AJINING DONGENG | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
AJINING DONGENG Reviewed by maztrie on 5:53 AM Rating: 4,5

AJINING DONGENG

Gedhene ajine dongeng tan kinira. Pitutur utawa wewarah yen wujud dongeng luwih gampang bocah-bocah enggone nyathet lan mangerteni. Dongeng iku nenangi bocah dhemen mikir-mikir, angasah landheping panyipta, anggugah rasaning bocah marang basa sarta anggladhi bocah bisane micara utawa guneman kanthi patitis. Kajaba iku dongeng bisa dadi srana kang becik dhewe kanggo anggegulang bocah dhemen ngrungokake lan mendeng pikirane marang barang sawiji, nuntun marang laku kautaman, ngedohake marang panggawe ala, karo dene maneh bisa ngraketake anak marang wong tuwa, murid marang guru lan nggedheake kapitayane, kapara trekadang bisa awet salawas-lawase.

Guru kang taberi lan tlaten nglumpukake carita kang becik-becik banjur dicaritakake marang para siswa, iku gedhe sawabe tumraping bebudene murid. Ancasing piwulang dongeng iku kang perlu dhewe mulang bocah marang kasusilan, ati bares blaka suta, tresna marang sapadha-padha, taberi ing gawe, ngerti ing jejibahan, temen, andhap asor, weruh ing tata krama, lll. Dene sing kanggo mulang guneman yaiku pangrembuge dongeng dhewe sawise dongeng kacaritakake. Murid dikon nirokake anggone ndongeng guru iku kurang prayoga, luwih becik kala-kala dikon nyekak wosing dongeng kanggo ajar mikir utawa nglimbang-nglimbang, niti-niti ala becike, utawa nggoleki sebab-sebab lan kedadeyane. Sing kaya ngono iku becik kanggo olah nalar. Ora usah katerangake dawa-dawa, manawa guru iku anggone crita basane ajeg katata kanthi becik, saselot-selote bocah banjur nduweni rasa marang basa.

Manawa arep carita, sabisa-bisane guru anggambar dhisik, awit gambar iku gedhe banget paedahe kanggo carita. Sawise, yen ana tembung kang perlu utawa prakara liya kang sakira bakal gawe petenging carita, kudu diterang-terangake, banjur lagi wiwit carita sing cetha lan alon, nanging kang sigrak aja klemar-klemer, klemak-klemek, wiwitan kaudiya bocah-bocah padha seneng lan manteb anggone ngrungokake, mulane aja kekerepen nganggo tembung anu, luwih-luwih yen ana jenenge uwong, panggonan, desa, alas, utawa katrangan wektu iku, aja pisan-pisan diganti nganggo tembung anu. Swara lan wiraganing uwong kudu ditirokake, wong sing dhong susah karo wong sing dhong bungah ulat lan swarane kudu dibedakake, yen nirokake wong nesu sabisa-bisa iya kudu nesu tenanan. Ing satengahe carita aja pisan-pisan bocah dikon mbaleni tembung utawa ukara, awit bocah banjur ngrasa ora seneng, temahan padha kemba enggone ngrungokake.

Bocah-bocah padha bisa lan gelem ngrungokake ¼ jam bae iku wis jeneng becik. Sokur bage yen bisa luwih suwe maneh. Anggone ngrembug dongenge yen kekurangan wektu upama 5 menit, prayoga dirembung tumuli, manawa ora rampung kena ditutugake ing liya dina. Kang dienggo wulangan dongeng iku sabisa-bisane sing pepak, kajupukna saka carita warna-warna upama saka ing babad utawa lumrah saka lelakone bocah ing saben dina. Dongeng sato kewan utawa karangan bangsane timun emas iku mathuk banget karo aten-atene si bocah, ananging poma aja tansah padha bae upamane dongeng kancil nyolong timun, utawa dongeng kang lucu-lucu thok, iku ora becik.

Aja ndongengake kang nggegirisi, kayata biyung kuwalon, setan, gendruwo, kang saru lan kasar-kasar, kang gawe koruping atine murid kayata ngira sakabehing wong sugih kuwi ala, lan wong mlarat kuwi becik.Mungguh sing diwulangake iku kudu bisa gandheng utawa sambung karo sing dikulinani bocah, upama kahanane ing pamulangan, ing omah, ing desa, ing kutha, ing sawah, lsp. Kajaba iku uga kena nganggo kang kasebut ing pratelan ngisor iki, ananging ora usah kaurutake, prayogane manut selang-selinging mangsa utawa manut usum-usumaning dolanane bocah-bocah. Anggone mulang kaarah-araha aja nganti cemplang, sabisa-bisa kang urip kaya kelakon temenan, kaya iya-iyoa, aja kaya gaweyan. Panggonane dumadining salah sawijining lelakon iku perlu diterangake nanging aja kedawan mundhak mboseni. Anggone ndongeng aja karikaten, tembung-tembunge kudu prasaja.

[Source]