SEJATINING RATU | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
SEJATINING RATU Reviewed by maztrie on 6:06 PM Rating: 4,5

SEJATINING RATU

Nalika anget-angetipun reformasi, tiyang sanegari sami opyak sawega mahargya badhe timbulipun satriya piningit ingkang sembada jumeneng minangka sang Ratu Adil. Sadaya sami opyak bilih sampun jeleh menangi jaman ingkang kebak kadursilan. Sampun jeleh ngonangi para pangarsa, para pamong, ingkang korupsi. Sami gumolong badhe mbabati tradhisi kolusi lan nepotisme.
Ewa semanten, dumugi sepriki, ngantos gantos presidhen kaping sekawan sapurnanipun Suharto, tetela timbulipun ratu adil namung kandheg ing gegadhangan. Tetela, pokal korupsi menika sampun mbalung-sungsum ing pribadinipun bangsa, boten ngemungaken para pangarsa.
Ing pundi jejegipun adil? Menika saestu pitakenan ingkang kedah winangsulan tumrapipun negari ingkang nggadhahi adeg-adeg ukum. Nanging, sinten ingkang nggadhahi kuwajiban mangsuli? Menapa cekap dening para hakim, para jaksa, lan para sarjana hukum? Kamangka samenika sampun kawiyak. Jebul para ingkang sami putus ing kawruh ukum malah pindhanipun “gajah ngidak rapah”. Lajeng, menapa pitakenan bab jejeging adil kala wau kedah kawangsulan dening para wakil rakyat? Sajakipun kok inggih boten. Kanyata, kepara langkung kathah kadursilan ingkang asalipun saking gedhung DPR.
Mbokmenawi bab jejeging adil menika namung kedah winangsulan dening rakyat. Lan, cekap winangsulan kemawon, tanpa prelu dipunwujudaken. Sebab, samenika rakyat ugi sampun ketularan pokalipun para pangarsa. Kekalihipun sami dene kecalan keblat.
Ing ngriki, prayoginipun, para pangarsa, para ingkang dados panguwaos, purun nyemak pituturipun para luhur menggah dunungipun adil. Salah setunggalipun, inggih ingkang kacetha ing serat Wulangreh yasanipun Paku Buwana IV. Ing pupuh Maskumambang, pada kaping sangalikur (29) kaserat: /ratu yekti tan darbe kadang myang siwi/ sanak prasanakan/ tanapi garwa kakasih/ amung bener adil priksa.
Saking sapada Maskumambang menika, sampun saged winangsulan, ing pundi dunungipun ukum ingkang adil tumrapipun para pangarsa/panguwaos. Kacetha, ratu ingkang sayektos menika inggih pangarsa/panguwaos ingkang nebihi watak “emban cindhe-emban siladan”. Tegesipun, sinaosa kaleres semahipun piyambak, anakipun pribadi, menapa dene sedherek lan kadang sinorohwadi, menawi kacihna nerak pranatanipun ukum, inggih kedah ginanjar pidana ingkang trep. Kepara, inggih kedah nglenggana ing kalepatanipun piyambak lan sawega nampi pidana menawi piyambakipun tetela sampun nerak angger-angger.
Iba endahipun swasana negari, menawi sadaya warganipun purun nglenggahaken pribadinipun piyambak-piyambak minangka “ratu”. Inggih ratunipun dhiri pribadi ingkang sembada njejegaken leres lan adil ing sedaya tumindakipun piyambak. [HARIANJOGJA]