MANGREH PIKIR | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
MANGREH PIKIR Reviewed by maztrie on 2:26 AM Rating: 4,5

MANGREH PIKIR

Saben pikir punika kenceng anggenipun ngengeti dhateng salah satunggaling bab, adhatipun mesthi wonten salah satunggaling peranganipun badhan ingkang katut methentheng [kenceng/ngececer].

Upaminipun: Tiyang ingkang nuju mikir perkawis ingkang awrat, adhatipun mripatipun lajeng mancereng, kulitipun bathuk katut njengkerut. Manawi tiyang nuju nesu, drijinipun nggegem kenceng. Makaten wau sampun dados lageyane badhan.

Dene sebabipun saben pikir makarti rosa, badhan utawi otot lajeng katut methentheng, punika jalaran saben dinten saebah polahing badhan punika saking prentahing pikir. Mila saben pikir makarti, mesthi lajeng sumadya tinanggapan ing [ototing] badhan, ngantos kanthi pangangkah jalaran sampun dados pakulinan.

Pancen gandhenging pikir lan badhan punika raket sanget. Mila manawi pikir makarti punapa-punapa, badhan sok lajeng tumut methengtheng piyambak. Mila tiyang mangreh pikir/konsentrasi punika kedah kenceng cumakoting ciptanipun dhateng ingkang nedya dipun enget-enget. Manawi kirang prayitna mesthi wonten otot bayu utawi peranganing badhan ingkang methentheng.

Bebayanipun saupami tiyang mangreh pikir lajeng wonten otot bayunipun ingkang boten dipun klokrokaken [kendhokaken], dangu-dangu tiyang lajeng gadhah sakit ngelu. Saya dangu malah saged kadunungan sipat lalen utawi kerep bingung. Ingkang sanget, saged sakit ewah.

Mila tiyang gladhen mangreh pikir/konsentrasi punika sarana pikir dipun reh rumiyin, kedah kanthi mulat, tegesipun sadaya peranganing badhan karaosa kendho, boten wonten raos ngaya, kenceng methentheng. Sampun ngantos mikir utawi ngengeti dhateng bab sanes kejawi ingkang sampun dipun pilih kemawon, inggih ingkang sampun dipun enget-enget, dipun sawang, lan kedah mbaka setunggal bab rumiyin, boten saged borongan sanadyan ta sadaya wau sami wigatosipun.

Nanging manawi kapeksa nilar, jalaran wonten alangan bab/pendamelan prelu ingkang boten saged dipun oncati, prayoginipun ing salebeting nilar nindaki pendamelan sanes wau, ing batos tansah ngengetana bilih wekdal wau wancinipun mangreh pikir bab wiwitan ingkang sampun dipun pilih.

Inggih bab ingkang sampun dipun pilih, dipun sawang ing pamikir, dipun enget-enget ing batos punika ingkang dipun wastani cakotan. Dene menggah punapa ingkang dipun pilih kangge cakotan wau, kenging warni-warni. Manawi saged sumerab wujudipun, inggih kenging nggantha wujudipun. Dene manawi dereng sumerab wujudipun, inggih kenging namung naminipun kemawon, kadosta Mastoni, nyiakkk :

( Gladhen mangreh pikir punika pancen dede perkawis gampil kados panginten kula piyambak. Sang Arjuna kemawon ngantos sambat dhateng Sri Kresna. Amila manawi boten ngantos atul [kulina] anggenipun gladhen mangreh pikir tamtu boten badhe kasembadan, langkung-langkung manawi saweg nandangi pendamelan ingkang sak hohah kathahipun, sangsaya bingung anggenipun badhe nemtokaken pundi ingkang kedah dipun rumiyinaken.

Nanging kosokwangsulipun, punapa wonten pakaryan angel manawi tiyangipun sampun kulina nindakaken. Minangka tuladha: nyerat abasa Jawi. Nalika saweg sinau nyerat ing Milis Jawi, kados punapa awratipun damel ukara satunggal kemawon. Nanging sareng asring dipun cobi sanadyan kanthi rekaos lan bandha nekad wani dipaido ndara-ndara linguis, dangu-dangu mangke rak nggih saged.

Sareng sampun saged, lan terus dipun lampahi saben dinten, samangke punapa nyerat punika kraos uangil? Mbokmanawi boten, jalaran lampahing tangan kita punika samangke prasasat boten dipun reh, sampun tumindak piyambak. Cobain ajza!

Ingkang baku kedah teteg, punika tegesipun tanpa sumelang [Shogun dilawan!] lan tlaten. Tlaten punika tegesipun sanadyan sampun sawatawis dangu anggenipun gladhen, mangka rumaos dereng angsal indhaking pengalaman punapa-punapa, ewadene kedah tetep santosa kanthi sabar anggenipun nglampahi gladhen wau, sampun ngantos wonten raos daya-daya. Para sutresna PJ tamtu sampun pirsa, bilih amahyakaken satunggaling pamanggih punika saged dipun wujudaken sarana ngaku, ngantebaken, saged ugi wujud selak utawi ngorakaken. Dados saged yes or no.

Sanadyan pikir namung saged ngejawantah ing tetembungan, nanging tetembungan punika sanes pirantos ingkang saged kangge sapurun-purunipun mikir.

Punika amargi sajawinipun nalar, tetembungan ingkang runtut dados ukara, ukara dados basa, punika anggadhahi maksud ingkang benten-benten gumantung kabetahanipun tiyang ingkang gineman.

Wonten pamilihing basa ingkang mligi kangge pirantos pikir ingkang cundhuk kaliyan nalar, nanging wonten ugi pamilihing basa ingkang tumuju dhateng kaendahan. Upaminipun:

(1) Mastoni punika bodho.

(2) Mastoni punika boten pinter.

Miturut nalar, kalih-kalihipun tegesipun sami: bodho punika sami kaliyan boten pinter, sami cublukipun. Nanging miturut raos pangraos, katerangan kalih warni wau sejatosipun boten sami.

Tuladha sanesipun, inggih punika tetembungan ingkang asring pinanggih ing kasusastran kadosta: rai gedheg, ketiban telek baya, ora tau mangan sekolahan, lsp.

Manawi dipun nalar, kaendahanipun tembung-tembung wau lajeng ical amargi tetembungan wau nilar waton-waton nalar, nanging malah kapara dados saenipun.Ora tau mangan sekolahan punika punapa pinanggih ing nalar? (lha wong sekolahan kok dipangan), nanging tiyang ngertos dhateng maksudipun awit ingkang saweg dipun ginakaken sanes nalar.

Dados sauger sesulih purusa kapisan [sinten ingkang gineman] lan sesulih purusa kapindho [sinten ingkang tumanggap wawan ginem] punika saged ngertos-ingertosan sinten utawi punapa ingkang dipunginem, kados pundi swasananipun, saged linton-lintonan pamanggih, saged mbedakaken pundi ingkang cocog lan pundi ingkang mleset, bab trep mbadhalipun pamilihing tembung saking paugeraning basa, cetha gesehipun dhapukaning ukara, runtut mengslenipun pangiketing basa, leresipun ejaan saha pakecapan, kula namung nyumanggakaken ingkang gineman.

Menggah pangrawiting parama sastra lan basa kula ingkang sarwa-sarwi grothal-grathul, kirang pratitis, lsp., punapa dene ingkang kalingga murda [dialembana], kula namung nyumanggakaken para ingkang kersa hangemutaken. Saking pamanggih kula, ingkang langkung wigatos kalenggahaning basa punika kedah saged kangge lung tinampen pangertosan utawi tumanduk tumanggap. Sigeg. [KiDemang]