Quo vadis basa Jawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Quo vadis basa Jawa Reviewed by maztrie on 2:23 AM Rating: 4,5

Quo vadis basa Jawa

Para sepuh ing jaman saiki tansah nganggep yen para nom-noman wis ora duwe tata krama. Wis ora duwe subasita apadene rasa ngajeni marang wong liya. Perkara iku bisa katitik saka basa kang dianggo saben dinane. Nom-noman jaman saiki ora bisa ngecakake undha-usuking basa kanthi bener lan pener. Malah kepara akeh sing wis ora bisa nggunakake basa Jawa.

Kahanan kang kaya mangkono iku pancen nyata wis kelakon ing madyaning bebrayan agung Jawa. Wis dudu mung wates panganggep saka para sepuh maneh. Kahanan iku pancen cetha wela-wela kelakone. Akeh para mudha pancen wis ”wegah” nggunakake basa Jawa. Yen sing ora gelem nggunakake basa Jawa iku wong saka ”negara” liya iku wis lumrah. Coba kepriye dadine yen sing ora gelem nggunakake basa Jawa iku ”wong Jawa” dhewe. Wonge dhewe. Apameneh wong sing lair lan gedhe ana ing Sala (seratan lumrah sing wis misuwur sa-Indonesia yaiku: Solo), ya Surakarta Hadiningrat, sing kondhang kaloka ing saindenging bawana minangka punjering kabudayan Jawa. Malah lucu ta? Sanajan araning ”wong Jawa” isih prelu ditegesi maneh, nanging ing kene kula mung negesi yen ”wong Jawa” iku wong sing lair ing tlatah sing pawongane wis misuwur nggunakake basa Jawa nalika srawung marang siji lan sijine. Tuladhane Solo. Kutha Solo iku wis misuwur minangka tlatah Jawa asli, dadi mokal yen ta pawongane ora bisa nggunakake basa Jawa.
Yen ditliti ana sawetara pawadan kang njalari wong Jawa, mligine para nom-noman, ora bisa (utawa ora gelem) nggunakake basa Jawa.
Siji, basa Jawa kuwi angel. Kakehan tembung sing kudu dianggo nalika srawung karo wong liya. Tembung-tembunge kudu dipilih endi sing cocog karo wong sing dijak guneman.Tumrap wong jaman saiki sing mung sarwa praktis, kabeh-kabeh kudu ndang cepet rampung, kahanan kang kaya mangkono njalari wong wegah nggunakake basa Jawa. Malah kepara ana sing nganggep yen basa Jawa kuwi feodal, tegese basa sing ngegungake pangkat drajat, ora ngegungake kaprigelan sing diduweni dening pribadine dhewe-dhewe. Dene ing jaman saiki kabeh sing diluhurake yaiku paham demokrasi. Paham sing ngegungake egalitarian (kabeh wong sejatine padha), paham sing ngegungake paprentahan kuwi sing nguwasani rakyat utawa para kawula ing negara iku. Dadi kabeh sing mambu feodalisme kuwi wis ”ketinggalan kreta”, keri ing jaman, ora prelu dianggo maneh.
Loro, basa Jawa kuwi ora bergengsi. Wong sing lanyah nggunakake basa Jawa, lumrah diarani wong desa. Basane pelawak Thukul, katrok. Kabeh-kabeh saiki kudu ana mambu basa Inggris. Yen guneman tiru-tiru para bintang Sinetron sing sejatine yen ditamatake basane pancen ora nggenah.
Telu, basa Jawa iku ora mberasi. Basa Jawa iku ora bisa kanggo cekelan urip. Awit jaman saiki iku sing penting dhewe kudu bisa nguwasani teknologi, sing umume digawa lantaran basa manca, mbuh kuwi Inggris, Prancis, Jerman, China lan liya-liyane. Awit saka iku bisa nguwasani basa manca wis dadi sawiji kang samesthine. Lan kudu dipersudi tenanan. Malah ana sing ngomong ”ora bisa basa Jawa, ora patheken”. Piye coba yen ngono kuwi?
Kabeh mau yen digagas pancen ana benere. Nanging yen banjur ”sendika dhawuh” marang panemu-panemu kaya mau, banjur piye nasibe basa Jawa. Apa gelem awake dhewe kudu dadi tamu ning negarane dhewe. Krasa aeng, ing tlatahe dhewe sing disubya-subya mung sing saka manca.
