Wayang | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Wayang Reviewed by maztrie on 2:21 AM Rating: 4,5

Wayang

TEMBUNG "wayang" iku ana sambung-rapete karo "ayang-ayang", "ayang-ayangan", "wewayangan" utawa "bayang-bayang". Ing basa Inggris, wayang disebut shadow play, tembung sing trep banget kanggo nerjemahake wayang kulit. Wayang iku pancen sandiwara utawa "permainan" bayang-bayang. Sing diarani ayang-ayang bisa wayange, bisa uga ayang-ayangane ing kelir, amarga wayang mau kesorot sunaring blencong.

Ayang-ayangan iku ana, marga anane barang kang kesorot srengenge kayadene wayang kang kesorot blencong. Ayang-ayang iku wujude "dua dimensi", mangkono uga wayang, dimensine uga loro. Ayang-ayang utawa blegering manungsa kang sinawang saka ngiringan iku dimensine loro. Rehne kasawang saka ngiringan, wayang iku sing akeh-akeh mripate mung katon siji. Mula ing basa Indonesia "semata wayang" kuwi tegese mung siji, upamane "anak semata wayang". Kayadene gambar mobil sing kasawang saka ngiringan, mobil iku rodhane mung katon loro.

Dadi, ora saben wayang iku ing basa Inggris kena diarani shadow play. Wayang golek iku dimensine telu lan ora ana ayang-ayangane, amarga tanpa kelir. Wayang golek klebu wayang boneka utawa puppet play. Golek iku tegese boneka utawa anak-anakan, mula ana tembung "golek kencana" sing tegese boneka kang digawe saka emas. Ana sing kanthi guyon kandha "Kabeh wayang kuwi wayang golek, ya kuwi golek dhuwit". Tembung "golek" senajan pakecapane padha, tegese ora mesthi padha.

Wayang kulit iku panggawene srana ditatah. Tatahan mau wujud bolongan cilik sing arupa garis utawa garis mlengkung. Ora mung kuluk utawa makutha kang ditatah, nanging uga mripat, cangkem, brengos, lan gulu. Wayang sing kebak tatahan utawa bolongan cilik-cilik iku, ayang-ayangane ing kelir dari cetha blegere, amarga sunaring blencong bisa nembus tatahan. Yen kasawang saka samburining kelir, blegering wayang tetep katon cetha, malah katon luwih urip. Mula ana panemu yen wayang iku kudune ditonton saka mburi kelir. Wayang katone kaya obah dhewe, amarga saka mburi kelir dhalange ora katon. Ya mung yen saka mburi kelir, wayang mau mung katon ireng, amarga cet utawa brom-bromane ora katon.

Saiki nonton wayang iku ora mung tumuju marang kelir, nanging uga tumuju marang gamelan, para niyaga, lan sing luwih wigati tumuju marang pesindhen utawa waranggana sing lungguh jejer-jejer ana sangareping simpingan wayang sisih tengen. Malah saiki punjering tontonan iku ora mung sing kedadeyan ana kelir, nanging uga ing sanjabaning kelir.

Satemene kelir iku mujudake papan dumadine lelakon. Kelir sing kasunaran blencong iku kang mujudake "jagat"-ing wayang. Kelir iku sifate "abstrak", lire ora menehi gegambaran kang bisa disawang ngenani papan dununging lelakon. Adegan ing pendhapa agung, ing padhepokan, ing tengah alas, ing segara, lan liya-liyane, ya pada bae. Ya mung critane dhalang sing bisa nggugah angen-angen utawa imajinasine penonton. Iku ora mujudake cacat, malah kanthi mangkono penonton bisa gawe gegambaran dhewe-dhewe salaras karo perbendaharaan pengalamane.

Kelir, sing dimensine loro, dipilah sing kiwa karo sing tengen. Sing ana tengening dhalang iku sifate becik, dene kang ana sakiwane, racake watake ala. Obahing wayang ya mung ngiwa utawa nengen. Sing ana kiwa diwayangake nganggo tangan kiwa, sing tengen nanggo tangan tengen. Amarga tangan tengen adhakane luwih trampil katimbang tangan kiwa, mula wayang sing dilakokake nganggo tangan tengen sing akeh-akeh menang menawa tetandhingan karo wayang kang diobahake nganggo tangan kiwa.

Sawise ana wayang kulit, lagi ana wayang wong. Wayang kulit dimensine loro, dene wayang wong dimensine telu. Wayang uwong iku bisa disumurupi kanthi becik menawa sing nonton wis wanuh karo wayang kulit. Wayang wong bisa dibedakake siji lan sijine kanthi nyawang sandhang-penganggone kang sairip karo wayang kulit. Dedeg piadeg, swara, lan pocapane wayang uga sairip karo wayang kulit. Sipat "dua dimensi"-ne wayang kulit iku uga isih nabet ing wayang wong. Kayadene kelir, pentas sok mung dibedakake kiwa lan tengen. Peranging wayang wong ya mung kiwa mungsuh tengen, yen keplayu ya mlayu ngiwa lan nengen. Obah lan lakuning wayang wong niru obah lan lakuning wayang kulit.

Wiwitane wayang iku niru lan nggambarake manungsa utawa wong, nanging ing wayang wong, wong niru wayang. Bab sing kaya mangkono iku uga kita prangguli ing tari golek. Golek iku ngirip-irip uwong, nanging tari golek penarine nirokake tingkah polahe wayang golek.

Source