Ber Budi | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ber Budi Reviewed by maztrie on 2:00 AM Rating: 4,5

Ber Budi

BER budi iku tegese loma utawa dhemen weweh. Ber iku mbokmenawa cekakan ing tembung ”luber”. Ber budi iku bebudene becik, tansah ngluberake dana kanggo wong liya sing mbutuhake. Sifat ber budi iku sering digandhengake karo sifat bawaleksana dadi ber budi bawaleksana. Saliyane loma, ratu utawa pemimpin iku kudu netepi janji utawa pangandikane. Bab sifat ber budi bawaleksana mau kapratelakake ing suluking ki dhalang kaya ing ngisor iki.
Dene utamaning nata
ber budi bawaleksana
lire ber budi mangkana
lila legawa ing driya
agung denya paring dana
anggeganjar saben dina
lire kang bawaleksana
anetepi pangandika
Dadi, sifat utama kang perlu didarbeki dening sadhengah pemimpin yaiku loma lan netepi janji. Satemene sifat mau ora ngemungake kanggo ratu utawa pemimpin. Saben uwong perlu nduweni sifat seneng weweh, mesthi bae ya saukurkaro kahanane dhewe-dhewe. Ing agama Islam ana kewajiban mbayar zakat sing sabanjure bisa didum warata kanggo fakir miskin.
Ber budi iku nuduhake anane solidaritas sosial, ketergantungan, lan rasa tresna marang sapadha-padha. Sing luwih utawa sing kecukupan, ngluberake kaskayane marang sing kekurangan. Kanthi mangkono kesejahteraane masyarakat ora banget-banget njomplange. Sing sugih padha keceh bandha, dene sing kesrakat ora ngerti sesuk apa sing dipangan.
Anane pembagian sembako, anane pasar murah, iku ya wis mujudake pitulungan tumrap warganing masyarakat kang kecingkrangan. Ya mung rehne cara pembagiane kurang premati, sok ana kedadeyan sing nambah kasangsaraning sawenehing wong sing ngantri sembako mau. Saliyane iku, pembagian sembako, kayadene pembagian BLT, sifate mung sawetara, ora bisa kanggo ndandani panguripane rakyat sateruse, malah nuwuhake sikap ”njagakake” nuwuhake ”ketergantungan” marang anane pembagian-pembagian mau. Pembagian-pembagian mau pancen mung menehi ”iwak” ora menehi ”pancing”. Prekara iki pancen angel banget olehe arep ngrangkani.
Sifat loma utawa dermawan iku perlu didarbeki dening para pengusaha, para konglomerat, pedagang sugih, para pejabat sing penghasilane gedhe. Keklumpukaning dana saka pihak-pihak sing bisa ngurangi jumlah pengangguran.
Emane ing sawenehing daerah anggaran bantuan sosial (bansos) malah padha dikorupsi. Ngorupsi dhuwit bansos iku wis kebangeten, kok kolu-kolune mangan dhuwit kanggo rakyat miskin utawa kanggo sing nemoni bencana.
Ber budi iku tuwuh saka rasa tresna marang sapadha-padha, solidaritas sosial lan kegotongroyongan. Gotong royong sing ing masyarakat moderen iku saya luntur, perlu diuri-uri, mangkono uga sifat ber budi bawalaksana. [suaramerdeka]