Duga Prayoga Arjunasasra | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Duga Prayoga Arjunasasra Reviewed by maztrie on 11:54 AM Rating: 4,5

Duga Prayoga Arjunasasra

MUNG ngedhangkarang sila tumpang, ora kudu tumandang nglamar menyang Manggada, nanging Prabu Arjunasasrabau bisa nggarwa Citrawati. Ora rekasa muter Sriwedari, nanging kelakon nyandhing putri pangawak widadari. Dene Sumantri, mung dadi bemper. Rumangsa dheweke sing luwih pantes sinebut the real king, thukul krentege nantang Arjunasasrabau. Kaduk wani kurang duga..!

Kudune wong wani iku nganggo petungan, ngenggoni tatanan, sarta lumaku jumbuh karo empan papan. Luwih-luwih marang sing mesthine dibekteni. Ora angger wani, nanging kudu nganggo dugaprayoga. Yen ora, ‘’kaduk wani kurang duga’’ jenenge. Kewanen, nanging kurang petung. Sugih kendel bandha wani, murang tata dadine.

Ana tembange sing bisa dadi pepeling: Deduga lawan prayoga/ myang watara reringa awya lali/ iku parabot satuhu/ tan kena tininggala/ tangi lungguh angadeg tuwin lumaku/angucap meneng anendra/ duga-duga nora keri.

Yen kagolongake, tembang mau ing jagading kasusastran Jawa klasik kalebu ewoning sastra piwulang. Tegese, karya sastra sing bisa dadi sarana kanggo nggulawenthah putra-siswa, uga masyarakat umum, tumuju marang marganing kautaman.

Mula ora nggumunake yen sapada tembang pangkur mau, kejaba kerep diwulangake ing sekolah, uga asring diucapake nalika upacara mendhem ari-ari. Karepe cetha, kaajab jabang bayi mengkone bakal ngrembaka dadi manungsa sing tansah nduwe duga prayoga. Duga-prayoga bisaa digondheli lan dicakake kapan wae lan ing ngendi wae. Sebab, duga-prayoga iku mujudake perangan baku kanggo leladi ing madyaning bebrayan agung.

Yen mengkono, apa pancen angel ngecakake lan ngugemi duga-prayoga? Bener, saora-orane mokal bisane kajiwa-kasarira yen ora kaudi. Sebab, nduwe duga prayoga iku ora mung linambaran lantiping pamikir lan dhuwuring ngelmu, nanging uga landheping rasa-pangrasa sarta kabisane ngendhaleni krenteg lan karep.

Ya, saben kang kedunungan pamikir lan pangrasa uga kepanjingan krenteg lan karep. Salah sijine karep kuwasa utawa nguwasani.

Sekawit wong rumangsa bagya mulya yen wis cedhak karo sing nduwe kuwasa. Sebab kanthi mangkono, dheweke bakal kaluberan kamukten utawa kecipratan ‘’wahyuning’’ kuwasa, satemah ora mung diwasani nanging uga melu nguwasani.

Kuwasa, kayadene kapinteran, kasekten, lan karep, temene ora winates. Yen dituruti, ora ana enteke. Sadhuwure sing pinter isih ana sing luwih pinter, sadhuwure sing sekti isih ana sing luwih sekti. Semono uga ing bab kuwasa, apa maneh yen kuwasa mau banjur manunggal karo karep sing banjur karan karep kuwasa utawa malah nepsu kuwasa, mesthi ora ana enteke. Kapara nepsu kuwasa sing ora linambaran kabisan ngendhaleni dhiri bakal nglalekake marang duga prayoga.

Melik Kuwasa

Ing jagad wayang, wis kacetha ing lakon Sumantri Ngenger. Mudhun saka pacrabakan, Sumantri mung nduwe tekad siji: ngawula marang ratu Maespati, Prabu Arjunasasrabau. Mula, apa sabda dhawuhe sang nata mesthi bakal diestokake.

