Nyawiji kuwi ora kudu kabeh padha | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Nyawiji kuwi ora kudu kabeh padha Reviewed by maztrie on 6:20 AM Rating: 4,5

Nyawiji kuwi ora kudu kabeh padha

Penyair Afrizal Malna nate kapilut temen-temen marang samubarang kang pecah. Nalika ndeleng piring pecah, gelas pecah lan barang-barang pecah liyane, Afrizal tansah kepengin nyawijekake maneh perangan-perangan pecahan kuwi murih bisa dadi kaya kawitane.
“Lan nalika aku sekolah ing pamulangan madya, guruku nuduhake peta tlatah Indonesia. Ing gambar peta kuwi, miturutku tlatah Indonesia kayadene barang pecah. Pulo-pulone akeh, ora nyawiji. Nanging sabanjure aku ngerti yen pulo-pulo ing Indonesia kuwi dudu pecahan Indonesia, kepara malah nyawiji, yakuwi disawijekake dening samodra,” pratelane Afrizal ing basa Indonesia.
Nalika medhar andharan ringkes ing acara Pentas Rahat: Peluncuran Buku Wayang Lindur Karya Slamet Gundono, ing Teater Arena Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, dina Minggu (26/7), Afrizal nandhesake dheweke bisa nampa panemu yen tlatah Indonesia kuwi nyawiji jalaran anane samodra.
Nanging, Afrizal ora sarujuk marang panemu yen bangsa Indonesia kuwi nyawiji lantaran basa Indonesia. Jarene Afrizal, yen kabeh bangsa Indonesia dipeksa kudu tansah nggunakake basa Indonesia, ateges malah bakal ndadekake pecahe bangsa Indonesia. Lire, basa Indonesia pancen basa nasional, basa sing nyawijekake ing pasrawungan tataran nasional, nanging ora kudu mateni basa-basa dhaerah.
Ing kalodhangan kuwi Afrizal suka gegambaran babagan pentas wayang lan teater, uga musik, sing kerep dibabar dening Slamet Gundono sakancane. Minangka wong sing urip ing Jakarta, Afrizal ngaku yen dheweke akeh ora mudhenge marang apa sing diucapake dening Slamet Gundono nalika ndhalang utawa nembang.
Kacihna, dheweke bisa ngrasakake ana tapsiran luhur sing kakandhut ing tetembangan lan pocapane Slamet Gundono ing saben pagelaran racikan senine. Kepara yen apa sing ditembangake lan diucapake dening Slamet Gundono kuwi dipertalake ing basa Indonesia malah bakal ilang kandhutan tapsiran luhure.
Beda-bedaIki nuduhake yen basa sing digunakake ing sawijining racikan seni pancen bisa ngliwati sakehing wates budaya. Seni bisa manjing ing kaanan apa wae lan bisa ditampa dening sapa wae. Tapsiran luhur sing kakandhut ing sawijining racikan seni bisa diwaca, diwerdeni lan wusana didhudhah dening sapa wae tanpa kepalang perkara basa. Apa sing diandharake dening Afrizal kuwi jumbuh pratelane para budayawan lan sarjana sujana babagan kabudayan yen nyawiji kuwi ora ateges kudu padha kabeh. Kayadene sesanti Bhinneka Tunggal Ika, miturut seniman kang uga budayawan Suprapto Suryodarmo, ngandhut tapsiran yen bangsa Indonesia kuwi nyawiji ing kaanan kang beda-beda.
Lan nalika kaanan kang beda-beda ing babagan basa, suku, agama, rasa, werna kulit lan sapiturute kuwi digandhengake karo unen-unen golong gilig nunggal sedya kepara malah sansaya nandhesake werdine unen-unen kasebut. Lire, sing karan golong gilig nunggal sedya kuwi ora kudu linambaran samubarang kang sarwa padha. [solopos]