Ing Kene Pengkhianat ing Kana Kusumaning Bangsa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ing Kene Pengkhianat ing Kana Kusumaning Bangsa Reviewed by maztrie on 6:10 PM Rating: 4,5

Ing Kene Pengkhianat ing Kana Kusumaning Bangsa

ING kene bisa dianggep pengkhianat, nanging ing kana sawijining pawongan bisa dipapanake ing maqam kang minulya minangka kusumaning bangsa. Dudu merga desa mawa cara, ora jalaran negara mawa tata. Nanging sajake saben jaman lan panguwasa pancen mbutuhake pawongan kang bisa didadekake pepeling mungguh labuh-labete -lan ing kono pengkhianat diperlokake anane.

Tumrape rezim Mataram kang kaperbawah dening Senapati Ing Alaga, Ki Ageng Mangir Wanabaya iku klilip. Mula, kanthi dalan apa wae, panguwasa bumi perdikan iku kudu disirnakake. Yen nganggo cara "agal" angel kasembadane, cara sing alus kudu ditempuh. Yen perlu maneh, putrine dhewe sing diombyongi dening tuwa tuwanggane praja dipatah supaya mbidhung api rowang.

Pungkasane, "klilip" Mataram iku, kang dianggep merong kampuh jingga, bisa diatasi dening Panembahan Senapati sanajan kudu nganggo dalan sing adoh saka sipate satriya. Mula tumrape para kawula ing laladan Mangir, Ki Ageng iku kusumaning bangsa, Ki Ageng iku pengayoman kang pantes ditulad jalaran rila dadi bebanten kanggo ngrungkebi tanah wutah rah.

Banjur ing rebutan negera Demak Bintara, sapa kang pantes dianggep pahlawan, sapa kang pantes dianggep minangka pecundang? Hadiwijaya apa Penangsang?

Sing nganggep wong ngendi dhisik? Sing nyengkuyung rezim Pajang apa sing mbekingi Jipang Panolan nagih hake minangka pihak sing nduweni hak nglintir kawibawan lan nerusake peprentahan Demak? Wong Pajang, mesthi wae nganggep Hadiwijaya iku wong agung, dene kawula Jipang nganggep manawa Arya Penangsang kang pantes disubya-subya lan dieling-eling pangurbanane.

Nanging nasib sajake nemtokake Hadiwijaya, sing asale saka Desa Tingkir, luwih begja tinimbang Arya Penangsang, sing nduwe garis turun mendhuwur tekan cikal bakale Demak iku. Mula ora mokal yen kanthi perspektif Pajang, Arya Penangsang asring kagambarake minangka sosok brangasan, kurang duga, kapara ora wigah-wigih nempuh laku cidra. Kosok baline, Hadiwijaya digambarake minangka satriya utama lan ratu kang ambeg wicaksana.

Ing crita kang luwih tuwa maneh, kanthi setting Majapait, Kebo Marcuwet lan Menak Jingga kudu nampa stigma minangka pemberontak jalaran wani mrengkang dhawuhe ratu. Kamangka, pilihan cara kang ditempuh dening Adipati Grati lan Adipati Blambangan iku dudu tanpa sebab, kapara nuhoni sabda kang wus dilairke dening ratu. Para adipati mau mung dhapur nagih janji. Janji kang nate diucapake ratune.

Nanging rehne ratu iku kuwasane bebesan tanpa wates, mula abang bisa digawe biru lan biru digawe abang.

