Legawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Legawa Reviewed by maztrie on 11:46 AM Rating: 4,5

Legawa

TEMBUNG “legawa” iku tembung saka basa Jawa sing saiki uga dianggo ing basa Indonesia. Legawa iku tegese lila utawa eklas. Ing basa Jawa ana tembung “lila legawa’”. Legawa iku ana gandhenge karo tembung “lega”. Sing dadi pitakon yaiku gandhenge tembung “lega” karo “legawa”: saka ngendi tambahan “-wa” ing tembung “legawa” iku?

Ing pawayangan ana paraga sing jenenge “Rama Legawa”. Tembung “legawa” jenege paraga mau asale saka tembung “Raghawa”. Kayadene “Pandhawa” utawa “Korawa”, tembung “Raghawa” iku tegese darah utawa turune “Raghu”. Sajake dumadine tembung “legawa” iku ya saka jeneng mau, dene maknane ya padha karo tembung “lega” utawa “lila”. Tembung lega utawa legawa iku nggambarake sikap batin kang eklas, lila, ora kagubel ing rasa owel utawa gela.

Almarhumah penyair Jawa moderen, Iesmaniasita, nyipta gurit sing irah-irahane “Apa kowe wis lega..?” Ing gurit mau Iesmaniasita takon marang penyair-penyair sak angkatane, “apa kowe wis lega yen mung sesindhenan lagu warisan?” Pancen, ing kasusastraan Jawa akeh reriptan kang adiluhung. Akeh pengarang lan pujangga kondhang, wiwit Empu Sendah, Empu Panuluh nganti Ranggawarsita. Ananging pengarang saiki apa ya wis marem yen mung ngopeni warisane para leluhur, ora bisa nyipta reriptan dhewe? Tembung “lega” kena ditegesi “nrima”, yaiku nrima menawa wis bisa “sesindhenan lagu warisan” ora nduwe greget nyipta lagu dhewe.

Tembung “legawa” iku tegese nampa kanthi ati longgar. Yen kalah ya bisa nampa kekalahane, yen menang ya ora banget-banget olehe mbungahi. Caleg sing ora kapilih dadi anggota legislatif ora perlu banget-banget olehe nggrantes utawa pepes atine. Ananging tumrape sing ora nglakoni pancen ya gampang bae kandha mangkono, tumrape sing nglakoni, saya-saya sing wis ngetoke dhuwit sing ora sethithik, jagad iki pancen ya banjur peteng temenan.

Sakabehing tumindak iku ana wohe dhewe-dhewe. Ora sakabehing panjangkah utawa pepinginan iku bisa katurutan, luwih-luwih menawa ora dikantheni ikhtiar lan dipetung kanthi premati. Senajan kayadene wis janji “siap menang, siap kalah”, nanging yen kalah kaya-kaya kok ya ra siap. Dadi, ngudi legawaning ati pancen ora gampang.

Manungsa iku pancen kudu bisa legawa, awit manungsa iku mung titah sing ora uwal saka papesthen. Manungsa iku bisa ketaman lara, ketaman susah, lan ketaman nasib sing ora becik, dadi tuwa lan ora luput ing pati. Yen wis tekan kalamangsane, manungsa bisane mung pasrah marang Sing Gawe Urip. Tanpa nyelaki perlune ikhtiar, pepesthen kang tumunduk ing uripe manungsa kudu ditampa kanthi lila legawaning ati. KGPAA Mangkunegara IV ing Serat Wedhatama ing pupuh Pocung paring dhawuh menawa ana sifat telu sing perlu diugemi, yaiku

lila lamun kelangan, trima yen ketaman,legawa lan pasrah marang Sing Gawe Urip.

Lila lamun kelangannora gegetun trima yen ketawan sak serik sameng dumadi tri lagawa nalangsa srah ing bathara.[pakdhedar]

~~maztrie~~
Creative Commons License