Sastra kanggo nggulawenthah siswa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Sastra kanggo nggulawenthah siswa Reviewed by maztrie on 6:17 PM Rating: 4,5

Sastra kanggo nggulawenthah siswa

Piwulang kasusastran Jawa tinggalane para leluhur sing wus katulis ing buku-buku sastra kapujanggan lan sastra lisan bisa dadi sarana anggulawenthah generasi mudha ing pamulangan supaya generasi mudha dadi generasi sing mumpuni, luhur ing budi, asih tresna mring pepadha, bisa dadi satriya pinandhita lan sarjana sujening budi.
Werdine kasusastran, miturut Imam Sutardjo, Pangarsa Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS nalika medhar andharan babagan piwulang kasusastran Jawa ing pawiyatan madya ing jaman globalisasi, sawetara dina kapungkur, ing Auditorium Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS), bisa kapirid saka pengerten tetembungane.
Tembung kausastran dumadi saka ka-susastra-an. Tembung susastra dumadi saka su + sastra. Tembung sastra dumadi saka tembung wod sas-, tegese piranti utawa sarana. Tembung sastra saka tembung Jawa Kuna castra kang tegese kukum utawa pranatan.
Ing Jawa anyar tembung sastra kuwi ngemu teges tulisan, jalaran tulisan kuwi mujudake salah sijine sarana utawa piranti kanggo memulang. Wusana, werdine tembung sastra anjog ing pangerten apa wae kang tinulis, kabeh kang tinulis, kawedhar sarana basa, karumpaka kanthi olahing budi lan pikirane manungsa.
Wohing cipta lan budine manungsa kang kawedhar sarana basa utawa karacik kanthi wujud tulisan utawa basa lisan uga kalebu ewoning sastra. Wanda su tegese becik, apik utawa endah. Tembung susastra ateges sastra kang becik, apik utawa endah. Lelandhesan mula bukane utawa etimologi-ne tembung, kasusastran tegese wohing pamikir lan budining manungsa kang awujud racikan basa lisan utawa tulisan kang ngemu kaendahan.
”Para sosiolog wus ngakoni yen kasusastran kuwi mujudake salah sijine sarana kanggo mangerteni babagan tatakrama, subasita, unggah-ungguh lan gegayuhaning bebrayan agung. Kalebu kasusastran Jawa mujudake perangane kabudayan,” piterange Imam.
Gancaran
Kasusastran Jawa yen kaperang ana loro, yakuwi sastra tradhisional (kuna) lan sastra modheren (anyar). Sastra tradhisional akeh sing dianggit kanthi wujud basa pinathok (tembang, guritan) lan gancaran (prosa). Sastra Jawa modheren akeh-akehe kaangit ing wujud basa gancaran.
Kasusastran Jawa sing adhapur basa gancaran kuwi dhapukane ukara wus tinamtu, penganggone ajeg lan mawa teges entar. Tuladhane, paribasan, bebasan, saloka, pepindhan, sanepa, isbat, panyandra lan cangkriman. Kasusastran Jawa sing awujud basa pinathok yakuwi guritan lan tembang, paugerane ora padha lan gumantung jinise tembang, kayadene sulukan, sekar ageng, tengahan, cilik, parikan, wangsalan lan guritan.
Sastra kapujanggan kaperang dadi lakon pewayangan, piwulang, sastra babad/sujarah, suluk/mistik, novel/roman lan cerita cekak (Cerkak)/cerita sambung (Cerbung). Lakon wayang maneka warna lan akeh cacahe, kayadene Dewa Ruci, Bima Suci, Begawan Ciptaning, Alap-alapan Surtikanthi, Wahyu Cakraningrat, Wahyu Makutharama, Wahyu Tri Purba Sejati lan sapiturute.
Kasusastran Jawa kang awujud tulisan lan lisan yasan utawa tinggalane para winasis, leluhuring bebrayan Jawa, isine maneka warna lan bisa murakabi kanggo anggulawenthah marang kautamaning urip. Wadhahe endah lan isine migunani tumraping urip bebrayan, amarga bisa kanggo sarana ningkatake kawasasisane para siswa, mligine babagan kasusastran Jawa.
Hamula ing pasinaon kudu kerep digladhi babagan maca, nulis, matur, ngrungokake, gawe crita lan ngandharake pitutur-pitutur luhur kang sumimpen ing crita, dongeng, tetembangan, paribasan, Cerkak utawa sajroning tembang macapat lan sapiturute. Kabeh kuwi mau sumimpen ing kasusastran Jawa. [solopost.net]
~~maztrie~~
Creative Commons License