Aksara Jawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Aksara Jawa Reviewed by maztrie on 7:56 AM Rating: 4,5

Aksara Jawa

AKSARA iku tembunge liya huruf.

Tembung aksara uga wis dadi tembung Indonesia upamane ing tembung “buta aksara, niraksara, nawaaksara”. Keklumpukaning aksara utawa huruf mau disebut abjad utawa alfabet. Ora saben basa iku duwe tulisan dhewe-dhewe, sawetara basa sing dienggo dening masyarakat suku-suku terpencil ora nduwe tulisan utawa ora kenal tulisan. Tulisan iku mujudake bab kang wigati banget tumrap kemajuaning bangsa. Sejarah karo prasejarah dibedakake adhedhasar wis ana lan orane peninggalan tertulis.
Tulisan iku werna-werna; ana tulisan Latin, tulisan Arab, Palawa, Jawa, lan liya-liyane. Basa Jawa saliyane ditulis nganggo aksara Jawa, uga katulis nganggo tulisan Arab lan Latin. Dadi, basa iku bisa ditulis nganggo tulisan werna-werna. Sing maune katulis nganggo aksara Jawa bisa diganti ditulis (ditrasliterasikan) nganggo aksara Latin.
Aksara iku pancen ora klebu paerangane basa. Tulisan iku mung sarana nglantarake gagasan kanthi tinulis. Aksara Jawa iku pancen mujudake wohing kabudayan sing luhur, kang ngandhut filsafat sing jero. Ananging sinau basa Jawa aja nganti dadi rekasa lan ora nyenegake amarga kudu bisa maca tulisan Jawa. Saiki akeh buku-buku sing ditulis ing aksara Latin, baud maca Jawa mung perlu tumrap sing padha nliti naskah-naskah kuno. lng wektu iki wis angel golek buku sing katulis ing aksara Jawa.
Aksara Jawa sing sumbere huruf Palawa iku, miturut dedongengan digawa menyang Tanah Jawa dening Ajisaka. Carakan iku bisa ditegesi werna-werna, bisa diothak-athik mujudake crita kanthi wawasan filsafat kang jero. Adhedhasar tulisan Jawa, ana tetembungan kang unine: wong Jawa iku nek dipangku malah mati. Gandheng anane falsafah lan pangothak-athik mau, akeh para sepuh sing ngukuhi menawa sinau basa Jawa iku ya kudu bisa maca tulisan Jawa.
Pasinaon basa Jawa ing pamulangan iku sabisa-bisa kudu digawe nyenengake lan ora ngebot-boti. Mula bab tulisan Jawa ya wis cukup menawa para siswa wis bisa wanuh karo aksara mau, bisa nulis setembung rong tembung, bisa nulis jenenge dhewe.
Bab paramasastra mbokmenawa uga ora perlu diwulangke srana mirunggan utawa mujudake pelajaran sing madeg dhewe. Paramasastra bisa didadekake srana kanggo mbenerake kaluputan ing babagan pangrakiting ukara lan tembung. Kasusastran bisa dadi wulangan kang nyenengake. Crita, dedongengan, tembang lan lelagon, bisa narik kawigaten para siswa. Saya yen asring dianakke sayembara ndongeng, nulis lan maca geguritan, medhar sabda utawa nembang.
Nyinau aksara Jawa nganti bisa maca lan nulis kanthi lancar, iku ora gampang. Kamangka buku-buku kang katulis ing aksara Jawa ya wis arang banget. Para siswa perlu digugah atine supaya seneng nyinau basane. Iku bisa ginayuh menawa wulangan basa Jawa iku nyenengake, ora dadi wulangan sing abot, lan mboseni. [
suaramerdeka]

~~maztrie~~
Creative Commons License