Ngolah Lemah Pambukane Sejarah | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ngolah Lemah Pambukane Sejarah Reviewed by maztrie on 5:33 AM Rating: 4,5

Ngolah Lemah Pambukane Sejarah

LEMAH iku ora mung butuh dirungkebi nganti ditohi pati. Lemah butuh diupakara, supaya ora nglempara. Lemah uga perlu diolah amrih nduwe paedah, bisa nguripi, ngrejekeni, kapara bisa murakabi. Mula, pangolahing lemah uga banjur bisa dadi pambukaning warana ngenani sejarah, peradaban, lan kabudayan tumrap sawijining bebrayan ing sawijining jaman.

Ngenani lemah sing dadi sumbering panguripan, wis kerep dikandhakake. Ora sethithik andharan ngenani lemah kang dadi sarana kanggo ngejawantahake kanthi sanyata-nyatane unen-unen "sapa nandur ngundhuh". Unen-unen sing bisa dibacutake, upamane, "nandur pari ngundhuh pari", "nandur rawe, ngundhuh rawe".

Semono gedhe eksistensine lemah tumrap eksistensine manungsa. Prasasat tanpa lemah uripe manungsa ora mung kurang ganep, nanging bisa uga angel lumakune. Mulane Bumi, lemah iki, banjur dadi pilihan minangka kanggo nglangsungake urip bebarengan. Mulane uga, ngungak sejarah peradabane manungsa ing sawenehe papan, bisa lumantar saka pangolahing lemah.

Kejaba kanggo papan tumangkare tanduran lan thethukulan, lemah bisa dadi prabot kanggo nyengkuyung uripe manungsa saben dinane. Lemah diolah, didadekake bata, digawe gendheng, satemah bisa kanggo wewangunan; kanggo gawe omah utawa candhi.

Hasan Djafar (2000) nulis manawa candhi kang ana ing Batujaya acorak Buddha. Kamardikan nggilut agama ing Kerajaan Tarumanagara wis ana lan dimaklumatake dening raja. Nalika semana, ana kang nganut agama Hindhu Waisnawa-Saura. Ana kang ngrasuk agama Buddha (V-VII), kayadene kang dianalisis dening Ferdinandus (1999), amarga ditemokake votive tablet saka lemah lempung saka ing Candhi Balandongan, ing kompleks Batujaya. Kejaba iku, ana kang nganut -manut istilahe Fa Hsien, "ìagama kotor". Ora perlu gumun, jalaran sebutan mau kanggo nggambarake tradisi religi megalitik, kang warisane isih ana nganti saiki, kayadene anane watu madeg lan watu gedhe. Dadi, ing jaman Kerajaan Tarumanagara iku saora-orane ana telung kepitayan kang urip sesandhingan, yaiku Hindhu, Buddha, lan religi prasejarah.

Akeh kang cingak nalika ing pantura Karawang ditemokake kompleks candi ing Batujaya. Asosiasine wong ngenani candhi bata, mesthi tansah digathukake karo candhi bata kang ana di Jawa Timur, kang dibangun ing abad XI-XV, luwih-luwih ing jaman Singasari-Majapahit. Nanging candhi kang ana ing Batujaya luwih tuwa maneh.

Tumrap masyarakat ing pantura Jawa Barat, kayadene Bekasi, keprigelan ngolah lemah lempung dadi perkakas temene dudu barang aneh.

Adoh sadurunge para penyebar agama Hindhu lan Buddha teka, masyarakate wis prigel nggawe grabah, sawijine keprigelan kang ngrembaka antarane taun 300-400 Masehi. Keprigelan nggawe grabah terus sinambung, kaya kang bisa ditlesih saka tradisi gerabah saka kompleks Buni (Soejono, 1984), kang wis ana wiwit masa perundagian utawa setingkat ing ndhuwure era nenandur. Masyarakate urip saka tetanen lan golek iwak. Ing kompleks candhi Batujaya uga diprangguli grabah acorak Buni.

Iku nuduhake manawa ana kesinambungane kaprigelan, lumaku lan ngrembaka wiwit prasejarah hengga Hindhu-Buddha ngrembaka nalika candhi-candhi iku dibangun.

