Sing Nom, sing Dadi Pengarep-arep | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Sing Nom, sing Dadi Pengarep-arep Reviewed by maztrie on 5:15 AM Rating: 4,5

Sing Nom, sing Dadi Pengarep-arep

DADI paran pengarep-arepan, nanging uga tansah dikuwatirake kridhane. Kejaba sacara internal dianggep apa-apane durung meneb, uga sacara eksternal diwawas akeh saru-siku lan ridhune. Mulane banjur padha ora ditegakake. Bebasan cedhak diadohi, adoh dicedhaki. Mangkono iku lumrahe para kanoman dipapanake jroning bebrayan agung Jawa.

Temene ora bisa diselaki manawa sejarah lan owah-owahan luwih akeh gumantung ana tangane para mudha. Mitos lan legendha Jawa uga luwih akeh nampilake perane para kanoman sajrone ngrakit sejarah lan gawe owah-owahan gedhe.

Airlangga lan Narotama ngadeg minangka tokoh sing kasil nylametake Medhang Kahuripan sabubare serangane Wurawari nalika isih padha mudha tumaruna. Ken Arok kasil nembus arogansine rezim Akuwu Tunggul Ametung ing Tumapel uga nalika isih nom-nome. Semono uga Wijaya nalika kasil mbabad Alas Tarik lan ngedegake negara anyar aran Majapait, isih kegolong minangka bocah nom.

Larikan crita sejenis mesthi wae isih bisa didawakake maneh nganti tumeka Demak kanthi tampile Raden Patah. Sabanjure adege Keraton Pajang kanthi bocah nom aran Karebet minangka cikal bakale, kapara nganti tekan adege Mataram kang dikomandhani dening bocah nom aran Danang Sutawijaya.

Saya luwih cetha maneh, crita-crita lawas kerep banget nampilken para ”jaka”, kang notabene sebutan tumrap kanoman, minangka tokoh sentral prota-gonis crita. Upamane Jaka Dholog, Jaka Thole, Jaka Tarub, Jaka Umbaran, Jaka Sambara, Jaka Kendhil, lan Jaka Tingkir. Para jaka mau ora mung numpang liwat wae, nanging nduwe peran gedhe.

Sing disebut buri dhewe, upamane, mujudake bocah nom saka desa sing kasil nempuh karier militer ing kuta negara. Durung suwe olehe magang, wis diwisuda minangka lurahe wiratamtama ing Bintara Demak.

Ora mung kuwi, Jaka Tingkir sing uga aran Mas Karebet iki kasil ngrebut ka-wigatene Sultan, saputrine pisan. Mengkonoa, Jaka Tingkir ora niyat nglungguhi klasa gumelar kanthi dadi mantune ratu. Dheweke ngecakake unen-unen ”berakit-rakit ke hulu, berenang-renang ke tepian” kanthi ngedegake negara anyar minangka sambungane Demak: Pajang.

Butuh Sing Tuwa

Senajan para mudha kasil ngukir sejarah, temene uga ora uwal saka perane kaum sepuh. Saupama ora ana Dhahyang Logawe utawa Mpu Gandring, bokmanawa Ken Arok ora nate entuk dalan olehe bisa nembus takhta Tumapel. Nanging kanthi panyengkuyunge —luwih pas maneh pangurbanane— tokoh sepuh loro mau, Arok kelakon ngranggeh ka-wibawan lan kamukten ing Tumapel.

Upama uga Wijaya ora disengkuyung dening pinisepuh kayadene Lembu Sora lan Adipati Wiraraja sing kepetung luwih meneb lan wareg ngrasakake asine uyah, mbokmenawa Alas Tarik ora nate kasil kababad satemah ing kono didegage keraton gedhe aran Majapahit. Peran sing kurang luwih padha uga wis dimainake dening para sunan sing notabene para sepuh nalika adege Bintara Demak. Ora geseh uga nalika babad Alas Mentaok, adege Mataram, merga saka iguh pratikele para pinisepuh kayadene Juru Mertani lan Ki Ageng Pemanahan, Sutawijaya kelakon mujudake gegayuhane.

