Godhan tumrap sastra Jawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Godhan tumrap sastra Jawa Reviewed by maztrie on 10:05 AM Rating: 4,5

Godhan tumrap sastra Jawa

Klumpukan pitakonan, apa sastra Jawa kuwi? Apa sastra abasa Jawa? Apa sastra Jawa kanthi aksara Jawa? Apa sastra Jawa kanthi aksara Latin? Apa sastra Jawa kanthi basa Indonesia? Pawangsulan tumrap pitakonan-pitakonan iki angel tinemu yen mung wates kaudi lumantar dalan siji.
Kanggo nuruti rasa marem, pawangsulan kudu kaudi ngliwati akeh dalan murih nemokake landhesan lan wewaton. Laku kang kabiji angel jalaran kudu ngliwati maneka dalan kanggo nemokake pawangsulan sing gumathok mujudake pepesthening ngurusi Jawa ing pangerten aksara, basa, sastra, budaya, tradhisi, modernitas utawa lokalitas.
Cathetan kuna ing kasusastran Jawa ngemot babagan uripe sastra Jawa sing tinulis ing aksara Jawa. Para pujangga kanthi temen-temen nganggit karya sastra ing maneka wujud, kayadene babad, kakawin lan suluk. Naskah-naskah sastra kuwi dumunung ing wewengkon jaman sing nuwuhake sikep nampa saka bebrayan agung marang asil karya kultural para pujangga,
Aksara Jawa dadi pilihan amarga bisa nuwuhake perbawa lan ruh ing panulisan sastra. Aksara Jawa mujudake tandha laku uripe sastra Jawa kanthi pangurbanan imajinasi, pamikiran lan ekspresi sing manut jaman. Marisake sastra Jawa kanthi aksara Jawa nampa godhan amarga owah-owahan jaman sing ndadekake tinarbukane kalodhangan tumrap perbawane budaya India, China, Arab lan saka negara-negara kulonan.
Perbawa kuwi tuwuh ing laku lair lan ngrembakane sastra Jawa. Peradaban India ketara dhewe ngawiti merbawani sastra Jawa ing babagan aksara nganti cakrik crita. Peradaban Arab lan China uga ngesokake godhan awujud pilihan wujud lan carane crita sing nemtokake nasibe sastra Jawa. Jumedhule peradaban saka kulonan dadi kunci dumadine owah-owahan kang katon tumata ing wujud wewaton kanggo nemtokake nasibe sastra Jawa.
Cathetan sujarah sastra Jawa ngalami owah-owahan gedhe ndalem kawitan abad XX. Sastra Jawa nampa godhan kanggo alihan saka pilihan nggunakake aksara Jawa tumuju aksara Latin sing diusung dening penjajah Walanda kanthi pawadan peradaban kulonan sing luwih modheren.
Godhan kuwi kaimbuhan perbawane pertalan karya sastra saka kulonan ing basa Jawa kanthi aksara Latin. Karya sastra saka panulis teturune wong China uga merbawani basa sing digunakake ing aksara Latin kuwi mau. Godhan kuwi mau sansaya ketara nalika mratah babaran buku, pers lan karya tulis cinithak liyane sing nggunakake aksara Latin ing basa Walanda, Melayu utawa Jawa.
Ngeblat kulonan
Lakon godhan tumrap sastra Jawa kuwi nandhesake yen pangerten sastra Jawa pancen ora paripurna lan uga dadi bukti anane owah-owahan. Kolonial lan para intelektual pribumi eling yen modernitas lan niru budaya kulonan dadi pilihan tanpa bisa bisa ditawa maneh yen duwe sikep nulak.
Sapardi Djoko Damono ngandharake yen aksara Latin kuwi saka tlatah kulonan. Panampane ndadekake sastra Jawa kudu kaperbawan lan ngeblat kulonan. Para panulis Jawa banjur ninggalake wujud babad, kakawin utawa suluk lan luwih milih nulis guritan, cerita cekak (Cerkak) utawa novel.
Tuwuh lan ngrembakane sastra Jawa modhern iki uga banjur ndadekake owahe pangerten sastra Jawa. Sastra Jawa modhern banjur tansah dadi pitakonan sing ora rampung-rampung. Anane panganggep yen pangerten sastra Jawa kuwi ora bisa owah mujudake pratandha yen sastra Jawa mandheg.
Panganggit sastra Jawa modhern kadereng ndhudhah maneka wujud sastra modhern kanthi pangakon yen kuwi uga sastra Jawa. Panjurunge, sastra Jawa mesthi nggunakake basa Jawa. Kuncine sastra Jawa kuwi basa Jawa ing aksara Latin? Sastra Jawa yakuwi guritan, Cerkak lan novel? Sastra Jawa yakuwi sastra kanthi crita detektif, horor lan panglipur wuyung? Basa Jawa kuwi takdire sastra Jawa modheren?
Ngrembakane sastra Jawa modhern wiwit 1920-an kudu ngadhepi ngrembakane sastra Indonesia modheren. Babagan iki nuwuhake perbawa positip lan negatip kanggo nemtokake nasibe sastra Jawa.
George Quinn ing bukune The Novel in Javanese utawa Novel Berbahasa Jawa ora ngecap ya- kuwi mujudake panaliten sastra Jawa. Panaliten iki kanthi gamblang suka gegambaran historis lan nasib sastra Jawa modheren. Quinn nemokake ana babagan kang cawuh ing laku ngrembakane novel abasa Jawa. Novel kuwi wujud sastra kulonan. Panulisan novel ing basa Jawa dadi bukti sastra Jawa modheren sing tinarbuka nampa perbawane saka njaba lan ngalami owah-owahan.
Babagan kang cawuh kuwi katon ing kridhane sastrawan sing ngoyot mring kabudayan Jawa lan nganggep karya sastra asil karyane kuwi sastra Jawa. Novel, guritan utawa Cerkak akeh sing mung sethithik ngrembug Jawa lan luwih akeh ngrembug crita detektif utawa panglipur wuyung. Apa basa tetep dadi babagan sing baku tumrap sastra Jawa modheren? Pira naskah sastra Jawa modheren sing panggah ngrembug babagan Jawa? Ndunungake basa Jawa minangka jati dhirine, kepara nyawane sastra Jawa, bakal dadi wor suh yen ora ana kupiya ndhudhah Jawa sing historis lan Jawa sing kinodrat ngalami owah-owahan.
Para panganggit sing ngoyot mring kabudayan Jawa lan nulis karya sastra kanggo ngrembug Jawa ing basa Indonesia nuduhake kodrat owah-owahaning sastra Jawa modheren. Naskah sastra kuwi ora mung wates sastra sing ngemot lokalitas nanging rancangan tumrap sastra Jawa sing menjila ing wujud lan isi.
Pilihan nggunakake basa Indonesia mujudake toh-tohan tumrap sarana sesambungan lan pawangsulan tumrap cawuhe budaya lan basa. Wacan babagan naskah sastra ing basa Indonesia karyane Rama Mangunwijaya, Umar Kayam, Linus Suryadi AG utawa Arswendo Atmowiloto minangka ”sastra Jawa” mujudake godhan tumrap nasib sastra Jawa modheren. Lakon owah-owahaning sastra Jawa mesthi nuwuhake pradondi, wor suh lan cawuh. Wusana hamung sumangga.[pakdheDar]