Laku | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Laku Reviewed by maztrie on 4:25 AM Rating: 4,5

Laku

SAKABEHING panyuwun iku murih bisane kasembadan perlu dikantheni laku. Laku iku mujudake pangurbanan kanggo nggayuh apa kang sinedya. Laku utawa pangurbanan iku awujud tapa brata, meper hawa nepsu, cegah dhahar lawan guling. Tumrap jaman saiki diwujudi kanthi sinau sing mempeng, kerjankeras, meleng cipta (konsentrasi), disiplin, ora buwang-buwang tenaga lan wektu kanggo sing ora perlu.
Kabeh panyuwun utawa cita-cita iku, pancen ora bakal bisa kaleksanan tanpa pangurbanan. Jer basuki mawa bea. Tarkadhang malah wis akeh pangurbanane nanging sing dijangka durung kaleksanan. Kamangka sing diarani laku iku ora gampang olehe nindakake. Durung tutug olehe nglakoni ana sing wis medhot ana dalan, amarga ora kuwat.
Para mudha iku isih adoh jangkahe. Mula Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV paring dhawuh mangkene:
Dadiya laku nireki
cegah dhahar lawan guling
lan aja kasukan-sukan
anganggoa sawatawis
ala wateke wong suka
nyuda prayitnaning batin

Para mudha kang isih akeh cita-cita lan panyuwune sabisa-bisa nindakna laku prihatin supaya bisa kasembadan sing dadi gegayuhane. Aja mung ngumbar kasenengan sing bisa nuntun marang kanisthan.
Laku iku uga kudu katindakake dening sak sapaa sing nggilut ngelmu.Ana Serat Wedhatama disebutake menawa "ngelmu iku kalakoni kanthi laku". Lire, supaya bisa necep ngelmu mau perlu nindakake laku.
Ngelmu mau kudu dicakake, dadi pandoming tumindak. Ngelmu iku ora mung dimangerteni, nanging uga kudu dilakoni. Yen mung lagi ana omongan, yen ora dilakoni utawa ditindakake, kuwi durung jeneng nduweni ngelmu, amarga ngelmu iku kalakone kanthi laku.
Apa sakabehing panyuwun utawa gegayuhan iku kudu dikantheni laku? Laku iku saora-orane nuduhake bangeting panyuwun, nuduhake gedhening tekad supaya kaleksanan kang sinedya, kayadene tekade Bratasena nalika golek tirta prawitasari. Ya mung kanthi gelenging tekad sarta gedhening pangurbanan gegayuhan iku bisa kasembadan.
Urip iku ora gampang. Apa sing gumelar iki bisa nuwuhake pepenginan lan gegayuhan werna-werna. Manungsa kudu bisa milih gegayuhan kang utama lan nyingkiri pepenginan kang ora perlu. Ya gegayuhan kang utama iku kang perlu diudi kanthi kebak pangurbanan. Gegayuhan utama iku ora mung murakabi kanggo awake dhewe, nanging uga kanggo kemakmuraning masyarakat lan kamulyaning bangsa.
KGPAA Mangkunagara IV ing Serat Wedhatama paring dhawuh supaya nuladha laku utamane Panembahan Senapati ing Mataram.
Nuladha laku utama
tumrape wong Tanah Jawi
wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
Laku utamane Panembahan Senapati yaiku tansah marsudi sudaning hawa nepsu kanthi tapa brata ing wayah awan lan bengi. Tujuwane ora liya ya mung tansah mbangun kahanan supaya dadi luwih becik sarta gawe kepenake atine sapadha-padha.
Laku utama sing sifate memayuhayuning bawana, sing bisa ngunggahake harkat uripe manungsa, ing wektu iki dibutuhake banget kanggo ngentasake bangsa Indonesia saka kemelaratan lan "keterpurukan". Saiki akeh narapraja, pemimpin sing adoh saka tindak utama, sing mung gawe enake diri pribadi utawa golongane kanthi ancik-ancik kasangsaraning rakyat, ora gawe enak tyasing sasama. [pakdhedar]