Alon-alon Waton Klakon | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Alon-alon Waton Klakon Reviewed by maztrie on 5:24 PM Rating: 4,5

Alon-alon Waton Klakon

Gesangipun manungsa ing alam donya menika tansah kinupeng maneka-warna kawontenan ingkang kedah kadhadha, jalaran sampun ginaris dening sang Murbeng Jagat. Inggih kanthi sebab menika, manungsa minangka titahing Gusti, tamtu kemawon kedah ngulir budi lelandhesan lantiping nalar (logika) lan landheping manah (rasa) kangge srana nggayuh karahayon ing salebetipun miyak sambekalaning kawontenan.
Pambudidaya ingkang boten ngemungaken tuwuh saking kridhaning pikir, nanging ugi sinartan weningipun manah menika tamtu kemawon badhe mijilaken kawicaksanan.
Ing sadhengah papan, ing wekdal samenika, lampahing bebrayan agung giniring dening ombyaking jaman, tumuju dhateng kawontenan ingkang katelah global. Ing ngriki masyarakat kacihna kathah ingkang bingung dening wontenipun istilah modern lan tradisi. Sami pakewuh anggenipun badhe negesi.
Tundhonipun, tetela kathah pakarti ingkang tuwuh namung kanthi pawitan “rubuh-rubuh gedhang”. Anggenipun tumindak ing salebetipun bebrayan boten beneh kados dene “belo melu seton”. Babar-pisan kecalan keblat. Saengga wontenipun namung anut grubyuk, pamrihipun sinebat tiyang ingkang modern, ngenut jaman globalisasi.

Bebrayan ing salebetipun kabudayan Jawi jebul inggih boten katilapan. Emanipun malih, nalika kedah menangi jaman ingkang bundhet kados bolah ruwet ing wekdal samenika, jebul inggih kathah ingkang sami boten “mulih” dhateng kawicaksanan (local wisdom) ingkang sampun nungkul lan wungkul ing kabudayan Jawi. Para anem mligipun, kepara malah sami dene “kelangan lacak”, boten tepung kaliyan konsep kapribaden yasanipun para luhung ing tanah Jawi.
Sinaosa kabudayan menika mila boten asipat langgeng, nanging boten kedah lajeng binucal nalika sinengguh “gapuk”. Sinten ngertos, jebul namung tiyangipun ingkang dereng wanuh lan dereng dunung teges lan ginanipun.
Saged kangge tuladha, unen-unen “alon-alon waton klakon” menika dinakwa minangka pangilon tumrap kapribaden Jawi ingkang kesed lan pasif. Saengga ngantos wonten tiyang ingkang lajeng damel unen-unen tandhingan, “cekat-ceket waton slamet”.
Jebul sinengguh wosing kawicaksanan menika mapan ing tembung ‘alon-alon’-ipun. Mangka menawi sami purun njingglengi pitutur-pituturipun para linuhung ing serat-serat kapustakan Jawi, saestu pakarti “awas” lan “eling” ingkang kedah kinanthi minangka srana nggayuh rahayu. Ceplosipun, tembung ‘alon-alon’ menika ngemu suraos tumindak ingkang sinartan kebaking pangatos-atos, sarwi deduga, reringa, watara, lan prayoga; boten grusa-grusu; tansah mawi petangan. Boten ngemungaken ngugung ‘klakon’ (asil), nanging ugi migatosaken pratitising laku. Ing ngriku, tembenipun tamtu manggih rahayuning jiwa lan raga. Boten namung ngupadi marem, sebab ingkang kedah langkung rumiyin dipun-gayuh menika raos tentrem.
Sumangga anggenipun sami badhe ananggapi: “alon-alon waton klakon” ingkang dipuntegesi pakarti kesed, pasif, pasrah-nrima tanpa daya, menapa “alon-alon waton klakon” ingkang ngemu suraos pakarti awas lan eling. Menika namung dhapur pamanggih ingkang tuwuh saking raos “melu handarbeni” dhateng edi-endahing kabudayan Jawi ingkang kebak tulusing kawicaksanan.[HarianJogja]