Karawitan sarana ngolah rasa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Karawitan sarana ngolah rasa Reviewed by maztrie on 11:41 AM Rating: 4,5

Karawitan sarana ngolah rasa

Nggladhi karawitan bisa ngasah olah rasa kang becik lan budi pakerti kang luwih apik marang bocah. Amarga pamulangan karawitan kuwi kudu mbutuhake kasabaran, nastiti, uga katekunan.
Mangkono pratelane guru Kesenian Daerah ing SMPN 7 Solo, Kasih Hanggeni, nalika ditemoni ing sekolahane, dina Senen (13/7). “Sajroning gendhing ana aturan kang kudu diugemi siswa. Siswa ora bisa kemrungsung utawa sakpenake dewe. Kudu nganggo petungan, apal kapan wayah nabuh. Nalika nabuh uga kudu nganggo rasa, ora nuruti nepsu, lan sakpiturute,” piterane Kasih.
Kanthi kasabaran, nastiti, uga katekunan, siswa bisa nggladhi rasa. Wondene ing pamulangan kuwi ana pamulangan tata krama, budi pakerti, trapsila, kang dadi tengere wong Jawa. “Sinau karawitan uga bisa mupuk rasa tresna marang kabudayan Jawa kanggo sangu ing tembe mburi.”
Kasih nyebutake ing SMPN 7 Solo, siswa kudu mangerteni jinising gamelan, kang cacahe 12. Para siswa uga kudu mangerteni carane nabuh, sajanan ana siswa kang duwe bakat nabuh salah sijine balungan.
Ing jaman globalisasi iki, Kasih nelakake, guru kudu pinter-pinter nggeret siswa sinau karawitan ben ora kalah karo pamulangan musik liyan, kayata musik perkusi kontemporer.
Sinau karawitan, mbutuhake wektu kang suwe, bisa nganti pirang-pirang sasi utawa taun. Tuladhane, ana ing sekolahan SMP, pamulangan karawitan diwulangake suwene telung taun, saka kelas VII nganti kelas IX.
Menawa diangen-angen, sinau karawitan pancen rasane abot. Nanging menawa dilakoni, sakjane luwih gampang. Kabeh bali ing karepe siswa lan katekunane siswa.
“Ing SMPN 7 Solo, karawitan diwulangake kanthi perangan, 70 persen praktik lan 30 persen teori kang diwenehake karo mlaku,” tambahe Kasih, kang uga Ketua Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Kesenian Daerah Kutha Surakarta.
Tata krama
Ing panggonan liya, guru Kesenian Daerah SMPN 5 Solo, Suratman, mratelake menawa sinau karawitan gedhe mupangate kanggo para siswa. Upamane, bisa ambiyantu nggladhi kapribaden utawa jatidhirine bocah, tata krama, uga nambah katrampilan ing bidang seni.
“Sinau karawitan sajane ora abot. Wong Solo kuwi wis isoh kasebut lemah kebanyon utawa wong sing lair ing tlatah Solo mesthi bisa nembang utawa nabuh gamelan. Kari wonge kuwi duwe karep apa ora,” piterange Suratman.
Sing baku nalika sinau karawitan kudu duwe rasa seneng. Menawa bocah wis seneng, diwulang apa wae mesthi gampang nampa lan ora bakal duwe rasa nggresula.
“Kosok baline, menawa bocah ora duwe karep sadurunge, mbok diwulang apa-apa ora bakal bisa klebu. Menawa dipeksa bisa, nanging asile uga isih setengah-setengah,” miturut Suratman.
Supaya siswa duwe karep lan semangat sinau karawitan, siswa kudu disurung kanggo gladhen. Bocah uga kudu kerep dibombong supaya teteg atine, ora migra-migri. [pakdhedar]
~~maztrie~~
Creative Commons License