wahyu kuwasa lan begja kuwasa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
wahyu kuwasa lan begja kuwasa Reviewed by maztrie on 1:17 AM Rating: 4,5

wahyu kuwasa lan begja kuwasa

Sawijining kalawarti nasional, sawetara dina kapungkur mbabar warta sing tumrap saperangan warga bebrayan agung kapetung lucu, nanging tumrap saperangan liyane kapetung mujudake pralambang, sasmita.
Ing warta kuwi diandharake yen sawijining pangarsa pondhok pesantren nate ngimpi weruh srengenge kaapit lintang loro. Pangarsa pondhok pesantrean kuwi banjur duwe dudutan yen samengkone calon presiden RI sing kudu disengkuyung rakyat ing Pemilu Presiden/Wakil Presiden 2009 yakuwi sing praupane mbocahi, utawa baby face.
Tumrap Budianto, 18, kanoman warga tlatah Kartasura, Sukoharjo sing saben dina srawung kalawan kanca-kancane lumantar facebook, pratandha generasi modhern miturut dheweke, dudutan mangkono mau ora tinemu nalar. Kepara warta kuwi mau, jarene, kapetung lelucon sing ora lucu, ngayawara.
Dene tumrap Widagdo, 46, uga warga tlatah Kartasura, sing kalebu sutresna kabudayan Jawa, dudutan kaya mangkono mau ana gegayutane karo pikir lan rasa pangrasa. Pralambang sing ditampa liwat impen, ing kaskayane budaya Jawa lumrah sinebut wangsit. Lan wangsit kuwi sipate subyektif, mligi, ora bisa digebyah uyah marang kabeh pawongan.
Sing aran wangsit, wahyu, pulung, kabegjan, kepara uga ndilalah, ing cara mikire wong Jawa mujudake bab sing lumrah. Lan luwih lumrah maneh yen babagan wangsit, wahyu, pulung, kabegjan lan ndi-lalah kuwi digandhengake karo kuwasa.
Ing Babad Tanah Jawi ana crita lelakone Pangeran Puger sadurunge jumeneng nata jejuluk Sinuhun Pakubuwana I. Ing kono dicritakake yen sawijing dina planangane Pangeran Puger ngetokake cahya. Kuwi pralambang sing ditegesi yen samengkone dheweke bakal dadi ratu ing tanah Jawa. Cahya kang cumlorot kuwi dadi pulung, pratandha kewahyon, kang nemplek ing pribadine Pangeran Puger, yakuwi wahyu kuwasa.
Ing kapercayane wong Jawa, kuwasa kuwi tansah ana gandheng cenenge karo bab-bab kang asipat metafisis, yakuwi wahyu, pulung, drajat, keturunan (nunggak semi) lan sapiturute. Ing kene kabisan mimpin kuwi dudu sing asipat bisa disinau, na- nging luwih asipat bab kang tan kena kinira.
Pulung ditegesi kadidene cahya kang cumlorot lan ngenani sawijining pawongan utawa bocah. Pawongan utawa bocah kasebut ing tembene bakal dadi pangarsa utawa nyekel kuwasa sing merbawani tumrap bebrayan. Dheweke ora prelu ngudi kuwasa, hamung kari ngenteni kapan pulung kuwasa kuwi bakal kawujud. Pawongan kang mangkene iki katelah kewahyon.
Ketiban pulung
Wong sing kewahyon utawa ketiban pulung, miturut Frans Magnis Suseno ing andharane sing kapacak ing buku Etika Jawa, uripe bakal kalimputan rasa sih saka sapepadha. Dheweke bakal kinurmat ing madyaning urip bebrayan. Lan wong sing kewahyon iki karan wus kasil uripe sacara lair lan batin. Wahyu ditegesi minangka sasmita bakal dumadine urip lan panguripan kang luwih becik lan bakal ngrembakane karaharjan lumantar kridhane pawongan sing ketiban pulung.
Kacihna ketiban pulung utawa ke- wahyon kuwi raket gandheng cenenge karo daya kang asipat adikodrati, nanging yen ndhudhah sakehing wacan sujarah lan babad, ana dudutan yen sapa wae sing ketiban pulung utawa nampa wahyu kuwasa kuwi mesthi kairingan laku sing abot. Laku ing kene asipat batin lan uga lair. Laku batin kayadene pasa, mertapa, nyenyirik panganan lan tumindak tinamtu, ngurang-ngurangi, lan laku liyane sing kabeh anjoge ing kapercayan spiritual lan daya adikodrati. Nanging ora saben pawongan sing gentur laku batine mesthi ketiban pulung. Jalaran wahyu kuwi, miturut kapercayane wong Jawa, mujudake kanugarahane Sing Maha Kuwasa, dadi ya ora bisa diburu.
Jalaran kapercayan utawa budaya mangkene iki, wusana ing madyaning bebrayan Jawa jaman saiki, sing wus ngetrapake demokrasi ing babagan politik, tetep wae kangelan yen arep ngudi pangarsa utawa panguwasa sing becik. Akehe pawongan sing rumangsa bisa dadi pemimpin ing Pemilu 2009 sansaya mbuktekake yen ngudi panguwasa sing becik kuwi kanyata angel.
”Angel milihe amarga saka ewon pawongan sing rumangsa bisa dadi panguwasa kuwi arang banget sing bisa dima-ngerteni kepriye larah-larahe lan asal-usule. Kabeh Caleg rumangsa bisa, nanging arang banget, kepara ora ana sing bisa rumangsa,” pratelane Tunjung W Sutirto, sejarawan lan budayawan saka Jurusan Sejarah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, ing sawijining wicarana ngrembug Budaya Politik Indonesia Dalam Perspektif Sejarah, dina Rebo (25/3), mapan ing FSSR UNS.
Nalika demokrasi dadi wewaton milih pangarsa utawa panguwasa, banjur kepriye gandheng cenenge karo kapercayan bab wahyu, pulung, begja lan ndilalah mau? Demokrasi sing asale saka negara kulonan (Eropa) ndunungake kuwasa minangka babagan kang asipat lugu kamanungsan. Kuwasa ditegesi minangka daya kanggo merbawani liyan. Kuwasa menjila ing maneka wujud, kayadene kuwasane wong tuwa, karismatik, politik, fisik, finansial, intelektual lan sapiturute.
Dene ing budaya Jawa, kuwasa kuwi dudu babagan sosial sing beda kalawan dayane alam. Kuwasa ditegesi minangka daya kosmis kang ngebaki kosmos. Bab loro sing beda iki nalika ditemokake nuwuhake maneka ”laku” kang ancase kanggo nggayuh ”wahyu kuwasa” lumantar pamilihan ing Pemilu. Lakune maneka warna. Ana sing arupa ngumbar janji, ngedum dhuwit (politik uang), nawakake program kerja lan sapiturute.
Wahyu ditegesi minangka panyengkuyunge rakyat. Ketiban pulung ateges disengkuyung dening rakyat saengga bisa nglungguhi kursi panguwasa. Saengga samengkone, amarga akeh rakyat sing ora tepung marang Caleg, bakal akeh panguwasa sing begja ketiban ”pulung” lan ora sithik uga sing ndilalah ”kewahyon”. Dadine, mbokmenawa ora beda karo kaanan titi wanci iki, akeh panguwasa sing korup, nglirwakake kuwajibane lan cidra janji marang rakyat sing nyengkuyung.

Sumber: Solopos.net on Kamis, 02 April 2009