purwaka | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
purwaka Reviewed by maztrie on 2:54 PM Rating: 4,5

purwaka

Paramasastra inggih menika wewaton bab panyerat sarta tatananipun tetembungan ing basa, utawi pranatan dhasar panataning tembung utawi ukara; supados menawi nganggit lan nyerat ukara saged sae lan leres.
Jalaran adhedhasar kawontenan saha kanyatan ingkang wonten ing pamulangan saha bebrayan agung, mliginipun para siswa lan para mudha anggenipun sami nyerat tembung utawi ukara asring lepat saha dereng leres.
Pramila kanthi wontenipun rubrik Paramasastra Basa Jawa ing Jagad Jawa SOLOPOS, wiwit wulan Mei 2009 saben dinten Kemis (Respati) minggu kaping kalih lan sekawan sageta kangge gegebengan utawi pandoming sinau basa Jawi wonten ing kulawarga, masarakat, sekolah utawi ing pawiyatan luhur.
Rubrik (kolom) Paramasastra Basa Jawa dipunembani (dipunesuhi) Jurusan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Sastra saha Seni Rupa Universitas Sebelas Maret Surakarta kaliyan Komite Basa Jawi Pusat Surakarta. Paramasastra mujudaken peranganipun ngelmu basa (linguistik) ingkang wigatos tumraping tiyang ingkang sami ngudi lan marsudi saha sinau basa.
Jalaran tiyang ingkang amarsudi murih wasis ngginakaken basa (seratan/ tulis utawi pangandikan/ lesan), kedah nguwaosi perangan ngelmunipun ingkang cacahipun wonten sekawan, inggih menika bab widyaswara (fonologi), widyatembung (morfologi), widyaukara (sintaksis), miwah widyamakna (semantik).

Widyaswara (fonologi)
Tembung widyaswara dumadi saking tembung widya lan swara; widya asalipun saking basa Jawi Kina ingkang tegesipun ilmu, wondene tembung swara tegesipun uni utawi suwanten. Dados widyaswara menika ilmu ingkang ngrembag lan nyinau babagan suwanten utawi uni. Wonten linguistik, widyaswara ugi sinebat fonologi. Suwanten ingkang karembag inggih menika suwanten ingkang tumata lan wonten tegesipun, sanes suwanten ingkang boten tumata lan tanpa teges.
Widyaswara menika ngrembag babagan (1) suwanten ingkang saged mbedakaken wujud lan tegesipun (destingtif), (2) lira-lirunipun suwanten ingkang boten anjalari ewahipun teges (alofon), lan (3) ewahipun vokal (aksara swara) ing wandanipun tembung jalaran panambang tartamtu (umlaut utawi modifikasi vokal)
Destingtif inggih menika suwanten lan wujud seratanipun beda ingkang saged anjalari bedanipun teges (arti, makna). Ingkang beda saged vokal (aksara swara) utawi konsonan (katutswara). Suwanten ingkang njalari tembungipun dados beda wujud lan tegesipun kawastanan fonem.
n Tuladha destingtif vokal:
1) loro ‘dua’ - lara ‘sakit’
2) coro ‘kecoak’ - cara ‘cara’
3) saru ‘porno’ - suru ‘sendok dari daun pisang’
4) turu ‘tidur’ - tari ‘ajak, joged ‘
5) rondha ‘jaga malam’ - randha ‘janda’
n Tuladha destingtif konsonan:
1) wedi ‘takut’ - wedhi ‘pasir’
2) bapa ‘bapak’ - bata ‘batu merah’
3) soto ‘jenis makanan’ - sotho ‘pukul’
4) tutuk ‘mulut - thuthuk ‘pukul’
5) sapi ‘lembu’ - sawi ‘jenis tumbuhan’
6) kuru ‘kurus’ - kudu ‘harus’
7) tuna ‘rugi’ - tuwa ‘tua’
[pakdheDar]