Sluman Slumun Slamet | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Sluman Slumun Slamet Reviewed by maztrie on 5:20 AM Rating: 4,5

Sluman Slumun Slamet

Ésuk iki srengéngé sumunar sajak rada agawé kemringeténg awak. Kahanan kaya mengkono mau nora bisa dak rasakaké sawektu wingi pas ana éng ngomah Yodja kono. Sing dak nggo pengéling-éling yaiku amarga Simbah Putri iku seneng ngambah banyu, mbok arepa hawa lagi adhem ana ing mangsa bedhidéng tengah wengi anangéng sing dak nggumuni saka mBah Putriku Panjenengané ora ana rasa kadhemen babar blas, kamangka awak sing iséh enom-enom waé padha sambat katisen. Perlu uninga dhateng sedhèrèk sedaya bilih mBah Putri menika yuswanipun sampun satus kaléh tahun wanci menika.
Amarga kahanan iku, aku banjur dadi kelingan marang tembung kang naté dipocapaké déning Simbah Putri rikala semana. “Lé sing ngati-ati yo lé makarya, Aja kebat-kebat mundhak kliwat, Sinambi ndedonga marang Gusti muga-muga pinaringan Sluman, Slumun, Slamet”. Sejatiné ukara iku asréng banget keprungu ana éng kuping apamenèh lagi jaman cilék mbiyen. Salah sawijinéng ngèlmu urép sing wus tau dak tampa. Keslametan kang uga dadi perkara wajib utawa penténg. Kanthi keslametan, wus sak mesthiné bakal ana kasil kang kecandhak. Tujuané kayadéné wujud sakdermanéng manungsa iki wayah munjuk donga syukur lan Muji Gusti. Nora liya panyuwunan karebèn diparingi slamet déning Gusti Kang Alelana Jagad supayanéng olèh kanugrahan slamet ndonya lan uga akhératé.
“Sluman, Slumun, Slamet” tembung utawa ukara-ukara iku wus asréng banget keprungu ana éng talingan. Coba dak tulis apa séng wus naté di jlèntrèhaké déning mBah Uti,
SLUMAN, awal tembung saka “lelakonéng urép” Kanjeng Nabi Sulaiman. Kanggo wong Jawa kang medhok pocap basané, ana macem-macem tembung kang dipocapaké kanthi nganggo ilat Jawa. Kanggo tuladha wektu ngocap Syahadat ‘Ain mula bakalan metu lan keprungu tembung Sekatèn, utawa pas nyebut Asmanéng Husyein bakalan tuwuh tembung Kusèn. Nah semana uga pas nyebut asmané Kanjeng Nabi Sulaiman, éng tembé akhirmula asma Sulaiman kasebut kathi tembung Sluman. Wus dak percaya menawa kanca sutrisnaku kabeh padha luwih paham babagan Nabi Sulaiman. Yaiku salah sawijinéng Nabi kang di paringi akèh kaluwihan. Sing paling katon saka kaluwihan iku mau salah sijiné yaiku anugrahéng Gusti menawa Panjenengané Nabi Sulaiman iku kalebu Nabi kang sugih éng bandha. Uga kapacak dadi Piyayi kang bisa momong marang kawula, kejaba saka iku Kanjeng Nabi Sulaiman bisa ngendika karo sak kabèhéng jalma, kaya ta kéwan, wit-witan, Jin, lan sak pituruté. Anangéng saka kemampuané iku Panjenengané ora tuwuh rasa kumalungkung, sak wenang-wenang, lan agul-agul sapa sira sapa éngsun. Malah kosok balèné, Panjenengané Kanjeng Nabi tetep nglembah manah, amanah, njunjung sikap adél lan wicaksana ana éng préntah. Babagan iki mampu diterapaké kanggo sak padhanéng Jalma Manungsa lan uga kanggo Jalma liyané. Kanthi rasa sabar, mula Panjenengané Kanjeng Nabi Sulaiman sak kabèhané bisa mentas lan slamet.
SLUMUN, Mungkin kanggo kanca-kanca sutrésnaku Umat Muslém wus banget paham tembung “Salamun” kayadéné kang kaserat ana éng Surat Yaasiin ayat ke-58. (Dhèwèké oleh uluk) “Salam”, kanggo pocapan uluk Slamet saka Gusti Kang Maha welas asih.Nah balik menèh ana éng piyayi Jawa kang ngocap tembung “Salamun” mula tuwuh tembung “Slumun” iku mau. Sing kudu kepikir ya maknané tembung saka “Slumun” iku kang sanyata nora liya yaiku katujokaké marang Keslametan uga.
SLAMET, Tembung kang wus akeh di agem ana éng guneman lan caturan awak saben dinané. Tembung slamet ana arti harfiah ya isa di mangertèni menawa nora kena bebendu lan nerak balak, bisa liwat saka kahanan kang mbebayani tumrap awak. Tembung “Slamet” uga asréng kaprungu menawa ketemu marang piyayi kang lagi nandang seneng, utawa lagi ngancék katuju ana éng karaharjan lan kabegjan.Tembung liya ana éng Basa Jawa saka tembung Slamet yaiku Sugeng, Raharja, Rahayu lan iséh akèh menèh kang inti maknané nora liya ya katuju marang karaharjan iku mau. Ana Untung, Beja, Waras, Saras, Wilujeng, Bagas lan sakpituruté…..(?)
Iki amung sakderma tembung-tembung séng dak mangertèni saka simbah rikala jaman cilék mbiyèn, babagan bener lan kurang peneripun kula namung saget nyuwun pangapunten, amargi kula njih mboten saget nunjuk salah satunggaling bukti.
Mboten ateges ngirangi rasa hormat kawula, tanpa mbèntenanken sakéng keyakinan utawi agami ingkang dipun anut saking sedhèrèk lan réncang sutrésna sedayanipun, tuwuh sakéng manah pribadi kawula ngajak supados sami-sami anggènipun njagi keslametan wonten éng caturan, mboten gampang wonten raos ketersinggungan.
Kanthi cecepengan wonten éng tembung lan prinsip “sluman – slumun – slamet” ugi dipun sengkuyung kalian tindak lelandhesan raos sopan lan santun mugi kita sedaya saget angatasi sedaya suasana éngkang “Kebat-Kliwat” wonten éng tindak lan lampah. Amien… [
uth]