NGLARI SEDULUR | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
NGLARI SEDULUR Reviewed by maztrie on 5:19 AM Rating: 4,5

NGLARI SEDULUR

RASA kangene maring Kakang sinarawedi ora kena disayuti. Mula Sulastri gawe surat maring salah sawijining Surat Kabar ing rubrik Surat Pembaca. Sing mangsude wara-wara nggoleti Kakange sinarawedi sing jenenge Suhadi. Ning dudu Suhadi Tukang Cukur sing asring nulis nang Panjebar Semangat. Wis Pirang dasa warsa ora bisa sesambungan. Padha-padha kelangan lacak.
Limang dina tumekaning dina Lebaran taun siki dheweke tampa surat pos. Bareng wis genah surat mau kanggo Mas Sutrisno, ya Bapake bocah-bocah, nembe niliki alamat sing ngirimi, Jenenge Hadi Sumarto. Lengkap Er Te Er We lan nomer HP-ne. Mesthi baen Sulastri bingung. Durung tau kenal karo jeneng mau. Kalah cacak menang cacak amplop dibukak.
Assalamu 'alaikum wr. wb.
Lumantar layang iki inyong mung kirim kabar kewarasane wong sekeluwarga. Sing tek suwun sliramu sagotrah muga tansah pinaringan rahayu tan ana rubedaning urip.
Kejaba sekang kuwi, aja bingung inyong nganggo jeneng tuwa. Warisane mbah Buyut. Nalikane sepasarane dadi penganten, cara ndesa diwei jeneng tuwa. Cara kuwe mau wis dadi budaya ing padesan. Mula kanggo ngormati sing paring jeneng, sawise nang ndesa jeneng mau tek lestarekaken. Inyong ora ngira blas arep bisa ketemu maning karo kowe padha. Tujune kowe duwe ada-ada nulis nang Surat Pembaca nang Suara Merdeka, pas inyong maca nang nggone kanca. Gira-giru inyong terusgawe surat kiye. Neng kene ora bisa ngomong pirang pirang. Gampang nek wis padha ketemu baen.
Kaya mung semene dhingin kabar sekang Kakang. Tek arep-arep kowe maring nggone inyong Badan dina pindhone. Mbok menawa bocah-bocah sing nang paran padha bisa prei, nekketemu dadisemanger.
Adimulya tgl: 22 Oktober 2005WassalamHadi Sumarto.
Rampung nggone maca, luhe olihe ndrojos kaya kali banjir. Saking senenge arep ketemu karo Kakange sing bisa ngentas dheweke sekang jejember. Ngenteni bojone sekang BRI lagi njukut pensiunan dirasa suwe kaya nganteni matenge liwetan. Pikirane temlawung kelingan lelakon dhek semana. Isih padha kumpul. Kemliwer kaya casset vidio.
*Awal taun sewidak lima.
Sulastri ngumbara maring Jakarta. Melu Kang Karmo sing wis suwe urip nang kana. Ora ketang mung dadi tukang becak, nyatane bisa nyukupi keluwargane sing nang desa. Saben nem sasi sepisan tilik ngomah. Sekang critane Kang Karmo, Sulastri kepencut, nginthil melu Kang Karmo.Apa sing dicritakena Kang Karmo kebukten. Sawijining bengi ana tamu nemoni Kang Karmo. Mbuh apa sing digunem. Mung keprungu guyone ger-geran Sulastri diceluk, Terus marani, nemoni.
"Kaya kiye Las, Pak Anton butuh rewang. Mula saiki kowe, wengi siki ndherek sisan. Gombale ditingkesi". Omonge Kang Karmo.Mesthi baen Sulastri atine bombong banget. Ora dadi gawene Kang Karmo maning. Mlebu kamar ningkesi gombalane. Rampung terus metu. Ngetut mburi Pak Anton. Sulastri digondhol mobil. Kang Karmo mesem. Niliki amplop sekang Pak Anton. Lumayan nek mbecak nganti puluhan dina. Sulastri pikirane dadi goreh kok mlebu plataran Hotel? Apa Pak Anton sing duwe Hotel? Sulastri mung manut apa sing dikarepaken calon bendarane mau."Ya nang Hotel kene nggonku nginep. Sisan omahku. Aku isih bujangan: Padha karo kowe lagi ngumbara golet pangan. Mung beda carane. Kowe tugase mung ngladeni aku." kandhane Pak Anton sawise mlebu kamar.
