Bedhug keadilan | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Bedhug keadilan Reviewed by maztrie on 6:34 AM Rating: 4,5

Bedhug keadilan

Sinuwun Cakra Baskara mujudake ratu kang wicaksana. Sang Nata tansah mbudidaya njejegake keadilan. Ing sangarepe kraton dipasangi bedhug cilik. Sapa wae sing rumangsa durung oleh keadilan dikeparengake nabuh bedhug mau.

Sang Nata kagungan putra kakung asmane Pangeran Tejaningrat. Wiwit isih cilik, Pangeran Tejaningrat digulawenthah dening para guru kang wasis lan waskitha. Ora mokal yen Pangeran Tejaningrat dadi nom-noman kang pinter lan trampil.Sarehne wis sepuh, Sang Nata ngersakake lengser keprabon. Mula saka kuwi Pangeran Tejaningrat banjur kawisudha minangka Pangeran Pati, ngiras pantes ditepungake marang sakehing kawula.

Sawise upacara wisudhan, Pangeran Tejaningrat banjur diarak kanthi nitih kreta kencana. Para prajurit padha ngiringake kanthi nunggang jaran. Arak-arakan mau mubeng-mubeng ngliwati dalan-dalan ing tengah kutha. Rakyat padha nyekseni arak-arakan mau ing pinggir-pinggir dalan sing diliwati.

Nalika kuwi ana manuk blekok sajodho mabur kekiter ana sandhuwure arak-arakan. Kebeneran Pangeran Tejaningrat pirsa abure manuk blekok sajodho kuwi. Pangeran Tejaningrat ngendika, ”Kurang ajar! Ora samesthine manuk blekok kuwi mabur ana sandhuwure Pangeran Pati. Mula, dheweke kudu diukum!
”Pangeran Tejaningrat nuli ndudut jemparing lan dipasang ana gendhewa. Let sedhela jemparing iku lumuncur ngarah manuk blekok sing isih mabur kekiter ana sandhuwure arak-arakan kreta kencana. Lan... craapp! Manuk blekok lanang kena dipanah, ceblok ing lemah gubrat getih. Let sedhela banjur mati.

Manuk Blekok wadon sedhih banget jalaran kelangan bojo kang di- tresnani. Dheweke ora narimakake patine bojone. Manuk Blekok wadon bakal nuntut keadilan. Sing dijujug sepisanan yakuwi Hakim Kraton. Nanging Hakim Kraton blaka yen ora wani nibakake paukuman marang Pangeran Tejaningrat.Wusana Manuk Blekok wadon mabur tumuju sangarepe kraton. Bedhug cilik kang dipasang ana kono, sing lumrah disebut Bedhug Keadilan, banjur ditabuh. Sinuwun Cakra Baskara kaget midhanget swarane Bedhug Keadilan. Luwih kaget maneh bareng pirsa yen sing nabuh Bedhug Keadilan mau manuk blekok.”Manuk Blekok, geneya sira nabuh Be-dhug Keadilan? Mesthine sira ngalami utawa antuk tindak sawenang-wenang saka nayaka praja utawa sentana dalem! Coba matura sing cetha!” pandangune Sinuwun Cakra Baskara.Kanthi tawang-tawang tangis, Manuk Blekok wadon banjur ngaturake lelakon ala sing dialami. Wigatine, bojone nemahi pati jalaran dijemparing dening Pangeran Tejaningrat.

Mangka si Manuk Blekok lanang ora nduweni kaluputan apa-pa.”Oh, yen ngono putraku Pangeran Tejaningrat wis tumindak luput. Amrih jejeging adil, putraku Pangeran Tejaningrat kudu dipidana.””Matur sembah nuwun, Sinuwun.””Saiki ingsun mundhut pirsa, keadilan sing kepriye sing sira tuntut?””Sinuwun, semah kula sampun gumlethak ing bantala godres ludira jalaran pakartinipun Pangeran Tejaningrat. Awit saking menika, Pangeran Tejaningrat inggih kedah dipun pidana saengga gumlethak ing bantala godres ludira!”Kumesar pengalihe Sinuwun Cakra Baskara. Gandheng Manuk Blekok lanang nemahi pati, mesthine si Manuk Blekok wadon uga nuntut pidana pati tumrap Pangeran Tejanaingrat. Amrih jejeging adil, Sinuwun Cakra Baskara nedya netepi panyuwune Manuk Blekok.”Iya, Manuk Blekok. Panyuwunira ingsun kabulake,” ngendikane kanthi raos panalangsa.

Nalika kuwi arak-arakan kreta kencana wis tekan alun-alun. Sang Nata banjur tindak menyang alun-alun lan ngendika prekara lelakone manuk blekok kang nuntut keadilan. Sateruse, Sang Nata dhawuh marang sawijining prajurit supaya nyedani Pangeran Tejaningrat. Nanging prajurit kasebut ora saguh nindakake dhawuh. Alesane, ora sapantese yen nyawane Manuk Blekok dipadhakake karo nyawane manungsa.”Nyuwun pangapunten, Sinuwun. Kula aturi emut bilih Pangeran Tejaningrat mujudaken Pangeran Pati ingkang dipun tresnani dening sagung kawula,” ature si prajurit.”Setujuuuuu!” panyaute rakyat bebarengan.”Yen putraku Tejaningrat ora kapatrapan pidana pati, ateges ingsun dudu ratu kang wicaksana,” ngendikane Sinuwun.”Sinuwun, Peksi Blekok mboten nate nuntut amrih Pangeran Tejaningrat kapidana pejah!””Lho! Kok sira bisa matur mangkono?””Nuwun sewu, Sinuwun. Peksi Blekok namung kepengin sumerep Pangeran Tejaningrat gumlethak ing bantala godres ludira. Mboten dipun cethakaken, ludira kala wau ludiranipun Pangeran Pati menapa ludiranipun makluk sanes.....””

Oh, iya. Bener aturmu. Saiki karepmu kepriye prajurit?””Manut pemangggih kula, Pangeran Tejaningrat cekap dipun sarekaken wonten bantala, lajeng sariranipun dipun ciprati getih ayam. Menawi Manuk Blekok sampun sumerep kahananipun Pangeran Tejaningrat kados mekaten, kula kinten piyambakipun sampun lega.”Sinuwun Cakra Baskara sarujuk karo pratikele si prajurit. Sateruse, wektu iku uga Pangeran Tejaningrat disarekake ana satengahe alun-alun lan sarirane diciprati getih pitik. Pangeran Tejaningrat mung meneng anteng, ora polah ora obah, kaya-kaya wis dadi layon.
Sawetara kuwi, si Manuk Blekok wadon kang mabur kekiter tansah nyekseni lelakon ing satengahe alun-alun. Bareng mangerteni Pangeran Tejaningrat gumlethak ana lemah gubras getih lan dirubung wong akeh, Manuk Blekok kuwi wis rumangsa marem atine. Sateruse banjur mabur embuh menyang ngendi.Ringkesing crita, saiki Pangeran Tejaningrat wis dadi ratu nggenteni ingkang rama. Minangka panarima, prajurit sing wis nylametake nyawane diangkat minangka Patih. Kahanan negara tansah ayem lan tentrem, murah sandhang murah pangan. Minangka jejering ratu, Pangeran Tejaningrat tansah ngugemi jejeging adil. Pengalaman nalika njemparing Manuk Blekok tansah dadi pangeling-eling tumrap panjenengane. [pdd]

~~maztrie~~
Creative Commons License