Begja uga dene lakune Damarwulan, nalika ngemban dhawuh minangka duta srayane Ratu Majapait Sri Kencanawungu nglurug menyang Blambangan, tansah dijampangi dening Ki Ajar Pamengger. Ki Ajar ora mung ngusadani nalika bocah nom iku semaput merga ngadhepi Menakjingga, nanging uga nuduhake dalan kepriya bisane ngalahake satru sektine Majapait iku. Ki Ajar uga sing tetep njampangi nalika sang tokoh kudu nga-dhepi siasat culase Layang Seta lan Layang Kumitir.

Saka crita-crita mau, nyata manawa ing suwalike keberhasilane para kanoman, temene ora uwal perane para sepuh. Peran mau ana sing ditindakake sacara langsung, nanging uga ora sethithik sing sacara ora langsung. Dene akeh-akehe olehe ngawat-awati bebasan ”cedhak diadohi, adoh dicedhaki”. Kanthi mangkono, diajab ora ana rasa ketergantungan tumrap sing nom marang sing tuwa.

Temene ora nggumunake, senajan gedhe potensine, wong nom ora bisa diculake ngono wae. Iki ora merga ora percaya. Nanging luwih amarga para mudha iku isih ana sajroning proses becoming.

Mulane, ora sethithik layang Jawa, luwih-luwih sing kagolong serat piwulang, tansah nyebut-nyebut para kanoman minangka subjek sing kudu digatekake lan nggatekake. Ing Serat Wulang Sunu, upamane, bisa diprangguli pratelan kayadene: den wulang ibu ramane, asila anem ayun, wong tuwane kinarya Gusti, lunga teka anembah iku budi luhung, serta bekti ing sukma, iya iku kang karya pati lan urip, miwah sandhang lan pangan.

Luwih cetha maneh ing Serat Wulangreh: yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhepakeh bangsat, tan wurung bisa ajuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung dadi maling.

Isih saka serat anggitane Paku Buwana V, luwih-luwih ing bagian akhir, bisa diprangguli:

sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa takon, apan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ilmu pan dadi pikukuh.

Ora kurang Wedhatama uga asung pepeling marang para mudha: uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, si-nerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki.

Pungkasane rembug, ora ana lupute manawa kita nyoba nggatekake perangan saka sesorahe Menteri Dalam Negeri RI H Mardiyanto nalika medhar sabda ing Konferensi Internasional Kebudayaan Jawa ing Pendhapa Si Panji Banyumas, durung suwe iki. ”Sing rumangsa werdha, sing rumangsa dadi sarjana sing mumpuni, kersaa marisake kabudayan marang kang mudha supaya kabudayan kita ora cures. Dene marang kang mudha, kaajab gelema sinau karo sing tuwa tanpa rasa cubriya,” ngendikane Mendagri.

Pepenget iki ora angel digolekake cantholane. Jer ing swasane ngene iki, ing aspek kehidupan endi wae, katon manawa tetep wae ana potensi sing ndadekake kaum mudha lan kaum sepuh adhep-adhepan sacara diametral. Mesthi wae iki ora perlu kelakon yen antarane siji lan sijine nglenggana jejere dhewe tanpa kudu padha nggunggung mara diri pribadine dhewe-dhewe uga.

Pancen ora bisa diselaki, kadewasan iku ora mung ditemtokake dening enom-tuwane umur. Nanging arepa dikaya ngapa, saben wong tetep wae ngalami tahapan-tahapan kadewasan. Wiwit saka kadewasan individual, kadewasan sosial, kadewasan mental spiritual, lan kadewasan transendental. Mungguh enggal lan orane nggayuh kadewasan pancen gumantung marang pangudine.

Source; PakDhe Dar