BISA MANJING AJUR-AJER, Luwes Srawung ing Bebrayan | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
BISA MANJING AJUR-AJER, Luwes Srawung ing Bebrayan Reviewed by maztrie on 2:43 AM Rating: 4,5

BISA MANJING AJUR-AJER, Luwes Srawung ing Bebrayan

URIP ana satengahing masarakat kena dikandhakake gampang-gampang angel, jalaran wong siji lan sijine beda watak, panemu lan kekarepan. Ana sing cepak nesune, gampang kesenggol atine, yen ketanggor dadi mala. Sewalike ana sing nriman, lembah manah, bisa meper krodhaning ati, sabar nyenengake.

Bebrayan Jawa duwe sesanti sing bisa manjing ajur-ajer ana jagading pasrawungan, sahengga bisa adaptasi karo lingkungan.

Drs Pardi Suratno MHum lan Henniy Astiyanto SH nulisake ing bukune Gusti Ora Sare ‘65 Mutiara Nilai Kearifan Budaya Jawa’, wong sing bisa manjing ajur-ajer ana pasrawungan, uripe bakal kepenak, rukun karo tangga, sedulur apadene kanca. Tegese, bisa lebur karo adat pakulinan lan tatacara panguripan ana ing bebrayan, kanthi cathetan dijupuk sing becik-becik, dene sing ala kudu disingkiri utawa dibuwang adoh.

Bisa manjing ajur-ajer, ing babagan iki sing dikarepake yaiku kudu bisa nanduki srawunge karo wong-wong ana sa kiwa tengene utawa lingkungane. Paribasan campur wong dhuwur ora katon cendhek, semono uga dadi siji karo wong cendhek ora katon kedhuwuren. Yen ana satengahing kadang tani, bisa rembugan babagan olah tetanen utawa tanduran. Amor karo pegawe bisa sambung yen diajak omong bab kantoran, dene yen campur bakul ora ketinggalan yen diajak rembugan bab dedagangan.

Bebrayan Jawa duwe keyakinan, wong sing luwes srawunge, paribasan lambene ora abot kanggo sapa aruh, kena dipesthekake bakal cepet oleh kanca, sedulur utawa mitra sinarawedi. Yen wis ngono, senajan mung memitran utawa kanca nanging yen wis raket banget kayadene sedulur tunggal bapa biyung. Bab iki jalaran bisa padha panemune, watake, nasib lan sapanunggalane ana sajroning pasrawungan.

Srawung, kudu bisa ngemong rasa utawa ngemong marang wong liya, nanging kesabaran kuwi ana watese. Bengkrike pasrawungan bisa mahanani pedhot anggone paseduluran, mesthi wae mangaribawani uripe ana satengahing masarakat. Paribasan kanca sewu isih kurang nanging mungsuh siji wae wis kakehan, gawe ribede ana pasrawungan. Duwe mungsuh siji kayadene eri sajroning daging, gawe risi, emoh ketemu, nyingkir sahengga ngrepoti ana madyaning bebrayan. Luwih kesiksa maneh yen anggone neng-nengan, pedhot sesambungane isih nunggal lingkungan sing njalari kerep ketemu, mesthi gawe rasa ora kepenak.

Kamangka ana ing wulangan agama Islam, Kanjeng Nabi Muhammad SAW nate ngendika: “Ora bakal mlebu suwarga wong sing medhot tali silaturahmi”.

Malah ana sawijining hadist disebutake, sing sapa kepengin dawa umure lan gampang rejekine padhaa nyambung tali silaturahmi. Wong sing medhot tali silaturahmi, dilaknat dening Allah.
Ing babagan iki, srawung pancen dibutuhake dening bebrayan. Yen srawunge karo sa pepadhane becik tangkepe, mahanani tuwuhe rasa ayem, tentrem kang gedhe banget pangaribawane tumrap kasarasaning badan. Wong sing tentrem uripe, ora gampang was sumelang, stres sahengga rasane enak kepenak. Gampang rejekine, yen ana pasrawungan becik, ketemu kanca utawa sedulur bisa rembugan bisnis lan sapanunggalane kanthi kepenak. Kuwi kabeh yen pasrawungane ana ing bebrayan becik, ing babagan iki bebrayan Jawa kudu bisa manjing ajur-ajer sahengga anggone paseduluran tansah jinaga, ora nglarani atine liyan utawa gawe kuciwane bebrayan. [KAER]
~~maztrie~~
Creative Commons License