MANGAN ORA MANGAN KUMPUL | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
MANGAN ORA MANGAN KUMPUL Reviewed by maztrie on 6:24 PM Rating: 4,5

MANGAN ORA MANGAN KUMPUL


Taksih sami kados dene nalika mrangguli unen-unen sanesipun, kathah tiyang ingkang nelakaken raos boten sarujuk kaliyan “mangan ora mangan (sing penting) kumpul” menika. Wonten pemanggih, bilih ugeman mekaten menika sampun kadaluwarsa. Nalaripun, dipun-gayutaken kaliyan unen-unen “yen ora obah ora mamah”. Badhe kadospundi caranipun nyekapi kabetahanipun gesang menawi pijer “kumpul” lan boten mbudidaya? Wonten ugi pemanggih, ing jaman samangke inggih kedah tansah kupiya piyambak kangge gesangipun pribadi, boten kenging lajeng namung thethenguk keklempakan kemawon.
Mila leres, kabetahanipun piyambak inggih kedah kacekapan kanthi pambudidayanipun piyambak. Nalar ingkang kados mekaten menika mila saestu leres, sampun trep. Nanging, kenging menapa muluripun nalar menika dadak mawi nglepatakan lan pepuntonipun mbucal ugeman “mangan ora mangan kumpul”?
Sumangga samenika sesarengan nyemak andharan cara bodhon.
Upami ndilalah kersanipun Gusti, panjenengan ginadhuh anak ontang-anting, kakung. Sareng sampun dumugi wancinipun nikah, ingkang putra kala wau pikantuk lare estri saking tebih, saking jawi kitha utawi malah jawi pulo, upaminipun kemawon saking Bandung. Ndilalah, putra-mantu panjenengan menika kaprenah putra ragil, kakang lan mbakyunipun sampun sami mbangun bale griya, tur ing paran sedaya.
Dumugi ing ngriki tamtu kemawon wiwit wonten raos sumelang. Jalaranipun menapa? Mangga nglajengaken nyemak.
Panjenengan lan garwa mesthi kagungan gegadhangan bilih ing mangke nalika putra ontang-anting panjenengan sampun rabi, ing salajengipun badhe mboyong semahipun, putra mantu panjenengan, ing dalem ngriki, kempal, mengku bale griya. Nanging, sampun ngantos supe! Besan panjenengan ing kitha Bandung ngrika tamtu inggih nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang sami. Sebab, inggih kantun putra ragilipun, ingkang sampun dados putra mantu panjenengan menika, ingkang taksih kenging dipun-ajeng-ajeng amrih purun ngancani tiyang sepuh ing griya.
Menawi sampun mekaten kasunyatanipun, tamtu kedah wonten ingkang legawa. Sinten ingkang kedah lila tebih saking putra, panjenengan menapa besan?
Upaminipun kemawon ing lakon menika ingkang kedah lila-legawa tebih saking putra jebul panjenengan lan garwa. Tamtu kemawon panjenengan badhe ngraosaken kadospundi wigatosipun “kumpul”.
Upami ing setunggalipun wanci, panjenengan nadhang gerah, boten tinenggan dening putra, kadospundi raosipun? Sinaosa putra lan mantu panjenengan angsal kabar menika, nanging menawi ndilalah boten gadhah bea kangge mantuk tilik griya, menapa inggih badhe dipunlepataken? Kamangka, sinaosa saestu mekaten kawontenanipun, panjenengan inggih tamtu ketlusuban raos cubriya. Saged kemawon lajeng tuwuh raos cuwa dhateng ingkang putra, sinengguh sampun boten bekti malih. Mekaten ugi pandakwa dhateng putra mantu.
Lan tamtunipun inggih wonten raos ingkang nggorehaken katentremanipun putra lan mantu panjenengan sebab kawontenan menika. Mesthinipun, ingkang putra inggih tansah sumelang menawi wonten paduga ingkang boten-boten sebab boten kuwawi mantuk nalika tiyang sepuh saweg gerah.
Prekawis menika boten badhe kelampahan menawi ing antawisipun panjenengan lan ingkang putra boten pisah, beda papan lan beda kawontenan. Prekawis menika timbul inggih namung jalaran boten “kumpul”.
Pramila, wonten prayoginipun, mangga sesarengan negesi “mangan ora mangan kumpul” menika kanthi prasaja. Boten ing bab “mangan” lan “ora mangan”-ipun, nanging, ing bab wigatosipun “kumpul”. Inggih menika “kumpul” ingkang ateges ngawekani timbulipun raos was-sumelang, saengga tansah ginadhuh katentreman.[PAKDHEDAR]