PANGAREP-AREPING BUDI | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
PANGAREP-AREPING BUDI Reviewed by maztrie on 4:38 AM Rating: 4,5

PANGAREP-AREPING BUDI

Anggen kita asung cap-capan dhateng satunggaling tiyang miturut pakar ilmu kajiwan Fritz Heider, punika adakanipun mawi pancadan wewatekanipun tiyang punika (a dispositional attribution) utawi saking anggenipun tiyang punika tumanduk tumanggap dhateng kawontenan ing sakupengipun (a situational attribution).


Kita asring kacelik klentu anggenipun paring cap-capan dhateng tiyang sanes. Sasampunipun sawatawis dangu rumaket kaliyan priyantunipun, kita lajeng saged nguningani bilih ing sanjawinipun profesi saha papan lan wekdal ingkang benten, wewatekanipun utawi polah tingkahipun tiyang punika pranyata saged cengkah kaliyan pangentha-entha kita saderengipun. Sanadyan makaten trekadang boten gampil anggen kita badhe saged ngewahi cap-capan ingkang sampun kaladuk tumempel ing tiyang wau. Manawi cap-capan punika ngemu suraos semu ngece lan nyepelekaken nanging nyata cengkah kaliyan kasunyatanipun tetiyang wau, punika ing kaweruh kajiwan dipunwastani ing basa kemplingipun fundamental attribution error.

Menawi faktor internal (pawonganipun) ingkang kita dadosaken minangka pancadan anggen kita mratelakaken tiyang sanes, kita saged kaladuk paring pangentha-entha wujud cap-capan ingkang sok asring klentu sanget ngengingi wewatekan utawi polah tingkah sayektosipun tiyang wau kados pundi.


Kosokwangsulipun, menawi faktor eksternal (kawontenanipun) ingkang kita dadosaken minangka pancadan anggen kita mahyakaken wewatekan lan polah tingkah kita piyambak, ingkang miturut kita piyambak sawanci-wanci saged ewah gumantung empan lan papanipun, awrat kita saged hanampeni cap-capanipun tiyang sanes ngengingi dhiri kita pribadi.

Ing gesang padintenan, kita asring nemahi kedadosan ingkang mbetahaken katrangan ngengingi satunggaling tiyang. Nalika wonten rencang ngendikan ingkang boten adamel renaning manah kita upaminipun, kita saged nglelimbang, “Ya sing sabar sawetara, mbokmenawa bae merga esuk mau dheweke bar dinesoni ndara juragane.” Punika manawi kita migunakaken pancadan eksternal.


Utawi saged ugi kita boten purun ngalah lajeng mangsuli, “Watekmu wiwit ndhisik pancen ala banget, aku rumangsa getun kekancan karo kowe!” Punika manawi kita migunakaken pancadan internal. Nyumanggakaken anggen kita mbiji tiyang sanes badhe milih mawi pancadan eksternal punapa internal, ingkang wigatos kekalihipun anggadhahi konsekuensi nyata ing pasrawungan. Wong nandur pari thukul pari, wong nandur lateng thukul lateng.


Titah aran manungsa punika pancen sok kumacelu rumaos awrat manawi kedah mangilo manjero supados pana dhateng weting sebab lan akibat saking lelampahan bungah susah ingkang sinandang ing salabeting gesangipun. Kanthi anggladhi watak remen angyektosi lan anitipriksa manjero punika mbokmanawi ingkang dipunkersakaken dening para leluhur kita, tinilar ing rerangken sesotya ingkang rineka ing ukara “sembah rasa karasa rosing dumadi, dadine wis tanpa tudhuh, mung kalawan kasing batos”.[PakdheDar]