TUNTUNAN ING JANTURAN JEJER PISAN | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
TUNTUNAN ING JANTURAN JEJER PISAN Reviewed by maztrie on 6:01 PM Rating: 4,5

TUNTUNAN ING JANTURAN JEJER PISAN



Kala rumiyin, saben ningali pagelaran ringgit purwa, kula asring cingak mirengaken isinipun janturan ing jejer pisan. Negari pundi kemawon ingkang dados papanipun jejer (babak) sepisan, tansah dipun-unggulaken minangka negari ingkang kawentar. Saindhenging jagat kados sampun sami pitados bilih negari ingkang kajantur menika tetela sarwi sae kawontenanipun. Gemah-ripah loh-jinawi tata-tentrem karta-raharja.
Sinten kemawon ingkang nglenggahi dhampar keprabon, madeg dados narendra, tansah dipun-alembana minangka ratu ingkang agung-binathara anyakrawati-ambahudhendha, sekti mandraguna, ber budi bawa-leksana, lan adil-paramarta.
Negari Dwarawati lan Prabu Kresna dipunjantur kados mekaten. Negari Ngamarta lan Prabu Puntadewa dipunjantur kados mekaten. Negari Mandura lan Prabu Baladewa ugi dipunjantur mekaten. Negari Ngastina lan Prabu Suyudana inggih kajantur sami. Boten aneh menawi lajeng tuwuh pitakenan, kok sami kemawon?; kok boten wonten bedanipun?; pundi ingkang awon?; lan sapanunggalanipun.
Nanging, dangu-dangu, sareng srawung tansaya raket kaliyan kabudayan ing bebrayan Jawi, kula lajeng ajar wantun nggagapi. Mbokmenawi mila dipunseja kados mekaten. Mbokbilih inggih janturan jejer pisan menika salah-satunggalipun peranganing tuntunan ing salebetipun tontonan ringgit purwa.
Andharan menggah kawontenanipun negari ingkang loh-jinawi menika dados panjurung dhumateng para pamriksa (kadang tani) supados saya sengkut anggenipun ngupakara sabin lan pategilan saengga kacekapan boga. Panyandra tumrap ayem-tentrem lan makmuripun kawula menika dados pambombong supados para pamriksa (warganing bebrayan) purun mbudidaya amrih kawontenanipun bebrayan ingkang ginadhang boten namung pijer dados impen, nanging saestu winujud. Paprincen menggah kapribadenipun para panguwaos ingkang kebak kautamen menika suka pemut dhumateng para kawula supados saged leres milih pangarsa, lan supados para pangembating paprentahan tansah ngener margi ingkang utami, migatosaken nasibipun kawula. Mbokmenawi saged dipuntegesi kados mekaten, sinaosa menika namung pamanggih cekak saking kula pribadi.
Kula langkung remen mastani wosipun janturan jejer pisan ing pagelaran ringgit purwa menika minangka “ceplosing gegadhangan mulya”; “liding panyuwunan suci”.
Ringgit purwa saestu tontonan ingkang ngemu tuntunan utami. Ing purwakanipun pagelaran, para pamriksa sampun sinegah rerangkening ukara endah ingkang boten beneh kados dene pandonga, minangka terapi psikis, dados sugesti, ingkang saged kangge srana menggah beciking pakarti. [HARIANJOGJA]