Rukun agawe santosa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Rukun agawe santosa Reviewed by maztrie on 6:34 AM Rating: 4,5

Rukun agawe santosa

Unen-unen rukun agawe santosa nunggal rasa kalawan golong gilig nunggal sedya. Miturut andharan ing buku Gusti Ora Sare, karyane Pardi Suratno lan Heniy Astiyanto, 2009, unen-unen rukun agawe santosa sing kosok balen kalawan crah agawe bubrah wus ngoyot ing madyaning bebrayan agung Jawa.
Kanggo mujudake pepenginan lan gegayuhan bebarengan, kayadene njaga amane lingkungan, gawe sarana kanggo umum, lan sapiturute, prelu nggandheng lan ngejak kabeh warga linandhesan semangat urip rukun. Perkara sing merbawani kabeh warga bebrayan kudu diudhari lan diawekani bebarengan.
Kanthi rukun kang beblese uga nunggal sedya, bakal cinipta nyawijine bebrayan kang kukuh saengga bebrayan agung dadi santosa. Wewarah rukun agawe santosa lan golong gilig nunggal sedya iki uga nunggal rasa karo semangat gotong royong sing isih santosa ing madyaning bebrayan agung Jawa.
Wewarah rukun agawe santosa iki cocog banget kalawan kaanan bangsa Indonesia sing majemuk utawa bhinneka. Kepara uga cocog tumrap bebrayan agung Jawa sing uga majemuk, ana Jawa Solo-Yogyakarta, Jawa Semarangan, Jawa Banyumasan, Jawa Banyuwangen, Jawa pesisiran lan sapiturute. Dumadine cecongkrahan sing ngrusak golong gilig, mung bakal ndadekake ringkih. Unen-unen rukun agawe santosa lan crah agawe bubrah mujudake galih aseme sikep uripe wong Jawa. Wong Jawa sing ora nggatekake tapsiran urip rukun lumrah sinebut wong ora Jawa, wong durung Jawa utawa wong nyleneh.
Wujud saka semangat golong gilig lan rukun agawe santosa kuwi kawujud ing budaya gotong royong, gugur gunung lan saiyeg saeka kapti kanggo kapentingan bebarengan. Lan yen wus anjog ing manunggaling sedya kanggo ngracik urip bebrayan sing sarwa ayom lan ayem, ora bakal ana daya lan pangribawa saka negara manca kang kuwawa ngganggu gawe. [solopos]