"Kamar kula pundi Pak?" Ujare Sulastri.
"Ya kiye bareng. Peturone uga barengan. Mbok kepenak.
"Krungu jawaban sing keri mau. Awake Sulastri mrinding. Keduten kabeh. Arep budi keprimen. Dhasare wis tengah wengi tur sapa sing arep bisa disambat. Ora liya mung pasrah. Wengi kuwe barang sing paling pengaji wis dimamah dening Pak Anton. Nganti ora emut, keturon. Ngerti-ngerti wis parak esuk. Awake krasa adhem. Jebul awak sakojur tanpa awer-awer. Nglegena kaya bligo. Terus tangi reresik awak senadyan isih krasa lungkrah. Pak Anton isih turu. Arep minggat. Nggoleti kunci lawang ora ketemu.
Sorene Sulastri dijak mubeng kota Jakarta. Maeme nang restoran. Ora mung kuwe, malah ditukokaken sandhangan kon milih dhewek. Sing ora ngerti ya nganggep bojone. Metu mlebu mobil dibukakaken lawange. Ora ngertiya mung trima dadi wadon simpenan. Nganti olih seminggu urip nang Hotel. Senajan Anton lunga, Sulastri wis cumbu. Apa maning Anton kandha jere arep dinikah barang.Apa omonge Anton mleset satus wolung puluh drajat. Akhire dheweke malah dipasrahaken maring Bu Wasri sawijining germo klethekan. Kena diarani metu sekang kandhang baya, mlebu maring kandhang macan."Iki kamarmu ndhuk. Wis ngerti gaweyane ndhuk?" pitakone Bu Wasri.
"Dereng Bu." Lastri ethok-ethok ora ngerti."Kepenak kok ndhuk. Mung lumah-lumah olih upah. Tinimbang kerja nang sawah. Awak kesel dadi ireng kenang srengenge, upahemung pirang rupiah. Nang kene nek kowe pinter ngladeni tamune, kowe kebanjiran dhuwit. Nek Ibu mung trima sewane kamar lan enteke nggonmu maem." Kojahe Bu Wasri terus ninggalaken Sulastri.Sulastri ngebrukaken awake nang peturon. Kelingan amplop sing diwehi nang Pak Anton. Dijukut nang tase, Amplop dibukak. Bareng weruh isine, mripate Sulastri mlolo kamitenggengen. Seminggu ngladeni Pak Anton nek embret matun apa tandur mbok menawa nganti pirang-pirang wulanan.
Lumakuning dina terus mrambat miturut garising kodrat. Anggone nglakoni urip ngana kuwe wis krasan. Sing maune krasa ngajok kejlomprong, siki umbaring esem lan renyahing guyone, bisa nekakaken rejekine. Bener apa sing dikandhakaken Bu Wasri. Jebul priya kuwe bodhone kaya kebo. Mung dikaya nganakaken baen lomane ora karuwan. Sulasti mung nurut apa karepe. Arep cara apa diadhepi. Mula tamune padha marem.Wis pirang-pirang sore Sulastri bingung ngadhepi tamune sing nyalawadi. Lah wong teka nang warung ngonoan kok dijak "ngono" ra gelem. Malah nek ditari pamit lunga. Sing kaya ngana kuwe dadi pikirane Sulastri. Sepisanan teka mung kenalan. Dilendhoti kaya ora ngrewes, adhem ayem baen. Arep ditinggal eman ngganthenge. Pindho ping telu tekane mung andon medang. Jere nek wis nyawang dheweke atine w's tentrem njur pamit bali.