Wiwitane minangka duta sraya nglamar Dewi Citrawati ing negara Manggada. Muter Taman Sriwedari uga dilakoni senajan kanthi mangkono dheweke kudu ngurbanake sedulur tunggal welad, Sukasrana. Kabeh mau mung minangka tandha bukti pasuwitane marang Prabu Arjunasasra.

Nanging Sumantri ora uwal saka karep kuwasa. Panganggepe, ora adil yen Prabu Arjunasasrabau mung ngedhangkarang sila tumpang, ora kudu tumandang menyang Manggada nanging bisa nggarwa Citrawati, ora rekasa muter Sriwedari nanging nyandhing putri pangawak widadari. Dene Sumantri, mung dadi bemper. Rumangsa dheweke sing luwih pantes disebut the real king, thukul krentege nantang Arjunasasrabau. Kaduk wani kurang duga!

Marang saben tumindak sing kalebu ‘’kaduk wani kurang duga’’, mesthi ora angel mbedhek pol-polane. Arjunasasrabau, minangka ratu gung binathara, temene ora perlu maelu ‘’gurem ceceker’’. Nanging marang jagad gumelar, marang kang wis wani murang tata lan nungkak krama, ratu perlu mbuktekake agung-wibawane. Mula, minangka titising Bathara Wisnu, Arjunasasra mung mbutuhake tiwikrama, manjilma dadi raseksa sagunung anakan. Sumantri nglenggana lan pancen dudu apa-apa yen katandhingake sang Nata.

Patih Malawapati, Bathikmadrim, minangka warangka dalem Prabu Anglingdarma mesthine uga tansah setya bekti lan njaga kaluhurane ratune. Nanging minangka puthut ing Nguntarasegara, putrasiswane Begawan Maniksutra, sing persasat wis buntas salwiring ngelmu agal-alus, Bathikmadrim bisa ngraga sukma.

Mula, kanthi karep ngembari sekti lan kuwasane ratu, dheweke nyoba manjing ragane Anglingdarma duk rikala sukmane raja Malawapati iku tininggal lelana. Kaduk wani kurang duga! Bathikmadrim ora ngira manawa Anglingdarma iku temene jalma limpad seprapat tamat. Dudu mukti wibawa minangka narendra sing dirasakake, nanging malah rusake raga sing dialami. Kejodheran!

Senajan ora ngilo marang cerita loro mau, Prabu Brawijaya ing lakon kethoprak Adege Bintara Demak tansah njaga ing kawaspadan marang bibit-bibit kaduk wani kurang duga. Marang Raden Kasan, Brawijaya maringake bumi Glagahwangi. Glagahwangi, ora mung isih awujud alas gung liwang-liwung, nanging uga mujudake tlatah kang cengkar, larang banyu. Beda karo bumi Terung kang nembe wae diparingake marang Raden Kusen, rayine Kasan. Terung luwih subur, lan ing kana Kusen wenang madeg adipati kanthi sesebutan Adipati Pecattandha.

Mangka, sing temen-temen putrane Brawijaya patutan karo Dewi Kadamsih kang banjur kagarwa Adipati Palembang Arya Damar iku Kasan. Nanging Brawijaya rumangsa ora luput anggone peparing. Sebab, sowane Kasan ing Majapait dikantheni Sunan Bonang sing mertandhakake putrane iku wis didombani dening para sunan.

Brawijaya, sasuwene iku wis paring palilah marang para sunan dedunung ing laladane kanthi nindakake prentahe agama kang beda karo agama sing digilut ratu lan kawula Majapait umume. Nanging, tekane para sunan, manut pangrasane wis nggawa bibit-bibit sing nyumelangi tumrap Kasan putrane. Ing embanan kang salah, satriya sing wis diaku minangka putra raja iku mesthi bakal kaduk wani kurang duga, mrengkang pranatan, gajah mbondhan tanpa srati. Sejarah kang banjur asung bukti. (Sucipto Hadi Purnomo).[pakdhedar]

~~maztrie~~
Creative Commons License