Mulang bocah lumantar wayang | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Mulang bocah lumantar wayang Reviewed by maztrie on 11:44 AM Rating: 4,5

Mulang bocah lumantar wayang

Nggladhi seni tradhisi marang bocah, pancen ora ana eleke. Malah manawa digladhi kawit cilik, undhuh-undhuhane bocah bisa dadi wong kang becik tumindhake, trapsilane, uga tansah nduweni watak kurmat lan andhap asor marang liyan.
Miturut Agung Sudarwanto, guru Kesenian Daerah (Kesda) ing SD Muhammadiyah 1 Solo, seni tradhisi utamane tradhisi kaya seni pedhalangan, karawitan lan tari, manawa dikrembakakake bisa duweni daya perbawa kanggo ndandani morale manungsa.
Amarga, sajroning pamulangan seni ana piwulang tuntunan uga moral sing bisa dadi patuladhan kabeh manungsa.
Contone ing sekolahan, kayata ing SD Muhammadiyah 1, dianakake piwulang apresiasi seni kang kaperang telung macem, yakuwi pedhalangan, karawitan, uga tari.
Sajroning seni pedhalangan ana tuntunan moral sing bisa dadi patuladhan, prekara critane sing dibabar kuwi kedadean tenanan opo ora, kuwi ora pati penting.
”Sing luwih penting ana piwulang kang bisa dipethik saka pedhalangan mau. Umpanane piwulang kabangsan, tresna marang negara, sanajan kuwi kabeh tetep mbutuhake laku lan mangan wektu,” piterange Agung nalika ditemoni ing sela-selaning acara Temu Dalang Cilik Nusantara III taun 2009, ing Pendapa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) utawa Taman Budaya Surakarta (TBS) Solo, dina Rebo (15/7).
Jarene Agung, kang uga mulang seni pedhalangan kuwi, sekolahan amung menehi sangu ilmu marang siswa. Wusanane banjur dirembakakake dhewe-dhewe.
Ilmu kang diwulangake marang bocah, sakjane ora pati abot amarga dijumbuhake karo sagaduke pikirane bocah. Piwulange uga nuladha tokoh wayang, kanggo nuduhake bab kang becik utawa kang ala.
Contone, Gathutkaca nggambarake watak kendel lan sipat satria. Bima nggambarake wong sing nduweni watak prigel anggone golek ilmu, lan liya-liyane.
”Ing pedhalangan, ana pirang-pirang ilmu kang bisa ditrapake ing urip bebrayan. Diakoni apa ora, laku nanemake kabecikan utawa budi pakerti marang bocah ora cukup diwenehi ing sekolahan. Sing kudu digolekake dalan yaiku kepriye carane seni pedhalangan bisa narik kawigatene bocah,” tambahe Agung.
Agung aweh cara, kanggo narik kawigaten mau prelu dicoba beber pakeliran ringkes utawa padhet, kang mbutuhake wektu amung rong jam. Malah ana sing amung 15 menit wae, nurut lakon kang dibabar.
Tata cara
”Kabeh uga ora uwal saka kreativitas-e seniman. Sanajan wayang purwa amung dibabar sedela, nanging tetep bisa nuduhake piwulang kang bisa kapethik. Asile wis bisa dirasakake. Bocah kang nggiluti seni karo kang ora, pancen ketok bedane. Bocah kang nggiluti seni mesti luwih ngreti tata cara, trapsila, lan watak kabecikan liyane, tinimbang bocah liyane,” imbuhe Agung.
Kabeh kuwi uga diamini dening Mudjiono, pangarsa Padepokan Seni Sarotama. Akeh ilmu kang bisa kapethik saka seni pedhalangan, uga seni karawitan lan tari.
Bocah kang wis nggiluti seni mesthi ngetrapake trapsilane, kayata mangan nganggo tangan tengen sing kaaran tangan apik, cara lungguh sing bener lan apik, marang wong sing luwih tuwa mesthi tansah ngurmati.
”Ing jaman saiki pancen akeh bocah sing ora ngerti unggah-ungguh maneh. Amarga kuwi ing Padepokan Seni Sarotama, ora amung diwulang babagan seni tradhisi, nanging uga ditandhurake aklak sing apik,” piterange Mudjiono.
Nalika aklake bocah wis apik, manawa ndhalang mesthi ya apik, utawa nembang mesthi ya apik. Piwulang moral lan aklak mau tansah ditularake marang bocah ing sela-selaning pamulangan seni.
Mudjiono kang uga dadi ketua panitia Temu Dalang Cilik Nusantara III kuwi, nyontoni ana bocah kelas papat SD sing maune ndhugal, wani karo wong tuwa, ora tau ngajeni kancane, seneng misuh, ngidoni kancane, bisa diluluhake liwat piwulang seni. Sanajan bocah kuwi mulane kudu diwulang dhewe, dipisah sawetara wektu karo kanca-kanca liyane, amarga wis kebacut disirik para kanca.
Wusanane, bocah kuwi malah bisa dadi tuladhane para kanca, amarga kawegigane lan kawasisane ndhalang. Bocah kuwi uga dadi bocah kang becik trapsilane, lan bedha adoh saka sadurunge.
Maneka conto kuwi amung ateges nuduhake manawa pawulangan seni tradhisi kuwi gedhe pangaruhe lan paedahe kanggo bocah, uga bisa dadi sangu urip kanggo nanggulangi ombak gedhe globalisasi, karo maneka pangaruh ala saka budaya manca. [pakdhedar]
~~maztrie~~
Creative Commons License