Baud maca Jawa kanthi Malima | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Baud maca Jawa kanthi Malima Reviewed by maztrie on 3:05 AM Rating: 4,5

Baud maca Jawa kanthi Malima

Senajan aksara Jawa kuwi warisane bangsa kita (Jawa) nanging ing wektu iki para nom-noman Jawa padha ora bisa maca aksara Jawa. Apa maneh maca, lah wong ngerti aksara Jawa wae wis padha mengkorog githoke.
Yagene para nom-noman saiki padha ora bisa maca aksara Jawa? Pitakon kaya mangkono mujudake prakara kang kudu digoleki underane. Lan pranyata ora angel, antara liya yaiku aksara Jawa saiki wis ora kanggo sarana sesambungan ing bebrayan Jawa. Lan ing sekolahan, aksara Jawa ora diwulangake kanthi becik.
Kanggo ngrampungake prakara kasebut, gelem ora gelem guru Basa Jawa sing kudu ndhisiki cancut taliwanda. Jalaran guru Basa Jawa dianggep paraga sing paling cedhak kalawan nom-noman lan nduweni kawenangan “meksa” para siswa sinau maca aksara Jawa.
Nanging kanyatan sing lumaku, para guru sajake ora bisa “meksa” para siswane sinau maca aksara Jawa. Apa jalaran kabotan kurikulum kang lumaku? Lan jalaran guru kudu mbagi wektu kanggo pirang-pirang kompetensi kang kudu digayuh? Bab iki isih kudu dibuktekake kanthi panaliten.
Ing SMP Negeri 2 Kismantoro, Wonogiri, siswa kelas VII ora ana kang bisa maca aksara Jawa. Siji-sijia bae ora ana. Saperangan gedhe siswa mung bisa nyebutake siji utawa loro aksara Jawa, kuwi bae isih nganggo mikir sawetara wektu. Kanthi kanyatan kang kaya mangkono kudu dianakake metode pembelajaran kang bisa njalari siswa seneng lan wusana baud maca aksara Jawa.
Metode pembelajaran kang ditrepake yaiku pembelajaran kooperatif aktif. Cara sinau kang kaya mangkene iki siswa kudu aktif lan kooperatif sajrone ngangsu kawruh. Siswa ora mung meneng ngrungokake ngendikane guru.
Cara sinau kasebut nate katindakake dening panulis ing SMP Negeri 2 Kismantoro, papane mulang. Dene modhele yaiku kanthi nindakake gladhen kang diwenehi tenger Malima. Kang dikarepake Malima yaiku membuat, menghafal, mengajar, membiasakan, lan membaca.
Membuat (nggawe), siswa di-dhawuhi gawe alat peraga kang wujude aksara Jawa. Pakaryan iki mengku karep siswa sinau luwih dhisik kanthi cara ngapalake aksara Jawa. Pirantine bisa digawe saka kertas karton. Ing bab iki guru menehi pola aksara Jawa marang para siswa siji-siji. Ing perangan iki aktifitas siswa wis kawiwitan.
Menghafal (ngapalake), siswa didhawuhi ngapalake aksara kang wis digawe. Ing perangan ngapalake iki diajab siswa luwih cepet apal jalaran nalika nggawe alat peraga aksara Jawa, otomatis ajar kenal aksara Jawa.
Mengajar (nyinaoni), ing perangan iki siswa ing kelas kasebut dipantha-pantha gumantung cacahe siswa. Saben sakpantha bisa dumadi saka 5-7 siswa. Ing saben panthan, siswa didhawuhi takon-tinakonan bab aksara Jawa. Siswa kang wis apal bisa dadi motivator lan nyinaoni tumrap kang durung apal. Ing perangan iki kerja sama siswa wis kawiwitan. Wusana, siswa diajab wis bisa apal aksara Jawa nglegena.
Membiasakan (ngulinakake), supayane ora gampang lali, siswa kudu ngulinakake nyawang lan maca aksara Jawa. Bab iki katindakake jalaran aksara Jawa ing wektu iki mujudake aksara kang “asing” tumrape wong Jawa lan ora saben-saben wektu lan papan bisa kaprangguli. Kanggo ngulinakake, aksara Jawa kudu dipasang ing sadhengah papan kang sewayah-wayah bisa disawang lan diwaca dening sadhengah siswa.
Membaca (maca), ing perangan iki beda karo maca ing perangan ngulinakake. Ing perangan iki maca aksara Jawa kang wis arupa ukara cekak. Kang panulise aksara wis nganggo pasangan. Upamane Mas Purnama numpak sepur, Saridin angon sapi lan sapiturute. Kanthi mangkono guru kudu nyedhiyakake wacan-wacan kang nggunakake aksara Jawa arupa buku, utawa majalah. Ing pengajab siswa bisa luwih seneng maca.

Bukti nyata
Apa wis bener kabukten cara sinau Malima kasebut? Mesthine pitakon kaya mangkono bakal kawetu samangsa maca andharan ing dhuwur. Wangsulane cekak, wis. Kaya kang wis disebutake ing ndhuwur ngenani kaanane siswa kelas VII ing SMP Negeri 2 Kismantoro, panulis banjur nindakake panaliten kang diarani Penelitian Tindakan Kelas (PTK).
Panaliten iki katindakake ing semester kapisan ing tahun pelajaran 2008/2009. Subyeke siswa kelas VII A ing SMP Negeri 2 Kismantoro. Subyek kasebut ditemtokake kanthi dhasar saperangan gedhe siswa ora bisa ndumuk aksara Jawa, endi kang “ha”,” na”, “ca”, “ra”, “ka”, lan sapiturute.
Sawise panulis nindakake pembelajaran kanthi gladhen cara “malima” kasebut, ing minggu kapisan wis nuduhake ana undhak-undhakan. Cacahe siswa kang bisa nyebutake aksara Jawa saya akeh lan aksara kang didumuk uga saya akeh. Saya mundhak minggu saya akeh kang baud. Ing pungkasane tahun pelajaran iki kira-kira 30% siswa bisa maca aksara Jawa kanthi becik, dene liyane bisa maca nanging isih blekak-blekuk. ::Arih Numboro, Guru Basa Jawa ing SMP Negeri 2 Kismantoro, Wonogiri
. [pakdhedar]
~~maztrie~~
Creative Commons License