Jer Basuki Mawa Bea | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Jer Basuki Mawa Bea Reviewed by maztrie on 6:18 PM Rating: 4,5

Jer Basuki Mawa Bea

Sok-sintena ingkang kepengin pinter, inggih kedah sinau. Kepengin gadhah arta, inggih kedah makarya. Kepengin ijazah, inggih kedah sekolah. Menawi sampun kepengin mbangun bale-somah, inggih kedah nikah. Tamtunipun, menika sampun samesthinipun. Liripun, sedaya gegayuhan menika tamtu mawi “laku”, amrih kelampahan. Utawi, basa kasaripun, ing jaman samangke, “ora ana barang sing gratis”. Lan, mesthi kemawon, mireng atur mekaten, sedaya sami manthuk sarujuk. Ewa semanten, sajakipun, mila boten kenging sinengguh remeh; sanes prekawis ingkang gampang linampahan.
Saben tiyang sampun nglenggana bilih samukawisipun kekajengan menika “kelakone kanthi laku”. Mekatena, jebul inggih boten sekedhik ingkang taksih sok kewuhan anggenipun badhe nampi lan nglampahi. Tuladhanipun, kula kepengin wareg. Nanging, jebul srana-kula lajeng dhateng wande, tumbas tetedhan lan unjukan. Kamangka, nalika semanten kula dereng luwe lan ngelak. Nah, menawi mekaten, rak dereng tamtu kula angsal wareg (tuwuk)! Kepara, saged kemawon kula malah namung angsal seneb, awit padharan-kula mbeseseg, kekathahen nedha.
Mungguhing pamanggih-kula, nedha menika sanes “srana laku” saking pepenginan wareg. Awit, ingkang langkung wigatos, tumrapipun sinten kemawon ingkang kepengin wareg, inggih kedah ngraosaken luwe langkung rumiyin. Kanthi ngraosaken luwe, tamtu badhe timbul raos kepengin wareg. Dene, tetedhan menika namung ubarampe, lan nedha menika pakarti ingkang kasurung saking raos luwe.
Semanten ugi, inggih kedah ngraosaken sisah langkung rumiyin menawi kepengin nggayuh raos bingah. Nalaripun, awakipun piyambak menika boten badhe ngertos bilih sampun nampi raos bingah menapa malah dereng, menawi dereng nate nglampahi kados menapa raosipun sisah.
Salajengipun, sumangga sesarengan njingglengi kawontenan ing kiwa-tengen kula lan panjenengan sedaya. Menawi wonten tiyang ingkang kepengin nggayuh ajining dhiri, menapa inggih lajeng purun mawi “laku” ngandhap-asoraken dhiri? Sajakipun, menika langka sanget! Kathahipun, tiyang ingkang kepengin kajen, boten kanthi ngajeni asanes langkung rumiyin. Kepengin dipun-asih-tresnani dening akathah, nanging boten purun welas-asih dhateng asanes. Kepengin mulya, nanging boten purun mulyakaken tiyang kathah.
Dumugi ing ngriki, tamtunipun kula lan panjenengan prelu negesi malih “jer basuki mawa bea” menika. Awit, sajakipun kula lan panjenengan sampun dangu kecalan teges ingkang leres. Kula lan panjenengan sampun kedangon ngginakaken tegesipun “bea” ingkang nalisir saking luhuring budaya. Saben mireng tembung ‘bea’ mesthi lajeng dipun-gayutaken kaliyan bandha (raja-brana). Sauger gadhah arta, anggepipun sampun kenging kangge nggayuh menapa kemawon.
Prayogi, samenika sumangga sesarengan sami nglenggana bilih ‘bea’ menika sanes ‘arta’.[HARIANJOGJA]