sasmita | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
sasmita Reviewed by maztrie on 11:14 AM Rating: 4,5

sasmita

SASMITA iku mujudake sarana komunikasi sing cepet utawa singkat sing sifate khusus utawa sinandi. Sarate mesthi bae tandha-tandha utawa lambang kang dianggo ing komunikasi mau wis dingerteni dening pihak-pihak sing nglantarake Ian sing nampa bab kang dikomunikasekake. Beda karo komunikasi sing migunakake basa, sesambungan nganggo basa isyarat utawa sasmita iku ora dijlentrehake kanthi cetha, mung dipek intisarine wae.
Rehne sing dikarepake ora diterangake kanthi mlaha, mula sing nampa sasmita mau kudu landhep panggraitane supaya bisa tanggap ing sasmita.

Wong sing tanggap ing sasmita iku bisa ‘’maca’’ kahanan. Upamane: yen nampa tamu lan tamune mau sajak kesumuken, ya kipas angine diurupake; yen tamune sajak ngelak banget ya enggal kongkonan nggawekake unjukan; mangkono sateruse. Sasmita mau ana sing sifate verbal utawa nganggo tembung-tembung, ana sing nonverbal ora arupa tembung-tembung nanging arupa isyarat.
Yen arupa tembung-tembung sifate ya cekak aos, yen arupa isyarat upamane: gedhek utawa anthuking sirah, obahing tangan utawa driji, esem, lan sapanunggalane. Sasmita sing sifate verbal upamane: sasmitaning dhalang lan sasmitaning tembang. Dhalang aweh sasmita marang para niyaga mungguh gendhing sing dikarepake. Dene sasmitaning tembang, sing nganggit tembang aweh sasmita marang sing maca, tembang apa sing dianggo utawa sing bakal gumanti. Sasmitaning tembang sing awujud tembung-tembung iku tarkadhang sing dimanfaatake mung swara wandane, upamane sasmitaning tembang Pangkur iku migunakake tembung-tembung ‘’kepungkur, kawuri, kawuntat, utawa yuda kenaka’’ yaiku kukur-kukur. Ilmu kang gegayutan karo tandha-tandha iku disebut semiotik utawa semiotika.

Ilmu mau tebane amba, ora ngemungake ngrembug bab tanda bahasa utawa sastra, nanging ngenani panganggone tandha ing babagan apa bae. Ing semiotika tandha-tandha mau dibedak-bedakake dadi telu yaiku imbul, ikon, lan indeks. Para sepuh jaman biyen tansah nyetitekake marang anane tandha-tandha lan isyarat. Tandha-tandha utawa firasat mau upamane: impen, keduten, kuping mbengung, lan liya-liyane. Ana tanda utawa firasat kang arupa ocehing prenjak sing nelakake bakal ana tamu; swaraning gagak utawa emprit gantil nelakake ana sing kepaten; swarane bence nandhakake yen ana maling; lan liya-liyane. Kabeh mau ya ana sing bener ning ya ana sing ora, amarga dhasare mung titen, yaiku nyetitekake tandha-tandha mau lan isi utawa ‘’pesan’’ tumrap tandha-tandha mau sing wis kedadeyan makaping-kaping Wong kang landhep panggraitane bisa ngerti kanthi cepet mungguh apa kang kineker ing tandhatandha utawa sasmita mau. Wong kang landhep panggraitane bisa ‘’maca’’ tandha utawa sasmita.

Ora mung, tandha-tandha kang awujud pangimpen, keduten, ocehing manuk, nanging uga tandha-tandha alam, tandha-tandha jaman, nganti tandha-tandha sing sifate gaib. Mula tumrape wong Jawa ora jeneng mokal menawa ana sarjana-sujana sing weruh sadurunge winarah.[pakkdheDar]