Ngendhak adigang, adigung lan adiguna | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ngendhak adigang, adigung lan adiguna Reviewed by maztrie on 10:40 AM Rating: 4,5

Ngendhak adigang, adigung lan adiguna

Mirid werdine unen-unen bisa ngrumangsani kang nunggal rasa kalawan sawetara unen-unen liyane, surasane gegayutan karo laku pangendhaking ambeg adigang, adigung lan adiguna.
RNg Ranggawarsita ing Serat Kalatidha nelakake begja-begjaning kang lali luwih begja kang eling lawan waspada. Surasane tetembungan iki nandhesake yen manungsa kuwi kudu ngrumangsani kaanane dhewe-dhewe. Manungsa ora wenang mernata, nanging mung sadrema nglakoni.

KGPAA Mangkunagara IV ing Serat Wedhatama nelakake wruhanira mungguh sanyataning ngelmu / tan mesthi neng janma wredha / tuwin mudha sudra kaki. Sinuwun Pakubuwana IV ing Serat Wulangreh nelakake tutur bener puniku / sayektine apantes tiniru / nadyan metu saking wong sudra papeki / lamun becik nggone muruk / iku pantes sira anggo.
Pitutur kang kaemot ing sastra kapujanggan kuwi nuduhake yen manungsa kudu ambeg ngrumangsani. Wong sing luhur bebudene tansah ngugemi sipat sportif. Ora kabotan ngakoni yen wong liya luwih unggul tinimbang dheweke. Sanadyan wong mau luwih enom, lan dheweke luwih tuwa, ananging yen bisa ngrumangsani, bebasan kebo nusu gudel, ya kudu ngakoni yen wong liya sing luwih enom mau pancen luwih unggul lan wusana gelem meguru.
Kepriye murih bisa ngrumangsani kuwi bisa katindakake? Ing kaskayane budaya Jawa ana wulang empan papan. Ing pasrawungan apa wae, saben wong prayogane bisa napakake pribadine, awake, murih trep kaanan, yakuwi kaanan kang gegayutan karo papan panggonan utawa gegayutan kabeh wong sing tumeka ing pasrawungan kuwi.
Unen-unen
Nindakake wose unen-unen bisa ngrumangsani bisa uga kapirid saka werden unen-unen kulak banyu apikulan warih. Lire, supaya saben wong kuwi kudu bisa ngrumangsani sapa ta dheweke kuwi. Yen kanyata ora duwe kawruh babar blas babagan politik lan paprentahan, mesthi wae bakal rekasa lan butuh wektu suwe kanggo sinau babagan kuwi mau.
Lan mesthine kudu gelem nampa yen nyatane ana wong liya sing luwih mumpuni lan luwih rancag anggone necep kawruh. Kanthi mangkono, jalaran bisa ngrumangsani, ora prelu ngala-ala liyan, ora prelu ngumbar tetembungan sing wose ngasorake liyan. Kamangka, wong liya kuwi sanyatane luwih unggul lan luwih pinter.
Yen mirid wosing pitutur kang kaemot ing Serat Kalatidha, Serat Wulangreh lan Serat Wedhatama kasebut, nyata akeh pigunane yen saben wong bisa ngetrapake werdine unen-unen bisa ngrumangsani, utawa pakon bisaa ngrumangsani.
Pituduh becik kang gegayutan karo werdine unen-unen iki antarane tumindak lung-tinulung sing kawengku ing unen-unen sepi ing pamrih rame ing gawe. Kabeh tumindak kang tundhone kanggo kabutuhane wong liya, lumantar sarana lung-tinulung, prayogane tansah katindakake kanthi legawaning rasa, kanthi sukarena, ora kairingan melik, ora sinartan pamrih.
Lire, sadhengah wong kudu ngrumangsani yen ora melu tandang gawe ya ora prayoga yen banjur duwe melik utawa pamrih. Tumindak sing nerak pituduh becik ing unen-unen bisa ngrumangsani yakuwi nulung menthung. Tumindak iki ora ndadekake sing dibiyantu kepenak, nanging malah nandhang kacilakan.
Nulung menthung iki prasasat wus dadi ”basa lumrah” ing jagad politik negara iki. Dene bisa ngrumangsani lan sepi ing pamrih rame ing gawe kang beblese ngendhak ambeging adigang, adigung lan adiguna, prasasat mung dadi darbeke wong-wong cilik sing urip prasaja lan adoh ratu cedhak watu. [pakdhedar]
~~maztrie~~
Creative Commons License