Wengi candhake, sawise gawe wedang klangenane, tangane terus diglandhang digawa mlebu kamare. Sulastri arep nanting apa karepe. Dipilalahi nolak langganane.
"Mas Di. Jane kersane primen sih? Nek wong penginyongan biasane mbokan cablaka. Njenengan deneng gawe bingungku Mas." pandheseke Lastri.
"Okh....perkarane mung merga kowe ki sedhaerah karo aku. Krungu critamu nggone kesasar ing panggonan iki aku dadi krasa ngawak. Ora rila. Mula yen kowe gelem leren, melu aku mangan ora mangan."Krungu jawaban mau. Sulastri bayune kaya dilolosi. Ing cipta ora mudheng. Isih ana manungsa sing duwe welas maring sepadha-padha. Apa maning Jakarta, buktine Anton lan Kang Karmo sing isih sedesa baen kolu ngedol awake. Apa dheweke Suhadi wantah apa sawijining Malaikat kang ngeja wantah?"Primen dhik Lastri kok meneng baen". Apa abot ninggal papan iki? Kepenak? Krungu jawaban mau, Sulastri ora bisa kumecap.
Malah ngglongsor ngrukebi sikile Suhadi. Karo nangis sesengrukan. Sidane wengi iku uga Sulastri pamit karo Bu Warsi. Kanthi pawadan arep dipet bojo dening Mas Suhadi. Bu Wasri ora bisa menging. Apa maning sing nggawa Lastri sawijining aparat. Bu Warsi wis paham maring aparat sing sok teka ing warung istimewane. Kanca-kancane sing dipamiti padha rerangkulan, tetangisan. Senadyan kala-kala sok padha rebutan bener. Yen dhong salah paham Sulastri trima ngalah. Mula liggare sekang warunge Bu Warsi rumangsa padha kelangan.
*Tekan asrama Sulastri dititipakan nang nggone Pak Jiman, pegawe sipil bageyan masak ya anak buahe Suhadi. Pak Jiman lan bojone atine melu trenyuh bareng dicritani apa anane Sulastri. Wong sakloron netrane dadi mata yuyunen. Sebanjure kon melu rewang-rewang bareng Pak Jiman. Sing jenenge sradhadhu bujangan, weruh cah wadon klimis, kaya tawon weruh kembang. Mula nggone Pak Jiman tamune remaja gilir gumanti. Kabeh nduweni karep padha, mikat Sulastri. Witing tresna jalaran saka kulina kuwe parikan sing lumrah ana jagading katresnan. Sing ketiban pulung Pratu Sutrisno. Lan wis dililani dening Kakang sinarawedi ya Mas Suhadi. Sebanjure dadi jatukramane.
Akhiring sasi September taun nem lima. Jakarta kinemulan mendhung angendanu. Geger anane kabar Dewan Jendral njongkeng kelanggahane Bung Karno. Sing bisa nylametaken jiwane Bung Karno jere Kolonel Untung. Wis sebenere wong Kol. Untung Komandan Yon I Kawal Kehormatan Resimen Cakrabirawa. Nanging kabar mau mung sakedheping netra. Jebule sing gawe ontran-ortran mau Partai Komunis Indonesia. Kol Untung minangka begundhale, mlesat ngirid balane se Kompi. Merjaya para Jendral antarane Jendral A. Yani, S. Parman lan liya-liyane ana nem. Siji Kapten Piere Tendean pengawale Jendral AH Nasution sing lolos saka wengise PKI. Sing dadi korban putra putrine Ade Irma Nasution. Ya sekang peristiwa mau Pasukan Cakrabirawa khusus TNI/AD Yon I melu dadi korban. Ana paribasan perek kebo gupak kecepretan. Sawise dianakaken penelitian utawa skrining, pungkasane sing ora ana tandha-tandha kelibat, dipindhah. Dipencar-pencar ana sing nang Aceh, Palembang, Kalimantan. Bojone Sulastri tiba neng Kalimantan, dene Kakange neng Aceh. Saploke kuwe sesambungane pedhot dhot. Lha wong bareng tekan kana isih dipencar-pencar, mbokmenawa isih ana rasa curiga.*
"Deneng nglamun Jeng. Ana wong mlebu kok dijorna baen." Swarane bojone sing nembe teka sekang BRI, gawe casset vidione buyar.
