Pasa ing tradhisi lan agama | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Pasa ing tradhisi lan agama Reviewed by maztrie on 5:45 AM Rating: 4,5

Pasa ing tradhisi lan agama

Sawijining nom-noman sing jenenge Nurkholis, warga tlatah Baron, Laweyan, Solo, sing makarya minangka tukang batu nalika ditakoni babagan solat, dheweke aweh pawangsulan yen sasuwene iki pancen durung bisa nindakake solat limang wektu kanthi ajeg. Isih akeh sing lirwa, tembunge liya isih akeh sing bolong. Apa ora rumangsa dosa, jer jatidhirine kaya sing bisa kawaca ing Kartu Tanda Penduduk (KTP) duweke cetha nyebut menawa dheweke wong sing ngrasuk agama Islam? Mangsuli pitakonan iki, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Setu (29/8) kapungkur, dheweke ngandharake yen bab rasa ora kepenak genah cetha ana. “Nanging aku percaya lamun Gusti Allah kuwi Maha Asih, Maha Murah lan tansah ngesok rasa tresna lan sihe marang sapa wae. Ing kahananku saiki, bares wae aku isih duwe pangarep-arep sing kandel banget ing telenging atiku menawa samengkone yen wus temukane janjiku, aku nyuwun marang Gusti Allah supaya kagolongake manungsa sing lumebu swarga,” pratelane Kholis.
Nalika luwih didhedhes maneh, nom-noman sing asale saka Salatiga iki nelakake yen saiki dheweke wus akeh lali marang sakehing wacan wajib ing ibadah solat. Nalika nindakake solat, tansah rumangsa ana sing kurang, jalaran akeh wacan sing lali kuwi mau. Hamula dheweke ing titi wanci pungkasan iki luwih akeh nindakake solat kanthi cara jamaah, kuwi wae ora saben wektu solat bisa, jalaran kudu makarya sing papane tansah alihan, manut anane proyek. Nalika ngancik tumekane sasi Pasa, sawetara dina kapungkur, nom-noman sing wus patutan siji, wadon umur limang taun iki, uga melu-melu nyumadhiyakake dhirine kanggo mapag tekane sasi Pasa.
Sedina sadurunge lumebu sasi Pasa, dheweke melu padusan sing ancase kanggo sesuci lair lan batine. Ing pangajab bisa kepenak anggone nglakoni ibadah pasa. Saliyane kuwi, dheweke uga jiyarah ing pasareyan leluhure, lumrah sinebut tradhisi nyadran. Sawetara wong sing ngudi panguripan kanthi ngulandara ing papan sing adoh saka papan asale, adoh saka papan klairane, nalika nyedhaki sasi Pasa nglodhangake wektu kanggo mulih.
Tradhisi mangkene iki isih gampang tinemu ing tlatah Kecamatan Cepogo, Boyolali, salah sijine ing tlatah Desa Tumang. Mulihe warga sing ngulandara kuwi kanggo ngleluri tradhisi nyadran sing digandhengake karo tradhisi apura ingapuran sedina sadurunge lumebu sasi Pasa. Miturut Wiyonodiharjo, salah siji warga Tumang, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Jemuah (28/8), tumrap dheweke, tradhisi apura ingapuran ing sedina sadurunge lumebu sasi Pasa dadi kalodhangan mirunggan kanggo reresik jiwa, nyucekake jiwa. Kanthi apura ingapuran kaajab nalika nindakake ibadah pasa wus ora ana ganjelan ing ati, ing rasa pangrasa, jalaran isih ana perkara sing durung rampung kalawan wong liya.
Urip mulya Pasa ing sasi Pasa tumrap wong Jawa, mligine ing tlatah Tumang, miturut Wiyono, mujudake laku kang asipat mligi jalaran sasi Pasa kuwi ing petungan taun Jawa lan taun Islam pinitaya minangka sasi sing mbarokahi. Sasi Pasa kudu diisi kanthi laku batin kang asipat ngurang-ngurangi sakabehe, mligine ngurangi mangan, ngombe lan turu.
“Tumrap wong Jawa sing wus temen-temen ngrasuk agama Islam, sasi Pasa kuwi werdine ya minangka sasi sing minulya banget, mbarokahi, jumbuh wulang ing Alquran kaya sing diandharake dening Kangjeng Nabi Muhammad SAW,” pratelane KP Widijatno Sontodipuro, pamerdi budaya Jawa kang uga abdi dalem Pura Mangkunagaran lan Karaton Kasunanan Surakarta. Nanging isih akeh uga wong Jawa sing jatidhiri Islame isih kawungkus ing tradhisi asumber budaya Jawa kang titikane gampang, yaiku durung merdekake wulang agama Islam kanthi temen-temen ing urip padinane. Lan tumrap wong Jawa sing mangkene iki, sasi Pasa uga tetep didunungake minangka sasi sing mbarokahi, sasi ing mligi tumrap upaya nggayuh urip mulya ing donya lan akirat, kayadene wulang Islam ndunungake sasi Pasa.
Hamula, tumrap wong Jawa sing mangkene iki tetep wae ora beda kalawan wong Jawa-Islam nalika mapag tekani sasi Pasa. Kabeh uga padha-padha nyumadhiyakake dhiri kanggo nyantosakake tekad lan niyat murih bisa nglakoni pasa suwene sesasi nutug. Lan yen ta kanyatane ora bisa nglakoni pasa sesasi nutug, sakbisa-bisa aja kawruhan dening liyan. “Yen nitik pengalaman pasa ing taun-taun kapungkur, bares wae kerep ora bisa nutug. Akeh bolonge. Nanging sakbisa-bisa takjaga murih sisihanku, anak lan kulawarga liyane ora weruh yan aku ora pasa. Apamaneh tumrap anak lan bocah-bocah, sakbisa-bisa ya aja nuduhake yen ora pasa, ora becik. Bocah-bocah kudu diwulang yen pasa ing sasi Pasa kuwi sakbisa-bisa kudu dilakoni,” piterange Nurkholis. [solopos]