Tradisi ngolah lemah lempung mujudake kemahiran kang turun-temurun wiwit jaman prasejarah. Mula, nalika kang nggiyarake agama nggawa tradisi mbangun candhi saka bata, kabisan iku temene wis ana ing masyarakat.

Dadi, ora mesthi candhi bata kang dibangun ing Batujaya dumadi amarga penaklukan Tarumanagara dening kerajaan liya. Kapara, tradisi ngolah lemah lempung ing Batujaya iku lestari nganti seprene. Ing tepis wiringe Citarum, upamane, isih ana kang gawe bata abang.

Saka situs Batujaya iku, para peneliti nemokake votive tablet/clay tablet kang umure ora kurang saka limang abad. Sajrone tablet lemah lempung mau kacithak pantheon Buddha kanthi tulisan ing ngisore. Jalaran votive tablet uga ana ing Palembang, banjur dianalogake manawa Kerajaan Tarumanagara kuwi nate ditelukake dening Sriwijaya.

Ora mung ing tanah Jawa lan Sundha wae temene tradisi ngolah lemah bisa dadi sarana kanggo ngungak sejarah lan peradaban. Ing Lombok, Nusa Tenggara, tradisi nggawe grabah tumrap wong Sasak uga entuk legitimasi lumantar crita mitos. Nganti saiki, warga masyarakat ing kana isih percaya marang crita Dewi Anjani.

Ing sawijine dina, sang Dewi utusan manuk. Manuk Bre arane. Manuk iku nggawa misi tetulung marang menungsa sejodho kang lagi bingung adang beras. Lumantar manuk mau, Dewi Anjani mulang muruk manungsa ngolah lemah gunung piye bisane dadi priyuk.

Priyuk, kendhi, kaling, genthong, lemper, lan cangkir ing sekawit digawe kanggo perabotan bale somah. Manut ceritane warga, biyen ora kabeh desa wong-wonge prigel gawe maneka warna grabah. Sakampung upamane mung nggawe genthong, dene kampung liyane luwih prigel gawe lemper. Wong-wong mau banjur barter kanggo padha-padha nyukupi kebutuhan antarane siji lan sijine.

Ana kang nggawe patung Raja Wamenak numpak jaran, kang banjur dipapanake ing sadhuwure kayadene pot kuwalik mawa gambar andha omah panggung. Patung lan pot mau banjur dipapanake ing dhuwur payon kanggo nangkal bledhek.

Luwih saka iku, tumrap wong Lombok, mujudake sumbere panguripan, kebanggaan, semangat, lan urip iku dhewe.

Semono eksistensi grabah tumrap bebrayan, nganti Supantono saka Program Magister ITB Bandung uga banjur gawe tesis mawa judhul "Identifikasi Unsur-unsur Simbolik pada Gerabah Tradisional Jawa". Analisise ngasilake data manawa semono kenthele pemahaman marang falsafah urip masyarakat Jawa, nganti banjr kasok minangka simbol-simbol lan diwijudake sajrone ragam hias produk grabah kang diasilake.

Nanging bareng karo lumaku sarta owah gingsire jaman sarta pangaribawa saka ngendi wae, mula wujud lan ragam hiase uga ngalami owah-owahan ing bab fungsi kang sekawit minangka fungsi ritual dadi fungsi komersial. Semonoa, nilai-nilai simbolis mau tetep ana lan bakal dikukuhi kanthi tansah katon pangaribawa saka Hindhu, Buddha, lan Islam.

Andharan mau mesthi wae bisa dijangkepi maneh mungguh kepriye eksistensine lemah jroning jagading kuliner. Dudu mung minangka prabot kanggo adang. Nanging minangka bahan kanggo memasak. Upamane lemah kang digawe ampo, banjur dipangan. Malah jarene ora sethithik wong ngandhut kang nyidham mangan ampo.

Saya cetha manawa pangolahe lemah, ora mung kandheg minangka olah kridhane manungsa kanggo nyukupi kebutuhane. Nanging luwih saka iku, pangolahe lemah mujudake pambukane sejarah. Sejarah kang ora mung ngrembug taun-taun lan polahe para penggedhe, nanging kaya ngapa kawula cilik padha ngrekadaya njejegake kendhile. [SUARA MERDEKA]
Creative Commons License