Ilmu lan ngelmu tumrap wong Jawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ilmu lan ngelmu tumrap wong Jawa Reviewed by maztrie on 2:49 PM Rating: 4,5

Ilmu lan ngelmu tumrap wong Jawa

Crita Dewaruci sing lumrah dibabar ing pakeliran wayang kulit purwa, lan miturut Dr Pigeaud mujudake crita asli Indonesia (Jawa) kang kaduga dianggit ndalem abad XV, suka gegambaran babagan laku nggayuh kasampurnaning urip.

Nalika wus padha-padha dewasa, Pandhawa lan Kurawa diwulang dening guru Durna ing babagan guna kasantikan, ulah kaprajuritan, kasekten lan jaya kawijayan. Saksurute Prabu Pandudewanata, dhampar keprabon Astina kudune dipasrahake marang Pandhawa. Nanging Kurawa uga pengin nguwasani Astina.
Kurawa banjur ngracik krenah kanggo nyingkirake Pandhawa, antarane lumantar Durna. Resi Durna mrentah Bima supaya ngupadi tirta pawitra, tirta panguripan, banyu suci. Kawitane Bima diprayogakake ngupadi banyu suci kuwi ing gunung Candramuka. Ing kono Bima diadhang denawa loro, nanging kalorone kasil dipateni Bima. Kanyata denawa loro kuwi panjilmane Bathara Indra lan Bayu.
Bima ora kasil nemokake tirta pawitra ing gunung kuwi lan bali nemoni Durna. Dening Durna banjur diprayogakake supaya ngupadi tirta pawitra ing pusering samodra. Kurawa dhewe duwe pangarep-arep murih ing laku sing mbebayani banget kuwi Bima nemahi pati. Yen Bima mati Pandhawa bakal dadi ringkih lan luwih gampang tumrap Kurawa kanggo nyingkirake.
Ing kawitan nuju pusering samodra Bima diadhang ula naga raseksa, nanging kasil dipateni dening Bima. Wusana Bima tekan ing papan sing sepi mamring. Ing kene Bima sapatemon kalawan Dewaruci sing wus ngerti sapa Bima lan apa tujuwane tekan ing papan kono.
Sabanjure Bima dijaluk supaya mlebu ing awake Dewaruci. Ing laku sing tumrap wong lumrah ora tinemu nalar iki Bima nampa maneka warna pengalaman lan wusana bisa meruhi pepethan saka gadhing. Miturut Dewaruci yakuwi urip sajroning pribadine Bima, yakuwi tirta pawitra utawa banyu panguripan.

Dwijawara filsafat Jawa ing Akademi Seni Mangkunegaran, Mas Demang Edy Sulistiono, nalika wawangunem kalawan Espos, durung suwe iki, nelakake, dudu- tan saka crita Dewaruci iki ora linambaran nalar rasional, nanging kudu linambaran laku batin.
Batin
Crita Dewaruci wus umum kabiji minangka mitos. Nanging dudu mitos babagan alam. Mitos ing crita iki ora liya gegambaran lakuning batin, dudu alam fisika nanging alam psikologi. Ing basa prasaja, crita Dewaruci iki dadi gegambaran yen nuju marang pangerten kang sejati kuwi kudu linambaran laku kang abot. Miturut Serat Wedhatama ngelmu kuwi kelakone kanthi laku.
Tumrap wong Jawa, miturut sutresna budaya Jawa, Mufti Raharjo, nalika wawangunem kalawan Espos ing kantor Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kutha Solo, sawetara wektu kapungkur, ngelmu kuwi ora padha karo ilmu.

Jalaran ngelmu kuwi ngemot sawijining piwulang wadi minangka ageming urip. Kanthi mangkono ngelmu kuwi kaudi digayuh lumantar laku batin utawa dalan rohani. Lan saka kuwi, apa sing sinebut ngelmu mujudake pangerten kang asipat batiniah utawa rohaniah.
Ing Wedhatama tinulis pucunging mring makrifat (Sinom: 18) lan ngelmu kuwi kelakone kanthi laku (Pocung: 1). Sing dikarepake ngelmu ing Wedhatama pupuh Pocung kuwi ora liya pucuking pangerten, yakuwi makrifat utawa katelah ngelmu sejati. Dene sing dikarepake laku yakuwi batin utawa asipat batiniah.
Wong sing ngupaya nggayuh ngelmu makrifat utawa kasampurnan luwih nengenake rasa tinimbang pikir. Dene wong sing ngupaya nggayuh ilmu, ya ilmu pengetahuan, luwih nengenake pikir, kepara rasa sok-sok ditinggalake. Wose kabeh kudu sarwa ilmiah. Ya ing kene iki, miturut budayan Jawa Winarso Kalinggo, bedane ngelmu lan ilmu tumrap wong Jawa.
Ngelmu kuwi beblese asipat transendental, yakuwi eling mring kasampurnan, eling mring sangkan paraning dumadi, eling mring Sing Maha Kawasa. Dene ilmu luwih nengenake babagan pikir, rasio, sing sok-sok cengkah karo rasa.
Kepara, ing titi wanci pungkasan iki, jalaran ngiwakake ngelmu lan luwih kadereng mburu ilmu, akeh pawongan sing lantip pikire nanging cethek rasa pangrasane. Kepara ora duwe rasa eling mring sangkan paraning dumadi.

Dene ngelmu utawa uga sinebut ”ilmu sejati” katelah uga minangka esoterisme, kejawen utawa filsafat Jawa. Dr Hamka, methik andharane Al Ghazali, nelakake, ngelmu utawa ilmu sejati utawa makrifat ora bisa digayuh yen mung pawitan akal, pawitan pikir. Ngelmu utawa makrifat sing sejati yakuwi tepung mring Sing Maha Kuwasa. Kudu digayuh lumantar rasa pangrasa.
Tembung tepung kuwi luwih jero tapsirane tinimbang ngerti. Wong Jawa ana sing ngarani yen ngelmu, ya ilmu sejati, kuwi kanthi sebutan sastrajendra. Sastrajendra kuwi saka tembung sastra sing ateges ilmu (knowledge yen ing basa Inggris), tembung jane utawa jan-jane sing ateges temen-temen utawa nyata lan tembung narendra sing ateges Gusti (God yen ing basa Inggris). Kanthi mangkono sastrajendra ateges ilmu sejati babagan Gusti Sing Maha Kawasa.[pakdheDar]