Watake wong Jawa ana sing becik ana sing ala | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Watake wong Jawa ana sing becik ana sing ala Reviewed by maztrie on 2:26 AM Rating: 4,5

Watake wong Jawa ana sing becik ana sing ala

Yen jatidhiri Jawa kuwi dununge ing rasa, tetep wae tuwuh pitakonan, rasa sing kepriye sing dadi jatidhirine wong Jawa kuwi...?
Budayawan MT Arifin, nalika methik andharane Marbangun Hardjowirogo, kanggo nuduhake ciri mligine wong Jawa lelandhesan etos kabudayane bisa kadulu saka sikep feodalistik, sikep agamane, sikep fatalistik, sambung rapete karo wayang, wegah ngugemi sikep blak-blakan, watak rumangsa, wegah ngugemi sikep aja dumeh, tepaslira lan bebuden luhur.
Dene Ki Padmasusastra, miturut Arifin, nggambarake watake wong Jawa sing lumrah kaanggep minangka watak lan sikep sing ala. Yakuwi dhemen ngrungokake wong padu, dhemen tumbak cucukan, dhemen parawadulan, dhemen nyatur, yen ana payo-payo ora tumuli tandang lan yen kang dadi bebaya wis ora ana, mbrubul padha takon tinakon playuning durjana.
Saliyane kuwi yen ana bencana geni dhemen nonton, ora gelem tandang, yen genine nular bungah dianggep kaya nonton main api, yen genine mati gela. Uga sikep lan watak yen ana banjir bungah-bungah padha praon, saweneh ana kang nggawa klenengan, karo nonton wong kang susah kebanjiran.

Watake wong Jawa minangka jatidhirine, nanging sing kabiji ala kuwi, uga ing wujud yen ana wong ora duwe diisin-isin, yen ana wong lagi duwe diewani, ngremehake gelem nanging diremehake suthik, dhemen ngrewangi dhudhuwuran ngalahake sorsorane, dhemenyar ngarti oleh paraban obor blarak murub grabyang-grabyang mati pet tanpa tilas.
Dene Koentjaraningrat, mbiji jatidhirine wong Jawa saka mentalitas, sing ing tembung lumrah padinan ditegesi minangka kabeh saka isi lan dayane alam pikiran lan alam jiwa manungsa nalika nanggepi kaanan kiwa tengene. Mentalitas mangkono mau dibedakake ing mentalitas among tani lan priyayi.

Among tani ora ngugemi sikep ngawur ing uripe. Manungsa kuwi nyambut gawe kanthi temen-temen sinartan sikep pasrah kanggo nggayuh panguripan. Apa sing dilakoni kanggo wanci iki, salaras karo alam lan ing wewengkon urip sosiale tansah ngupaya karyenak tyasing sasami, sama rasa sama rata.
Dene para priyayi tansah nggathukake urip lan amal kang dimangerteni minangka sarana mujudake kabagyan ing urip, tansah ngugemi tapsiran urip jaman kawuri, lan nglungani kasangsaya lan kaningaya ing urip nyata tumuju ing jagad kebatinan lan ing wewengkon urip sosial tansah ngugemi sopan santun lan ngajeni pandhuwure.

Lan saka sawetara ciri-ciri wong Jawa kuwi, miturut Arifin, kanyata wong Jawa kuwi ndunungake kabudayan lan wewengkon urip sosial ing papan kang pangaji banget. Ing panalitene babagan kulawarga Jawa, Hildred Geertz nemokake kanyatan yen tapsiran urip bebrayan agung dadi bab kang diugemi jroning kulawarga. Lan tapsiran urip bebrayan agung kuwi dadi pancadan tumrap laku lan tumindak urmat kinurmatan ing antarane wong ing kulawarga. [pakdhedar]
~~maztrie~~
Creative Commons License