut lamun ngrembakane sastra lan basa Jawa ora liya ya saka wong Jawa kuwi dhewe kang gunggunge yutan kanthi gelem mersudi lan migunakake basa lan sastra budaya Jawa ing bebrayan iki, saengga ora dadi ”obyek” ing sastra utawa basa liya (Indonesia). ***Parno Parpal Poerwanto