Wujud kutha gumantung sesambungan manungsa lan alam | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Wujud kutha gumantung sesambungan manungsa lan alam Reviewed by maztrie on 7:14 PM Rating: 4,5

Wujud kutha gumantung sesambungan manungsa lan alam

Ing kawitane kutha kuwi bisa ditegesi minangka sawijining beteng. Jumbuh owah-owahan jaman, kutha banjut nyakup tlatah utawa papan dununge panguwasa, punjere paprentahan utawa krajan.
Ing pangerten modheren, miturut Mohamad Muqoffa, dhosen Jurusan Arsitektur Fakultas Teknik UNS Solo, nalika medhar andharan babagan kutha, budaya lan tradhisi, ing Bale Soedjatmoko, sawetara dina kapungkur, kutha mujudake papan uripe wong akeh kanthi maneka kabisan mligi, padhet, sing urip bareng ing wangunan sosial tinamtu.
Kutha-kutha lawas ing Indonesia tansah duwe ciri mligi, salah sijine arupa punjering kutha. Wewangunan tinggalan jaman kolonial dadi ciri utama, katambah wangunan karaton lan punjer paprentahan lokal ing sawetara kutha, antarane Kutha Solo.
“Yen diwawas saka cara mindeng morfologis, anane maneka warna wangunan kasebut ngandhut wulang sujarah utawa historis kang sabanjure bakal dieling-eling dening peta mental bebrayan agung kutha kuwi. Cetha manawa kutha kuwi asipat historis, dudu ahistoris. Tegese tansah ana sesambungan kalawan apa kang nate dumadi ing kutha kuwi,” piterange Muqoffa.
Ngrembakane kutha pancen bakal nuwuhake owah-owahan. Lakuning pembangunan bisa nuwuhake owah-owahan kang asipat ngowahi sakabehe tumrap sawijining kutha. Owah-owahan kang dumadi uga bakal merbawani tumrap raine kutha.
Manawa kutha kuwi didunungake minangka sawijining lingkungan bina, ana sesambungan raket kalawan kabudayan utawa budaya. Kaanan lingkungan bina iki ana gayutane karo maneka warna budayane bebrayan agung sing dedunung ing kutha kuwi.
Budayane bebrayan agung kutha dadi jiwa utawa roh ing laku ngemonah lan ngracik wujud kutha. Dene tradhisi utawa pranatan, mujudake sawijining pasarujukane bebrayan agung kang asipat turun temurun. Tradhisi iki bisa didunungake minangka panyengkuyunge budaya.
Ritual kirab pusaka, sekatenan, tawa-tinawa ing pasar tradhisional, miturut Muqoffa, mujudake tuladha tradhisi ing budaya Jawa sing kudu dijaga murih roh kutha budaya tetep lestari ing Kutha Solo.
Sawijining kutha cetha ora bisa kalis saka owah-owahan. Kutha kuwi kanthi alamiah tansah owah, ing wujud tata lair utawa pisik apadene ing lakuning pembangunan. Kanthi mangkono, miturut Muqoffa, ora ana sikep liya kejaba ngejarke dumadine owah-owahan kuwi.
Nanging owah-owahan kang dumadi lan mujudake pepesthen kuwi kudu tetep kawengku ing ratan budaya lan tradhisi bebrayan agung sing dedunung ing kutha kuwi. Wujud lan wangunan kutha ditemtokake dening sesambungan ritualistik antarane manungsa lan alam lingkungane.
“Sing kapetung wigati dhewe, tuwuh lan ngrembakane sawijining kutha kudu nengenake wonge, utawa bebrayan agung sing dedunung ing kutha kuwi. Wong-wong warga kutha kudu antuk kawigaten mligi ing saben ngracik lan nemtokake kawicaksanan pembangunan kutha. Yen bebrayan agunge bisa urip lestari lelandhesan budaya, kuthane uga bakal dadi kutha budaya,” tandhese Muqoffa. [solopos]
~~maztrie~~
Creative Commons License