Pedhotan ing sastra Jawa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Pedhotan ing sastra Jawa Reviewed by maztrie on 7:09 PM Rating: 4,5

Pedhotan ing sastra Jawa

Sadurunge ana wewaton titi maca (tanda baca), tulisan ing kasusastran Jawa kuna katulis gandheng renteng, meh tanpa let (spasi).

Kaya prasasti sing katulis ing watu lan ing godhong tal (rontal). Prasasti katulis mawa aksara Pallawa lan Dewanagari, basane Sansekerta utawa basa Kawi/Jawa Kuna.
Dene kang katulis ing rontal, awujud kakawin, kayata Epos Ramayana dening Empu Sedah lan Panuluh, Mahabarata dening Empu Kanwa. Nalika samana, pamacane kakawin mung ana rong cara, yaiku antep (guru) lan entheng (lagu). Semono uga ing aksara Jawa, panulisane uga gandheng renteng. Salah pamedhotane bisa beda tegese.
Sejene kang awujud kakawin, ana kang awujud suluk (Sukarsa, Surandaka), kidung (Kamandaka, Pamancangah, Calonarang, Gatutkacasraya, lan liya-liyane. Mligine kidung Gathotkacasraya nitik paragane Gathotkaca, kang putra Pandhawa, uga trah Barata, ateges serat Mahabarata. Nanging, saka wegige pujangga, yen beda pamedhote, dadi crita Ramayana.

Kidung Calonarang sawijining crita rakyat ing tlatah, Bali, diangkat dadi tontonan cak utawa seni kecak. Manut jaman kelakone, saiki tontonan kecak Bali critane wis ora Calonarang, nanging crita Ramayana, awit kondhange Ramayana Prambanan 1961 kanggo suguhan turis mancanegara kang luwih nengsemake katimbang crita Calonarang. Kajaba iku, kakawin ing rontal Bali, pamacane kakawin uga dadi tontonan kanggo turis mancanegara ing Bali. Sanajan penonton ora mudheng basane, nanging lagune sing nyleneh kasil narik kawigaten. Dadi antarane sastra lan lagu kaya-kaya ora bisa dipisahake.
Sabanjure wujud sekar ageng, sekar tengahan, lan sekar alit, klebu macapat sing kedadeyan 11 pupuh. Ing sekar ageng uga ana kecap pedhotan, kang saben larikane dipratelakake lampah. Kayata lampah 16, saklarik ana 16 wanda, kapedhot 8-8. Pedhotan ing kene ateges andhegan kanggo ngunjal ambegan. Basane kawi campur basa Jawa tengahan. Sekar tengahan lan sekar alit nganggo basa Jawa anyar.

Tembung sekar, cara wantahe ateges kembang. Kembang (bunga) minangka sanggit alus saka tembung tembang. Mula ngokone dadi tembang gedhe, tembang tengahan, tembang macapat. Yagene ora disebut tembang cilik? Amarga tembang macapat nduweni pangeran sing gumathok. Yakuwi cacahing gatra, utawa pirang larike; cacahing wilangan, saklarik ana pirang wanda; lan guru lagu, pungkasaning wanda nggunakake vokal a, i, u, e, o. Dadi beda banget karo guru lagu ing kakawin, suluk lan kidung.

Sok-sok beda
Tembung macapat jembar banget tebane ing kasusastran Jawa anyar. Akeh banget cacahe buku anggitan. Para pujangga migunakake tembung macapat, kayata: Serat Damarwulan, Wulangreh, Wulangsunu, Wedhatama, Babad Giyanti, Babad Pakepung lan isih akeh banget liyane, malah nalika nulis layang uga nganggo paugeran macapat. Bab pedhotan ing macapat, antarane tulisan lan pangucape sok-sok beda, tuladhane gonyak-ganyuk nglelingsemi nanging ing kaidah nulis Jawa, ditulis ganyak-ganyuk ngliling semi. Sing dikarepake ngisin-isinake, teges liyane ngliling bocah wadon jenenge semi.
Ing aksara Jawa tembung gancaran, ana ukara wetankulondalancina. Ukara iki bisa dipedhot dadi wetan kulon dalan Cina, bisa uga wetanku Landa lan China. Ukara-ukara mau bisa ditegesi Cina-Cina bisa liwat wetanku utawa dalan kulonku, uga bisa ditegesi tangga wetanku wong Landa lan China.
Ing basa Indonesia tulisan gedrig lan tanpa tanda maca, uga bisa kedadeyan kaya mangkono, kayata ukara bucarikantemanteman. Pedhotanne bisa muni Bu, carikan teman-teman, utawa Bu Carik antem-anteman. Mesthine, njaluk tulung Bu Carik nggoleki kanca-kancane, malah wara-wara yen Bu Carik kerengan. Ing antarane tulisan lan pamacane, merga pranata tulisan Jawa, beda pangucapane karo tulisane. Semono uga ing ulisan gandheng rentheng, beda pamedhote, dadi slenca tegese. [PakdheDar]

© Copyright Solopos.net on Kamis, 06 Agustus 2009
~~maztrie~~
Creative Commons License