Rebut bener ngudi pener | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Rebut bener ngudi pener Reviewed by maztrie on 7:47 AM Rating: 4,5

Rebut bener ngudi pener

Iki crita tutur tinular babagan asal usule aksara Jawa. Nalika arep angejawa, Ajisaka kang didherekake abdine, yakuwi Dora, Sembada, Duga lan Prayoga, lerem sedhela ing Pulo Mejati.
Sabanjure, Ajisaka kairing Duga lan Prayoga mbacutake lakune angejawa. Nalika kuwi Ajisaka ninggal keris pusakane ing Pulo Mejati. Dora lan Sembada kapatah njaga keris kuwi.Piwelinge Ajisaka, sapa wae ora kena njaluk keris kuwi. Dora lan Sembada diparengake masrahake keris kuwi yen sing njaluk Ajisaka dhewe. Sawise sauntara wektu ngenteni ing Pulo Mejati, Dora lan Sembada krungu warta yen Ajisaka wus jumeneng nata ing Medhangkamulan.
Dora ngejak Sembada nyusul Ajisaka. Nanging Sembada ora gelem jalaran netepi dhawuhe Ajisaka kanggo ngreksa keris pusakane. Dora banjur mangkat dhewe menyang Medhangkamulan. Sawise kasil sapatemon kalawan Ajisaka, Dora kadhawuhan bali menyang Pulo Mejati. Gelem ora gelem Dora kudu nggawa keris pusakane Ajisaka lan ngejak Sembada menyang Medhangkamulan.Sembada dhewe nalika dijak dening Dora puguh ora gelem. Dheweke ora percaya marang kabeh pratelane Dora sing jare mundhi dhawuhe Ajisaka sing wus jumeneng nata ing Medhangkamulan kuwi. Sembada tetep ngugemi dhawuhe Ajisaka yen Ajisaka dhewe sing bakal njaluk bali keris pusakane, tanpa lumantar sawijining utusan.kekarone banjur padudon. Rebut bener. Dora rumangsa mundhi dhawuhe Sang Prabu Ajisaka, ya bendarane. Dene Sembada uga rumangsa wajib ngukuhi dhawuhe Ajisaka, bendarane sadurunge jumeneng nata ing Medhangkamulan. Rebut bener kuwi dadi perang tandhing kang wusana lelorone sampyuh, mati bareng.
Iki crita sing nembe wae kedaden. Ana telung pasang calon presiden (Capres) lan calon wakil presiden (Cawapres). Pasangan nomer siji mbiwarakake bakal ngusung teori ekonomi kerakyatan, kawicaksanan ekonomi sing mehak rakyat kanggo ngudi karaharjane kabeh rakyat. Pasangan nomer loro mbiwarakake bakal ngetrapake ekonomi jalan tengah sing uga katujokake kanggo ngudi karaharjane rakyat uga.
Dene pasangan nomer telu uga mbiwarakake bakal ngetrapake kawicaksanan babagan ekonomi kang asipat luwih cepet lan luwih apik lan mehak mring rakyat. Kawicaksanan kuwi uga kanggo ngudi karaharjane kabeh rakyat, ngudi jayane bangsa Indonesia ing wewengkon internasional.
Ratu kembar
Telung pasangan Capres/Cawapres iki uga nembe rebut bener. Ancase ora liya kanggo ngimpun panyengkuyunge rakyat murih bisa nglenggahi kursi panguwasa ing negara iki. Kabeh rumangsa bener dhewe ing babagan ngracik kawicaksanan tumrap upaya ngudi karaharjane rakyat. Ing rebut bener kuwi mung kari ngenteni titi wanci kanggo mangerteni sapa sing temen-temen disengkuyung dening rakyat.
Lan sing pungkasan iki crita sing wus mataun-taun kelakon, kepara wus ana saperangan warga bebrayan sing wus ora nggagas maneh. Saksurute Sinuwun Pakubuwana XII, dumadi ontran-ontran kang wusana njedhul kang pada diarani ratu kembar, yakuwi Sinuwun Pakubuwana XIII Hangabehi sing ngedhaton ing Karaton Kasunanan Surakarta lan Sinuwun Pakubuwana XIII Tedjowulan sing jumeneng nata ing sanjabane Karaton Kasunanan Surakarta.
Lelorone padha-padha mbiwarakake dhiri minangka ratu ing Kasunanan Surakarta. Loro-lorone uga mbiwarakake dhiri minangka ratu sing sah dhewe miturut pranatan jumenengan nata ing Kasunanan Surakarta. Lan nganti saiki, sawise sawetara taun lumaku, pehak lelorone uga kasengkuyung dening para abdi dalem. Saben taun uga tansah diadani upacara tingalan jumenengan sing padha-padha regenge jalaran uga ditekani para sentana lan abdi dalem. Lelorone ratu iki uga nembe rebut bener. Dhalang “edan” Sujiwo Tejo nate nelakake yen wong Jawa kuwi adhakan bisa ngrumangsani kalah tumrap awake dhewe utawa legawa, nanging arang banget sing bisa ngakoni menang tumrap wong liya. Dene Mochtar Lubis ing buku Manusia Indonesia ngandharake, wong Indonesia kuwi, mligine wong Jawa, adhakan ora bisa ngakoni winatesing dhiri. Tansah rumangsa bisa ngungguli liyane ing samubarang apa wae.
Dhalang Mas Demang Edy Sulistiono, saka Akademi Seni Mangkunagaran (Asga), nate ngandharake yen tumindak lan sikep rebut bener kuwi uga dadi perangan baku ing crita pedhalangan. Jagad pewayangan dhewe mujudake gegambaran urip lan panguripane wong Jawa. Dadi, rebut bener kuwi pancen wus dadi perangan uripe wong Jawa, wiwit tataran rakyat cilik nganti para priyayi luhur pangreh praja. Rebut bener bakal murakabi tumrap bebrayan agung yen anjoge ing rebut pener. Nanging yen rebut bener kuwi wusana hamung dadi sarana kanggo sesongaran, sing dumadi ya mung karusakan lan kabeh pehak bakal tuna. [pakdhedar]