Wong Jawa ngudi urip lestari | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Wong Jawa ngudi urip lestari Reviewed by maztrie on 7:31 AM Rating: 4,5

Wong Jawa ngudi urip lestari

Wong Jawa tansah ngajeni lan ngurmati urip lan panguripan ing alam donya. Kabeh titah urip ing alam donya diajeni dening wong Jawa, apamaneh manungsa minangka titah sing dhuwur dhewe drajate. Tumrap wong Jawa, kepriye anggone ngajeni lan ngurmati liyan (padha-padha manungsa) bisa kapirid saka unen-unen karyenak tyasing sasami. KRT Soemarso Pontjo Soetjitro, abdi dalem Pura Mangkunagaran, nalika medhar andharan ing sawijining wicarana ing Balai Soedjatmoko Solo, sawetara dina kapungkur, nelakake, rasa ngajeni lan rasa urmate wong Jawa marang kabeh titah urip ing alam donya kuwi mrentul saka budayane wong Jawa sing asipat religius.
Jiwa religius kuwi nyrambah ing kabeh perangan uripe wong Jawa. Kepriye wong Jawa mindeng uripe, miturut Pangarsa Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS Solo, Imam Sutardjo, bisa didhudhah saka kasusastran Jawa. Kasusastran Jawa ngemot sakehing perkara lan bab kang gegayutan karo urip lan panguripane manungsa. Serat Wedhatama, Wulangreh, Wulang Sunu, Wirid Hidayat Jati, Sasangka Jati, Serat Dewa Ruci lan liya-liyane ngemot piwulang babagan kepriye kudune manungsa urip ing alam donya. Uripe wong Jawa ora mung cukup makarya, nyambut gawe ngudi panguripan, mangan lan ngaso, nanging kudu ngudi kasampurnan, ngudi urip kang lestari. Ing urip padinane wong Jawa, ana tetembungan kanggo sapa aruh kang ngemot surasa tapsiran religius lan laku uripe wong Jawa kang tansah ngudi kasampurnan, ngudi urip kang lestari. Tetembungan kanggo sapa aruh kuwi karingkes ing tembung ”sugeng” utawa ”slamet”. Ing sawetara tlatah karang pradesan ing sakiwa tengene Kutha Solo, uga ing tlatah pinggiran Yogyakarta, tembung ”sugeng” kuwi isih dadi perangan baku ing tatakrama sapa aruh. Kuswijayanto, sawijining nom-noman warga tlatah Kecamatan Cangkringan, Sleman, Yogyakarta, dina Minggu (16/8) kapungkur, nalika mara dhayoh ing omahe Imunarjo, isih kapetung simbahe, diacarani kanthi tembung,”Saka ngendi iki mau, tekamu mrene rak ya slamet kabeh ta?”.
Jejere sing luwih enom, Kuswijayanto mangsuli,” Inggih, Mbah, saking pangestunipun, sedaya sami sugeng”. Ukara sing ditelakake dening sing luwih tuwa ngemot surasa pandonga murih kabeh kulawargane sing mara dhayoh kuwi tansah kalinton karahayon, slamet uripe, kalis saka sakehing reridhu. Suwalike, wangsulane sing luwih enom marang sing luwih tuwa ngemot surasa panuwun dene tansah didongakake murih uripe slamet. Lan ing rasa panuwun kuwi uga kaemot donga murih sing luwih tuwa uga tansah kalinton slamet, sugeng, rahayu, kalis saka maneka reridhu. Kahanan alam papan uripe wong Jawa wiwit jaman biyen tansah diwernani alangan, reribed, kasusahan lan bebaya kang wujude ama tanduran, banjir, lemah jugrug, lindhu, gunung njeblug lan sapiturute. Kahanan alam kang ora tansah nyenengake lan nentremake kuwi dadi kanyatan kang ora bisa diselaki ing uripe wong Jawa. Hamula, wong Jawa banjur tansah ngudi murih bisa kalis saka alangan, reribed, kasusahan lan bebaya kasebut. Kahanan sugeng utawa slamet dadi gegayuhan uripe wong Jawa. Kahanan sugeng utawa slamet banjur dadi titikan tumrap kasil orane uripe wong Jawa.
Werdine sugeng lan slamet kuwi kaudi kanthi cara luwih nengenake laku batin, luwih nengenake rasa tentrem ing batin. Miturut Soemarso, kanthi tentreming batin bakal lair sikep wicaksana sing dadi ubarampe baku kanggo nggayuh kahanan sugeng utawa slamet kuwi mau. Kanthi mangkono, miturut andharane Suryo Pugiarto, ing bukune asesirah Sugeng, werdine sugeng utawa slamet kuwi ora mung wates ”golek slamet”. Werdine sugeng ngemot pangerten asipat vertikal, mandhuwur, yakuwi tumungkule manungsa marang Gusti Allah Sing Gawe Urip lan pangerten asipat horisontal, tumrap sapadha-padha, yakuwi pandonga slamet. Werdine sugeng kang asipat mandhuwur kuwi ora uwal saka sikep uripe wong Jawa kang tansah ngugemi pangerten lamun wong urip ing alam donya kuwi mung sadrema nglakoni. Sadrema nglakoni ateges kudu manut marang apa sing wus ditemtokake dening Sing Maha Kuwasa. Lan werdine sugeng kang asipat nyrambah sapadha-padha, utawa asipat horisontal ora uwal saka sikep uripe wong Jawa sing tansah ngudi karyenak tyasing sasama, tansah ngudi sugenge bebrayang agung kanthi sikep lan tumindak bebarengan. [solopost]