BANYUWANGI | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
BANYUWANGI Reviewed by maztrie on 6:22 AM Rating: 4,5

BANYUWANGI

Boten nama aneh ing jagading olah kaprajan ing tanah Jawi mriki, bilih wiwit jaman rumiyin sampun asring kedadosan trajang-tinajrangan, sander-sinander, dhupak-dhinupakan sineling goco-ginoco, bithi-binithi, jotos-jinotos, dugang-dinugang, tendhang-tinendhang, srampang-sinrampang, jejak-jejakan, *jihad*, lan *sweeping*, lsp.

Punika pancen cengkah sanget kaliyan sadaya piwulang luhur ing budhaya Jawi. Pusaraning praja Jawa punika pancen wiwit jaman baheula sampun kawentar wingit sarta angker, dados papan padununganipun sato-galak sarta gudhange jim setan priprayangan dalah para bekasakan, bebasan jalma mara jalma mati sato mara keplayu wedi. '

Yen obah medeni bocah', suraosing tetembungan ing lagu *dolanan* Sluku-Sluku Bathok punika sayektosipun boten kenging damel dolanan lajeng kagantos *Usluk-Usluk Kathok* upaminipun. Manawi pusaraning praja geger, tamtu badhe saged damel miris manahipun rakyat, inggih ingkang dipunanggep taksih *bocah* punika.

Sapunika sumangga sami sesarengan mbikak sejarah, wonten ingkang tega mentala ngracuni ramanipun piyambak kados lelampahanipun Amangkurat III dhateng Amangkurat II.

Ing Babad Tanah Jawi kebak isi prastawa ingkang nggegirisi, wonten ingkang remen tsubit-tsubitan, senggol-senggolan, rebutan tahta, bandha, lsp. Kanthi ngilo sejarah kita saged mangertosi kedadosan punapa ingkang sampun sinerat kala semanten, lajeng sageda kita ingkang gesang ing salebeting jaman gagrag enggal punika samya anebihi kanyatan ala supados kita saged bangsul malih dhateng piwulang-piwulang luhur wau. Punika ingkang dados jejibahan kita sadaya.

Wangsul malih ngrembag bab ing ngajeng wau, lha kok saged ngantos kedadosan prastawa ingkang sarwa-sarwi nggegirisi kadoa makaten? Ngono ya ngono ning aja ngono. Lha wong para pejabat pikantuk kalungguhan inggil amargi julig, boten karana prigel anggenipun makarya, amila boten nama aneh manawi tumindakipun lajeng sarwa-sarwi nganyelke ati.

Pipine nyempluk, wetenge njembluk, mlakune gliyak-gliyuk kaya munyuk sasampunipun *ngemis*, eh kleru, pikantuk utangan saking manca, weee ... ora ngertiya Rupiah anjlog, harga dhirine apa wis tenan ora kajen? Itange ora Yunaz-yunaz [utange durung lunas], apa mung cukup ninggal katepe? Usaha mandheg karyawan padha dipehaka sakepenake udele dhewe, apa udele dhewe kuwi enak rasane? Ning sing ana nduwuran mobile ajeg ganti modhel paling gres, rombongan rame-rame lunga menyang luar negeri nganggo dhuit rakyat nganggo alasan urusan dinas, nyiak dhasar pejabat kampungan! Kunjungan dinas apa bedhol desa? Lha wong ing rombongan mau ana bojone, anake, adhike, ibuke, pembantune, pamane, tanggane, kancane, lsp.

Iki merga sifat serakah sing ora gelem nguwongake liyan, rumangsane *bocah* [rakyat] kuwi bodho, kamangka sejatine dheweke bodhone tikel sepuluh timbang *bocah* mau. *Yen urip golek dhuwit* aja-aja ngemu teges mumpung lungguh dadi panguwasa [urip], goleka dhuwit sak akehe-akehe, nyatane pancen ngono kok. Sing genah watak memayu hayuning bebrayan agung saimit bae ora duwe, nduwene mung watak nylekunis, yen entuk dipek dhewe, yen luput nduding wong liya, banjur dadi eker-ekeran tanpa rasa wirang.

Yen *bocah* atine dadi bureng amerga kahanan, banjur dhemen pek pinek barange pinek, njarah, mabuk-mabukan, majeki wong mlaku, curanmor wis kaya tumor, lsp. dheweke satemene ora bisa disalahake, amerga ing lingkungane pancen nyata wela-wela durung ana keadhilan, banjur akeh sing padha ketularan rusak jiwane, ana sing rumangsa dicilakake, diperjuangake yen perlu nganggo kekerasan wong bengok-bengok ya ora bakal direwes. Lha iki sing marake ati ora tentrem.

Mesthine para pangarsane bangsa kang ngarsa pusaraning praja, legere marang para santana lan para narapraja, mbokyao gitu lho ah anyel atiku, padha gelema migatekake marang watak lan pambegan kanggo paring patuladhan. Dadi ora cukup mung luhur ing budi, nanging uga kudu luhur ing pakarti, ora cukup mung becik ing lambe ndomble, nanging uga apik ing gawe. Ora mung kandheg ing wejangan, nanging uga dikantheni tumandang. Ora mung wasis paring amanah, nanging uga kebak tulusing pratingkah, ora mung micara nanging uga makarya. Cekake luhur njaba njero, ora mung kandheg ing gagasan, nanging nuladhani ing sakabehing laladan.

Eling dhawuh pangandikane Sri Sultan Hamengkubuwana X?

"Yen kepingin dadi pemimpin sing demokratis contonen banyu. Geneya kok banyu? Banyu mono duwe sipat becik patang prakara:

Nalika ing kahanan normal, banyu kuwi mlaku samadyane, ora nate nyingkirake barang sing ngalang-alangi, ana watu ana wit-witan disimpangi. Kanthi luwes kabeh pepalang mau diliwati tanpa sabawa tanpa ngurbanake apa kang dadi tujuwane. Kaya kaya sipat iki gampangan lan tanpa daya, nanging ya kuwi sejatine kekuwatane. Kang kaping pindho, segara kuwi kaya-kaya panguwasane luwih gedhe tinimbang kali, amarga banyune luwih akeh. Nanging sing nggumunake, banyu segara sing dadi tuk utawa belik mesthi ana ing sangisore banyu kali. Iki ngemu teges yen legimitasi kekuwasaan iku kawiwitan saka sikep sing andhap asor lan siap ngladeni kawulane. Kabeh mau mawa imbalan, kabeh banyune kali mesthi mili menyang segara.

Sipat utamane banyu liyane, banyu uga bisa kanggo ngilo. Mula dadi pemimpin mono kudu duwe laku utama, amrih bisa tinuladha kawulane. Pemimpin kudu bisa ngilo kawulane, langkah salangkahe pemimpin mono tansah dadi kawigatene kawula.

Banyu uga duwe sipat mesthi kudu mili mangisor, yaiku nggoleki babagan kang paling baku lan wigati. Ing tengahing bebrayan agung, diwujudake dadi rasa seneng marang sapadha-padha. Sejarah wis nyathet, para paraga sing bisa dadi tokoh gedhe mesthi duwe ciri tresna asih lan hurmat marang sapadha-padha, kayata Mahatma Gandhi, Ibu Theresa, lsp. Panguwasa nduweni jejibahan dadi pangayom lan pangayem kawula alit."

[Source]