Bakda kupat wulang sembah papat | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Bakda kupat wulang sembah papat Reviewed by maztrie on 2:04 AM Rating: 4,5

Bakda kupat wulang sembah papat

Tumrap wong Jawa, laku spiritual sing ana gayutane karo ibadah pasa ing sasi Pasa kapetung dawa. Kawiwitan nyadran ing sasi Ruwah nganti kupatan utawa bakda kupat ing sasi Sawal.
Miturut gotheking wong akeh, tradhisi nyedhiyakake panganan kupat, panganan saka beras sing diwungkus janur lan ngathik persagi papat, kuwi wus lumebu ing tanah Jawa adoh sadurunge bebrayan agung Jawa tepung lan wusana nampa agama Islam.

Miturut Pangarsa Komite Museum Radyapustaka kang uga pamerdi budaya Jawa, Winarso Kalinggo, dina Slasa (29/9), kawitane bakda kupat utawa kupatan kuwi mujudake tradhisi kanggo sesaji mring arwah bocah. Miturut kapitayane wong Jawa jaman biyen, arwah bocah bakal bali ing omahe wong tuwane. Hamula sing ana ing omah kasebut wajib mahargya tekane. Sabanjure, dening Sunan Kalijaga, miturut gotheking wong akeh, tradhisi kupatan kuwi mau diowahi kanggo nyengkuyung dhakwah Islam. Wusana, tumrap wong Jawa (Islam) banjur ana rong dina bakda, yakuwi bakda Ariyadi ing tanggal 1 Sawal lan bakda kupat ing dina seminggu sawise dina bakda Ariyadi.

Wusana, bakda kupat iki dadi perangane pahargyan bakda Ariyadi. Gayutane, sawise sesasi nutug nglakoni ibadah pasa ing sasi Pasa, wong Jawa (Islam) rumangsa bakal bali ing kahanan fitrah, yakuwi kahanan suci, ing dina bakda Ariyadi tanggal 1 Sawal. Sawise kuwi, wong Jawa (Islam) mbacutake ibadah pasane kanthi pasa nenem dina ing sasi Sawal. Laku pasa nenem dina iki dipungkasai ing dina bakda kupat, seminggu sawise dina bakda Ariyadi.


Regeng Tradhisi bakda kupat isih dileluri dening saperangan warga bebrayan Jawa. Ing tlatah Lamongan, Jawa Timur, dina bakda kupat dadi pahargyan sing ora kalah regenge kalawan dina bakda Ariyadi. Miturut Anas Asyhari, warga Lamongan kutha, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Slasa (22/9), ing dina bakda kupat kuwi akeh digelar acara kagunan ing papan-papan pariwisata.
Dene ing omahe warga sing isih ngugemi tradhisi iki mesthi cumepak suguhan kupat saklawuhane, kayadene opor pitik lan sambel goreng ati kanggo nyepaki dhayoh sing bakal padha teka, kayedene tradhisi ujung ing dina bakda Ariyadi.

Jumbuh budaya uripe wong Jawa sing kebak pasemon lan pralambang, bakda kupat uga ngamot wulang luhur gegayutan kuwajibane manungsa murih tansah ngudi urip lan panguripan sing luwih becik.
Nam-naman janur sing dadi kupat dadi gegambaran uripe manungsa sing ora kalis saka luput lan salah. Werna putih nalika kupat disigar nggambarake resik lan sucining ati sawise ngakoni lepat (luput) lan diapura.

Saperangan warga ing tlatah Kutha Semarang, Solo lan Ngayakarta uga akeh sing ngleluri tradhisi bakda kupat iki. Malah ing tlatah Semarang Utara, miturut katrangane Dewi Kartikasari, Arif lan Subagyo, kabeh warga Kutha Semarang, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Setu (26/9), ing kalodhangan ngaso sinambi lungguhan ing city walk sakidule Ratan Slamet Riyadi Solo, isih ana saperangan warga sing ngadani acara kupatan sing mapan ing musola utawa mesjid.
”Tradhisi Jawa itu pancen sugih pralambang lan sanepan. Ing bakda kupat ana pralambang ngakoni kabeh lupute utawa lepatipun. Lonthong ngemu sanepan ala-ala dadi kothong, kabeh sing ala dadi ilang lan bali resik maneh,” Winarso ngandharake.

Wujud kupat sing persagi papat uga ngamot wulang babagan laku utama kanggo nggayuh kamulyan. Laku utama kuwi kaperang dadi patang tataran sing karan sembah papat. Wulang iki warisane KGPAA Mangkunagara IV lan kamot ing Serat Wedhatama. Sembah papat kuwi, sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa lan sembah rasa. Pralambang lan sanepan sing kakandhut ing bakda kupat salaras temen kalawan wulang sembah papat iki. Tradhisi bakda kupat ngamot pralambang laku kanggo nuju kautaman, ora mung utama ing tumindak lan wicara ing urip padinan, nanging sing luwih utama ora liya kautaman jiwa lan kapribaden.

Sembah papat warisane KGPAA Mangkunagara IV uga nuju marang kautaman jiwa lan raga. Wulang sembah raga kamot ing tembang sembah raga puniku / pakartining wong amagang laku / sesucine asarana saking warih / kang wus lumrah limang wektu / wantu wataking wawaton. Sembah cipta kamot ing tembang samengko sembah kalbu/ yen lumintu uga dadi laku/ laku agung kang kagungan narapati/ patitis teteking kawruh/ meruhi marang kang momong. Wulang sembah jiwa kamot ing tembang sayekti luwih perlu/ ingaranan pepuntoning laku/ kalakuan kang tumrap bangsaning batin/ sucine lan awas emut/ mring alaming lama amota. Lan wulang sembah rasa kamot ing tembang samengko ingsun tutur/ gantya sembah ingkang kaping catur/ sembah rasa karasa wosing dumadi/ dadi wus tanpa tuduh/ mung kalawan kasing batos. [pakdhedar]