"Kiye Mas layang sekang Mas Suhadi teka.
"Ora sranta layang disaut. Terus diwaca. Senadyan tilas saradhadhu suprandene mripate kaca-kaca maca layang mau."
Alhamdulillah Jeng. Wis tekan titi mangsane. Cara lakon nang pakeliran wayang purwa wis ngancik gagat raina. Tinutup kanthi wecaning lakon pinanggih tata tentrem rahayu kang tinemu. Jane nek dhewek kit ganu ngerti asmane sepuhe, wis bisa ketemu ya Jeng. Jebul Mas Hadi senadyan pengarang cilik, ning karyane kadhang kala bisa nembus blabar kawate Redaksi Panjebar Semangat. Ing rubrik Sing Lucu, Alaming Lelembut, Urun rembug bab wayang kulit lan cercak. Sing mandan sering tah Sing Lucu. Primen sebanjure Jeng."
"Mbok dhewek wis kangen Mas. Ya ayo ngesuk diperlokaken sowan." Ujare Lastri wis ora sranta.
"Aku setuju ning aja ngesuk lah. Lebarane mbok wis kari pirang dina maning. Karodene bocah-bocah urung padha teka. Yen karo anak putu dadi semanger mbokan Jeng.
"Rencana sing wis mateng bisa kaleksanan. Liwat HP Sulastri ngabari Kakange, yen sowane Badan rong dinane. Lan pesen Mbakyune ora susah repot-repot masak. Pokoke tekane wis sangu pangan secukupe. Mula wiwit awan wong saomah padha rerigen gotong royong. Sulastri karo anake wadon masak-masak. Sing lanang ngresiki Angdese mbok nganti mogok nang dalan. Lumayan nggo sangu pensiun Sutrisno melu kridit Angdes olih telu. Pokoke holopis kuntul baris. Gotong royong kudu diwiwiti sekang keluwarga. Ana bat repot disangga bebarengan. Sumrambah neng lingkungan jembare tekan saindenging Nuswantara. Mahanani urip ayem tentrem, adoh saka laku gendhak sikara. Sapa sira sapa ingsun, asu gede menang kerahe. Gawe papan cintrakaning liyan. Ana perkara dirembug. Ora banjur dolanen BOM ing sadhengah papan. Wong sing ora ngerti apa-apa melu nandhang sengsara, nganti ana sing nemahi pralaya. Mbok padha eling lha wong Pamane Kanjeng Nabi SAW baen tumekaning mati ya ora gelem Iman. Tur langsung dingendikani Nabi SAW. Kaya dhewek kiye mbok wis patbelas abad, sing mun ngerti Kanjeng Nabi ana ing Al Qur'an. Yen tresna Nabi SAW, mesthine ora kudu nganggo kekejeman. Bangsa Indonesia sing kewentar ramah, siki diregedi dening teror Bom, Ketone dadi bangsa sing bringas, ora ngerti marang pri kamanungsan.Sing arep kedhayohan uga padha rerigen. Ora ketang mung gawe wedang. Dina keng diarep-arep wis tekan. Badan rong dinane. Ing omahe Suhadi wis katon regeng. Wong nunggu kuwe, pancen mboseni. Nunggu adhi sinarawedi kang wis patang dasa warsa ora ketemu, kaya dene wong nunggu tekane besan. Hp-ne terus moni. Lakune rombongan tamu terus dipandu liwat HP. Mobil angdes mlebu plataran. Sing methuk pating brubul. Semana uga tamune kaya laron metu sekang lenge. Sulastri ora sabar mbradhat nggapyuk ngrangkul Kakange. Rasa kangen kababar kanthi suka pari suka ketemuning Kakang karo adhi sinarawedi, dalah anak putu. [cerkakblogspot]
~~maztrie~~
Creative Commons License