Pawadan sing nomor siji kuwi yen ditlisik pancen ana benere. Nanging panemu mau bakal gumathok yen nganggo swasana jaman biyen. Nalika jaman krajan, jaman karaton minangka punjering panguwasa. Yen jaman saiki mesthine wis beda. Amarga karaton wis dudu maneh punjering panguwasa.
Saiki coba digagas. Basa Indonesia wae sing jarene egaliter ya duwe unggah-ungguh. Tegese ana pilihan tembung sing kudu dianggo nalika srawung kanggo wong sing kudu diajeni, kayata wong sing luwih tuwa, para pejabat, wong sing durung tepung lan sapanunggalane. Saliyane pilihan tembung, reroncening tembung sing dadi ukara ya semana uga. Lha, yen kaya mangkono iku, yen disandhingake karo basa Jawa, basa Jawa malah dadi gudhange unggah-ungguh. Basa Jawa ngemot atusan (kepara malah ewonan) tembung-tembung sing ngemu surasa ngajeni. Malah luwih komplet. Saiki yen feodalisme mau banjur mlaku inga dalan ajen-inajenan piye coba. Sing maune kanggo mbedakake drajat pangkat saiki kanggo piranti ngajeni wong liya.
Malah dadi elok tenan ta. Sing kaping loro, pancen awake dhewe ora bisa endha saka kahanan donya sing sansaya krasa cupet, awit teknologi kang wis maju pancen njalari informasi saka ngendi wae bisa mlebu kanthi gampang. Nyinau basa manca pancen prelu lan wigati. Wong manca
Nanging, elinga yen ing donya iki sing digoleki yaiku kapribaden kang mirunggan, kapribaden sing khas. Jati diri minangka manungsa. Lha awake dhewe piye. Yen awake dhewe pancen arep melu-melu bangsa liya, ya mangga. Nanging yen banjur dadi ”batur” lan ”kacung” aja nyalahake para leluhur sing wis paring pituduh.
Kapribaden sing mirunggan iku prelu supaya bangsa liya ngajeni marang awake dhewe. Endah bungahe yen ta awake dhewe bisa basa Inggris, basa Jerman, basa China, basa Prancis, nanging basa Jawane mlipit. Kahanan sing kaya mangkene mesthi bakal gawe ngungune wong-wong manca.
Wusana wong manca malah sing dadi gentenan nyinau budayane awake dhewe. Panemu kaping telu iku hamung diduweni wong sing ”wegah urip” lan ora seneng makarya amarga ora gelem mersudi piye carane bisa ”urip” ing alam donya. Wong kaya mangkono kuwi karan kaum pesimistis. Kabeh wong ngerti yen kaum pesimistis kuwi ora bakal bisa urip mulya ing alam donya. Ana paribasan sing wis tuwa umure saka bangsa China, munine ”wu yi xi wei gui” sing tegese barang sithik kuwi akeh sing nggoleki. Saiki coba digagas. Jaman saiki, akeh wong sing ora seneng nggilut ilmu babagan basa Jawa. Tuladhane ing pawiyatan luhur. Ing jagad pawiyatan wae mahasiswa sing mlebu jurusan Sastra Jawa (saiki kasebut Sastra Daerah) gunggunge mung sethithik.
Yen dijejerake gunggunge mahasiswa sing mlebu jurusan Ekonomi, Fisip, Hukum, apadene Kedokteran, mestine ya adoh. Nanging awit sithike kuwi, sing njalari jurusan Sastra Daerah dadi istimewa. Sebab, yen ana wong sing golek tenaga ing babagan ”Jawa” mesthine bakal boleh ing lulusan Sastra Daerah, dudu liyane. Sing ngomong basa Jawa ora mberasi kuwi, prelu digagas maneh. Kabeh kuwi wis ana sing ngatur. Rejeki, pati, jodho, kuwi Gusti wis ngatur. Dadi aja kuwatir yen sekolah apa dadi panggilut budaya Jawa ora kebageyan materi.
Nanging kabeh pancen bali marang awake dhewe-dhewe. Bisa lestari apadene ora iku gumantung pamarsudine manungsa. Basa Jawa arep digawa rusak ya bisa, arep digawe kuncara ya bisa. Gumantung wong Jawane. Wusana hamung sumangga... [pakdedar]

~~maztrie~~
Creative Commons License