Ngugemi watak gemi | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ngugemi watak gemi Reviewed by maztrie on 6:11 PM Rating: 4,5

Ngugemi watak gemi

Aku cah sekolah,
cilika mesthi gagah,
ora tau wegah,
senajan krasa sayah.
Saben dina mlebu,
senajan ora sangu,
nyuwun sangu,
pangestu bapak-ibu.

Lagu ing dhuwur, kejaba kanggo apalan dhek aku isih SD biyen, uga dadi kanyatan. Racak-racake bocah-bocah padha sregep lan ora wegahan, mangka adohe omah tekan sekolahan watara sekilonan, tur padha tanpa sepaton aliyas cokoran, kathik mlaku pisan. Gandheng saka ngomah wis padha sarapan, ora ketang mung gethuk, thiwul utawa ketan, mula arang-arang sing padha njajan.
Yen ditandhingake karo jaman saiki, cah sekolah sandhangane necis lan rapi. Malah ana sing padha sangu roti. Sing sangu dhuwit ora sethithik, kathik diterke nganggo kendharaan sing apik-apik. Apes-apese ya numpak sepedhah, mula ya rugi yen nganti ora munggah. Mula saka iku, ing kene bakal dak dongengake sawijining bocah sing gemi sing akhire bisa dadi (ngundhuh asil saka olehe gemi).
Ceritane mangkene:

Pak Darma duwe anak lanang siji, jenenge Kartika, umure pitung taun, disekolahake ana ing SD. Sanajan bocas ndesa, dheweke kagolong bocah sopan lan pinter. Isih cilik wis bisa ngetung tekan atusan ewon. Malah kepara bisa tambah-tambahan, ping-pingan lan sudan. Nandhakake yen Pak Darma pancen wasis mulang bocah. Kajaba kuwi, Kartika uga dikulinakake urip sarwa irit utawa gemi.
”Yen esuk sarapana dhisik, ta, Kar. Wetengmu ben ora perih. Ora usah njajan. Karo maneh jajanan kuwi bisa nglarani weteng, merga sok dirubung laler utawa kena bledug. Kowe aja sok njajan, hlo, Kar!”
”Kula boten njajan kok, Pak.”
”Iya, yen duwe dhuwit dicelengi bae. Enyoh, saben esuk bapak nyangoni kowe, Rp 1.000, nanging celengana.”
”Inggih, Pak. Matur nuwun.”
Kartika sawise nampani dhuwit Rp 1.000 saka bapake, banjur pamitan, lan mangkat, nanging ketemu emboke dhisik sing ana ing pasar dodol bumbon wiwit esuk. Sawise katemu emboke, Kartika ngaturake dhuwit Rp 1.000 marang emboke.
”mBok, kula titip arta Rp 1.000, dipun simpeni nggih?!.”
”Iya, iya, kene tak simpene.”
Sawise Kartika mangkat, mBok Darma ketemu Pak Darma, lan takon.
”Pak, Si Kartika wau dipun sangoni?”
”Ben, ta. Tak kon nyelengi kok.”
”Ngga, niki Panjenengan simpenke.” Pak Darma banjur nampani dhuwit Rp 1.000 sing sejatine dhuwit olehe nitipake Kartika marang simboke. Dhuwit banjur dikanthongi.
Esuke nalika Kartika arep mangkat sekolah ketemu bapake, diparingi sangu Rp 1.000 maneh, ya dhuwit dhek wingi sing disangokake dheweke kae. Kartika sawise nampani dhuwit, ya banjur dititipake emboke, emboke masrahake marang Pak Darma. Esuke disangokake Kartika maneh. Salawase mung ubeng-ubengan mangkono bae.
Sawijining dina, Kartika ketemu emboke.
”mBok, arta kula menawi sampun nglempak, badhe kula tumbasaken sepatu bal, kangge tumut gladhen bal-balan wonten kecamatan, sakniki rak sampun angsal Rp 100.000 kirang Rp 1.000. Wau kula angsal Rp 1.000 malih, dados jangkep Rp 100.000.”
Saungkure Kartika, mBok Darma ketemu Pak Darma ngulungake dhuwit Rp 1.000 karo takon.
”Artanipun Kartika sampun ngempal pinten nggih, Pak?”
”Dhuwit apa?”
”Nggih arta ingkang saben enjing kula titipaken nika?!”
”Wah, aku ora eling, salawase sing tak sangokake lan sing tak tampani kae, dhuwite ya sing tak gegem iki!”
”Lha pripun ta, Pak? Kartika matur menawi artanipun sampun Rp 100.000, badhe kangge tumbas sepatu bal. Sampun ngantos damel gela lare lhe, Pak?!”
Pak Darma bungah banget, jebule putrane gemi temenan. Ora let suwe Pak Darma mujudake dhuwit miturut cacah pangetunge Kartika, yaiku Rp 100.000. Kartika dituduhi bungah banget, klakon bisa tuku sepatu bal kaya sing dikarepake.
Pancen wektu semana dhuwit Rp 100.000 wis entuk sepatu bal. Bareng dienggo gladhen bal-balan, kanca-kancane padha ngluruhi. Kartika kandha yen dhuwit sing dianggo tuku kuwi asil saka anggone nyelengi saben dina, yaiku dhuwit sangu sekolah. Dadi ora dienggo njajan, nanging dicelengi.
Mengkono pikolehe watak gemi, muga-muga bisa dadi patuladhan supaya bocah-bocah aja nganti kejlomprong ing tumindak kaborosan. [pakdhedar]
~~maztrie~~
Creative Commons License