Mula ora mokal yen ing ewone crita klasik Jawa, dudu Jaka Umbaran ya Menakjingga sing dianggep minangka pahlawan, nanging Damarsasangka kang bagus ing warna iku kang pantes sinebut kusumaning bangsa. Babar pisan dudu Menakjingga utawa Kebomarcuwet ing episode sadurunge kang kudu adu tyasa kalawan Patih Maudara.
Ketoprak, kanthi stereotipe, kerep nggambarake totkoh-tokoh kasebut kanthi paras kang ora nyenengake. Kapara secara fisik, wujude Kebu Marcuwet iku setengah wong setengah menungsa. Dene Minakjingga digambarake mlakune gejik, mripati mendolo, raine pating plethot, swarane bindheng.Nyenengake, dene grup kethoprak Bangun Budoyo saka Desa Karang Kecamatan Juwana Pati, nate nggelar lelakone Kebo Marcuwet iku dudu mawa irah-irahan Mbalelane Kebo Marcuwet, nanging Kabo Marcuwet Sang Pahlawan. Uga Menakjingga, dudu kanthi irah-irahan Menakjingga Balela, nanging Menakjingga Nagih Janji.

Banjur ing ngendi tokoh-tokoh kayadene Sora, Ranggalawe, lan Nambi kudu dipapanake jroning panggung sejarah Kerajaan Majapait? Pahlawan apa pengkhianat? Patriot apa malah pemberontak kang tumindake amung kanggo nggegempil kawibawane nata?

Pitakonan kaya mangkono iku gampang dijawab, sauger ditemtokake luwih dhisik perspektife. Nganggo tesmake panguwasa, apa nganggo kacamatane kawula? Iku kang bakal nemtokake, apa tokoh-tokoh mau klebu pahlawan apa malah pemberontak.

Aja maneh ing jagade manungsa, senajan ing jagad kadewatan, tetep dibutuhake titah kang sinengkakake minangka pahlawan supaya melu cawe-cawe ngreksa tataning Jonggringsaloka. Mula banjur ana Arjuna kang sinengkakake minangka Prabu Karitin, kaparingan anudadi pahlawane kahyangan

Mula ora mokal, yen nganggo perspektif kolonial, kang ana ing Perang Jawa abad ka-19, Pangeran Diponegoro dianggep minangka pemberontak kang gawe kerugian gedhe tumrap tata praja. Ora mung arupa bandha-donya, nanging uga nyawa sing ora sithik cacahe.

Nanging apa kang diarani dening pemerintah kolonial iku minangka pemberontakan, tumrape bangsa tilas jajahan iku mujudake hero. Uwal saka motif kang nglambari anane rasa sering lan perkara warisan ñsaupama tenan mangkono, tetep wae Diponegoro iku tonggak gedhe tumrap labuh labete bangsa jroning nggranggeh kamardikane.

Brandhal Lokajaya, mesthi wae dianggep wong kang murang tata, ngrusak tatanan. Nanging tumrap wong-wong kesrakat, maling aguna iki murakabi lan nyukupi. Mula ora mokal lamun kepahlawanane tansah tumanem ing sanubarine wong-wong cilik.

Banjur ing ngendi dununge para kawula jroning diskursus kepahlawanan? Apa bisa golongane pidak pedarakan, wong cilik ongklak-angklik iki bakal cinathet minangka kusumaning bangsa, tansah didadekake pepenget mungguh labuh labete? Pancen ora sethithik pahlawan utawa kang bisa dianggep minangka kusuma saka barisane bangsa dhewe. Ewasemono, tetep durung ganep yen durung ana kepahlawanan kang diimpor saka jaban rangkah. Kejaba Robin Hood kang tekane keri-keri, kang enggal kasusul dening Sperman, Spiderman, Power Rangers, lan sapiturute, suwe sadurunge kuwi Wong Agung Jayengrana, Nopoleon Bonaparte, kapara tokoh-tokoh saka Mahabharata lan Ramayana wis ngejawa, malah ora sethithik sing banjur nyarira tunggal jroning ngimajinasekake sosok pahlawan.

Cekak, imaji ngenani kepahlawanan tetela tetep dibutuhake, bareng kari diperlokake uga anane para (kang dianggep) pemberontak, pengkhianat, lan pecundang. Malah ora mung kuwi. Kusumaning bangsa bakal disawang katon luwih mancorong tejane, luwih ngenguwung perbawane kalamun ana kang bisa dipapanake ing titik kang luwih dening nistha jroning tata keprajan lan atine para panguwasa. [SUARAMERDEKA]

Creative Commons License